Sebutna apa kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan

Ayo maca geguritan!

Maca geguritan iku satemene duwe tujuan supaya wong liya bisa ngrungokake kanthi  ati sing tenang.  Kanthi mangkono wong kang ngrungokake bisa ngrasakake lan ngreti isine  geguritan kasebut. Mula, sapa wae sing arep maca geguritan becike bisa ngrasakake lan  ngreti isine geguritan luwih dhisik.

Manawa maca geguritan tanpa ngerti isine,  anggone  maca bakal ora penak dirungokake, ora penak dirasakake, lan ora cetha sing dikarepake. Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lan patrape dhewe.dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya, awit yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa katon kaku lan ora wajar

Maca geguritan kudu dibarengi kanthi rasa pangrasa utawa penjiwaan. Urut-urutane yaiku1. Diwaca ing batin dhisik.2. Dimangerteni tetembungane lan digoleki tegese tembung-tembung kang angel3. Dimangerteni lan dipahami isining geguritan4. Diwenehi tandha endi kang kudu diwaca cendhak, dawa, utawa kang kudu diwaca seru lan alon, dhuwur utawa cendhek

5. Sawise paham lan gamblang lagi diwaca kanthi “ekspresi” kang cocog

Selasa, 25 Agustus 2015 Edit

Bagi teman-teman yang sedang mencari pengertian pawarta dalam bahasa jawa dapat menyimak uraian singkat di bawah ini. Pawarta merupakan sebuah arti kata dari berita dalam bahasa jawa. Sama halnya dengan berita pawarta memiliki tujuan mengabarkan/ memberitahukan/ menceritakan tentang sebuah kejadian/ peristiwa yang terjadi. Adapun pengertian pawarta dalam bahasa jawa dapat kita simpulkan sebagi berikut:


Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh. Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:

Bentuk cetak

Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

Liwat Internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.

Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Unsur Pawarta

Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan = Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati. Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H. Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.

Demikian sekilas pengertian pawarta dalam bahasa jawa serta apa saja unsur pawarta yang wajib ada di dalam sebuah berita. Semoga sajian pawarta basa jawa dalam situs ini dapat mewakili sebuah berita basa jawa yang menarik, faktual, dan aktual.

1. Struktur teks laporan kegiatan sing runtut yaiku....A. pambuka,panutup, isinyaB. pambuka lan isiC. pambuka, isi, panutup


2. Paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku....

A. runtut manut struktureB. tulisane kudu benerC. nganggo basa kang endah

D. dilampiri data lan foto

3. Laporan kegiatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiatan wis dileksanakake. Kejaba kuwi laporan kegiatan katulis kanggo....A. dokumen pribadi para siswaB. dokumen kanggo sekolahC. pertanggungjawaban

4. Jeneng kegiatan, wektu, rantaman acara, kalebu perangan saka struktur teks pelapuran sing diarani...A. purwakaB. panutupC. isi


5. Ngandharake menawa acara wis kaleksanan lan pangajab saka diadhakake kegiyatan kalebu perangan saka struktur teks pelapuran sing diarani....

A. panutupB. isiC. dudutan

6. Jam pira budhalmu sekolah?Ukara kasebut kalebu ukara....A. caritaB. andharanC. pitakon

7. Ukara kang ngandharake sawijining kedadeyan utawa perkara marang wong sing diajak guneman diarani ukara...A. pakonB. camboranC. pitakon


8. Ing tlatah Malang kaloka papan wisata sing edi peni. 

Ukara kasebut kalebu ukara....A. andharanB. camboranC. pitakon

9. Laporan kegiatan digawe .... nindakake kegiyatan.A. sadurungeB. nalikaC. sawise

10. Gatekna ukara iki!1] Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 april 2015.2] Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil.3] Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar.

4] Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisangumpukake data tinggalan sejarah.

Ukara kang trep kanggo bageyan pambuka laporan kegiatan yaiku ukara nomer....A. 1 dan 2B. 3 dan 4C. 1 dan 3

11. Ukara kang cocog kanggo bageyan panutup ing teks laporan kegiatan yaiku....A. Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135.B. Karya wisata wis kaleksanan kanthi lancar.C. Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 Maret 2015.

D. Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang.

12. Gatekna cengkorongan laporan kegiatan MOS ing ngisor iki!Jeneng kegiyatan :Dhasare panemu :Ancas kegiyatan :Isi kegiyatan :Panutup :Ukara kang trep kanggo ngembangake perangan dhasare panemu yaiku….

A. Masa Orientasi Siswa utawa biasa diarani MOS minangka sawijining kegiyatan kang umum diadhakake ing sekolah kanggo nampa tekane siswa anyar.

B. Nepungake para siswa marang sakabehe piranti [komponen] sekolah kayata norma, aturan. budaya, tata tertib lan sapiturute.

C. Wektu : Senin – Rebo, 27 – 29 Juli 2015

D. Kegiyatan MOS wis kaleksanan kanthi lancar. Muga-muga bisa nggawa pangaribawa sing becik tumrap sakabehe para siswa, mligine siswa anyar.

A. Masa Orientasi Siswa utawa biasa diarani MOS minangka sawijining kegiyatan kang umum diadhakake ing sekolah kanggo nampa tekane siswa anyar.

B. Nepungake para siswa marang sakabehe piranti [komponen] sekolah kayata norma, aturan. budaya, tata tertib lan sapiturute.

C. Wektu : Senin – Rebo, 27 – 29 Juli 2015

D. Kegiyatan MOS wis kaleksanan kanthi lancar. Muga-muga bisa nggawa pangaribawa sing becik tumrap sakabehe para siswa, mligine siswa anyar.

14. Gatekna cengkorongan laporan kegiatan MOS ing ngisor iki!Jeneng kegiyatan :Dhasare panemu :Ancas kegiyatan :Isi kegiyatan :Panutup :Ukara kang trep kanggo ngembangake perangan panutup yaiku….A. Masa Orientasi Siswa utawa biasa diarani MOS minangka sawijining kegiyatan kang umum diadhakake ing sekolah kanggo nampa tekane siswa anyar.

B. Nepungake para siswa marang sakabehe piranti [komponen] sekolah kayata norma, aturan. budaya, tata tertib lan sapiturute.

C. Wektu : Senin – Rebo, 27 – 29 Juli 2015

D. MOS wis kaleksanan kanthi lancar. Muga-muga bisa nggawa pangaribawa sing becik tumrap sakabehe para siswa, mligine siswa anyar.

15. Wacanen kang premati teks ing ngisor iki!I. PURWAKA1. Dhasare Panemu [latar belakang masalah]Kegiyatan Persami salah sawijine kegiyatan sekolah kang bisa nglatih para siswa mandiri lan uga bisa ngraketake antarane para siswa. Persami uga bisa nepungake antarane para siswa karo kahanan alam sekitar.2. Ancas Kegiyatan• Nglatih para siswa bisa mandiri• Ngraketake tali silaturahmi antarane para siswa

• Menehi pasinaon supaya bisa ngramut lingkungan alam


Manut teks ing dhuwur tujuan dianakake kegiyatan persami yaiku….

A. ngrusak lingkungan alam sekitarB. nglatih siswa urip saraC. nglatih para siswa mandiri

D. nglatih para siswa jirih

16. Ukara ing ngisor iki sing cocog kanggo purwaka laporan kegiatan yaiku….A. Persami dibuka kanthi upacara ing dina Sabtu jam 14.30B. Persami uga bisa nepungake antarane para siswa karo kahanan alam sekitar.C. Kegiatan Persami wis kaleksanan kanthi lancar.

D. Dina Minggu kegiatan Persami diwiwiti.

17. Isining teks laporan kegiyatan kaya ing ngisor iki, kejaba ....A. Tujuan kegiatanB. Jeneng kegiatanC. Wektu kegiatan


18. Ing ngisor iki sing kalebu ukara lamba yaiku....

A. Aku weruh ana kobongan ing Pasar, wong dodolan padha mlayu nylametake awake dhewe-dhewe.B. Bapak tindakC. Bapak maos koran lan ibu mirsani TV

D. Adhiku ora mlebu sekolah amarga lara weteng

19. Sing kalebu ukara camboran susun yaiku ....A. Aku mangan bakso lan adhiku mangan sotoB. Awakku lemu nanging awake adhiku kuruC. Bapak karo ibu tindak Jakarta

D. Bapak ora tindak menyang kantor jalaran gerah

20. SMP negeri 23 Surabaya saben tahun duwe acara rutin yaiku pelepasan siswa kelas 9, acara iku mesthi dianakake sadurune ana pandemi covid 19.Ukara kasebut kalebu tuladhane ukara....A. pakonB. pitakonC. carita

Pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa kabar anyar kang lagi dumadi ana ing sawijining panggonan kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik.

Kadadeyan kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu [gempa bumi], perang, rudapeksa [pemerkosaan], banjir, lan liya-liyane.


Pawarta asipat faktual [Adhedhasar fakta utawa kasunyatan] lan aktual [Anyar utawa lagi wae kedadean].Isine pawarta iki arupa fakta-fakta ngenani maneka warna prastawa utawa kedadean kang ana kayata politik , budaya kasarasan sosial, pendhdhikan lan liya - liyane. Pawarta seng ora di kantheni fakta - fakta [Kasunyatan] bisa diarani kabar angin utawa gosip.

Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena dipesthekake.

Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liya-liyane.

Pawarta ndinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane wis dimangerteni sadurunge.

Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan presiden ing Batang, lan liya-liyane.

Pawarta crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake/human interest. Pawarta iki diwedharake mung kanggo hiburan utawa selingan.

Tuladha: crita objek wisata, crita bab kesenengan/hobby, lan liya-liyane.

                                              i.            Bisa awujud kalawarti [majalah]/ariwarti [koran]

  Ariwarti iku layang kabar kang metune saben dina. Dene yen metune mangsa kala diarani kalawarti.

·      Ariwarti    :  Suara Merdeka, Solo Pos

·      Kalawarti  :  Panjebar Semangat,  Jaya Baya,  Mekarsari,                        Djokolodang, Pustaka Candra

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.

 Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: Pawarta bahasa Jawa TA TV,     Pawarta Bahasa Jawa JOGJA TV,  Pawarta Bahasa Jawa Radio Persatuan,     Pawarta Bahasa Jawa TV Semarang, lan sak panunggalane

4.   Perangan Pawarta Jangkep

Sesirah yaiku perangan pawarta kang dhisik dhewe, biasane mung ditulis nganggo tembung-tembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane.

Angle yaiku ukara kang nggambarake ringkesane isi pawarta, biasane ditulis kandel ing sangisore sesirah.

Isi pawarta yaiku ukara-ukara kang njlentrehake pratawa ngenani apa, ana ngendi lan kapan kadadeyan iku dumadi.

Gambar yaiku perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kadadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing media cetak awujud foto, lan ing media elektronik awujud video.


Sumber yaiku mujudake pawongan kang menehi katerangan utawa komentar marang dumadine prastawa iku. Sumber bisa mujudake seksi tumrap kadadeyan, utawa pihak kang nduweni kewajiban kanggo nuntasake kadadeyan iku.

                        Perangan pawarta iku umume :

Irah-irahan utawa judhule. Headline kang gunane narik pemaca supaya ngerteni prastawa kang diwartakake.

Isine jeneng medhia massa , papan kedadeyan , lan tanggal kedadeane ancase kanggo nuduhakke papan kedadean lan inisial medhia.

Lead utawi teras berita yaiku paragrap sepiisan ing sajroning pawarta. Lead mujudake unsur kang wigati saka pawarta lan kang nemtokake isine pawarta bakal diwaca apa ora. Lead iki nggambarke sakabehe pawarta kanthi cekak.

 Body yaiku badan pawarta isine nyeritakake prastawa kang dilaporke kanthi basa sing cekak , aos lan cetha.

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama:

a.     Apa                   = Kedadean apa sing bakal dicawisake.

b.     Sapa                 = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.

c.      Kapan              = Kapan kedadean kasebut dumadi.

d.     Kepriye            = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .

e.     Nengndi          = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.

f.       Kena apa         = Merga apa kedadean kasebut dumati.

Dikenal  ASAKADAMBA, utawa 5W + H

6.   Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta

Warta ingkang sae kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa narik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.

e.        Sesambungan karo papan kedadean

f.          Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadean

g.        Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ pamiyarsa

Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:

a.      Mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake

b.      Mbedakake informasi kang penting lan ora penting

c.       Nyathet informasi sing bener lan premathi

Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak. Nyimpulake pawarta tegese nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.

Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa anane.

Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku:

a.      Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun  kanthi apik.

b.      Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha

c.       Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami

d.      Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan[nduweni Hubungan]

9.    Teknik Maca Pawarta Lesan

Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.

 Ingkang kedah dipun gatosaken cara /teknik maos inggih punika :

a.      Pocapan [lafal] : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.

b.      Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.

c.       Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.

d.      Pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg

b.      Sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres.

a.     Goleka tema/kadadean kang narik kawigatenmu

b.     Gawea cengkorongane pawarta [Perangan Pawarta Jangkep]

c.      Mekarna cengkorongan pawarta mau dadi pawarta wutuh [Ngandhut Unsur-unsur Pawarta, 5W+H]

d.     Gatekna pamilihing tembung, tandha-tandha panulisan pawarta

e.     Irah-irahan lan isi jumbuh

 Kula Indra Birawa badhe maosaken pawarta dinten menika wonten ing Warta Kilat.

Embung Unnes sakmenika sampun dados panggenan ingkang dipunengsemi tukang mancing saha mahasiswa Unnes. Embung ingkang wiyaripun setunggal lapangan bal-balan menika, menawi sonten kebak dening tiyang ingkang badhe mincing amargi sampun dipunuculaken kalih dasa ewu winih iwak mujaer dening pihak Unnes. Sahengga embung kathah dening iwak sakaliyan tiyang ingkang badhe mancing wonten mrika.

 Humas Unnes, Sucipto Hadi Purnomo ngendikan, babagan embung sakmenika pancen leres sampun dipundamel kagem panggenan rekreasi. Pandamelan embung sakmenika inggih salah setunggaling program Unnes konservasi ingkang sampun nelasaken ragat nematus wolung dasa pitu juta sewidak ewu rupiah.

 Miturut pembantu pelaksana proyek saking CV Duta Muda indah, Slamet Widodo, embung dipundhamel kangge madahi toya wonten unnes saenggo boten banjir rikala mangsa udan. Proyekipun wonten seket dinten ingkang sakmenika dipungarap gangsal welas tiyang dipunbiyantu eksavator, buldoser kaliyan vibro.


B.    Pawarta Kagiyar ing Ariwarti/Kalawarti

Perajin Tenun Stagen Betah Bantuwan Pemkab

Klaten, Kawontenan perajin tenun stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Kedungampel, Cawas, Klaten, mrihatosaken, jalaran ngantos samangke kirang dipun gatosaken dening pemerintah. Samangke nalika regi benang mindhak, para perajin namung saged pasrah dhateng kawontenan.

Bab punika ingkang dipun andharaken dening salah satunggaling perajin stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Santo Miharjo. Santo Miharjo nelakaken kekirangan pawitan, kamangka regi benang ugi awis. Sakawit regi benang Rp 5.000,00 samangke Rp 11.000,00 saben kilo. Kamangka regi stagen namung Rp 4.000,00 ngantos Rp 5.000,00. Benang sakilo saged kangge ndamel stagen cacah sekawan, satemah bebathen para perajin mepet.

Nyumerepi kawontenan kasebat, satunggaling sesepuh masyarakat dhusun, Tumirin rumaos prihatin dhateng sesanggan gesang para perajin stagen lan selendang ing wewengkonipun. Ngantos samangke, para perajin dereng nate pikantuk pembinaan punapadene bantuwan pawitan saking dinas ingkang kawogan. Pangajabipun, pemerintah sageda gatosaken para perajin, supados gesangipun saged murwad.

Wisatawan Mancanegara Wis Padha Mangerteni Anane Museum Bathik ing Pekalongan

Dening: Ani Devi Ariyanti, Erlangga, Intan Wahyuning Sari, lan Saiful Arif

Pekalongan, SP- Museum Bathik Pekalongan ing Jalan Jatayu No. 1 Pekalongan, Jawa Tengah, mujudake salah sawijining panggonan kanggo plesir ing preinan wulan pasa, supaya bisa nambah wawasan ngenani budaya Indonesia.

Museum Bathik iki minangka bangunan peninggalan kolonial Walanda kang mbiyen mujudake Kantor Keuangan Pabrik Gula, lan dibangun taun 1906. Ananging, wiwit tanggal 12 Juni 2006, bangunan iku didadekake Museum Bathik dening Yayasan Kakin, lan diresmekake langsung dening presiden Susilo Bambang Yudhoyono.

Museum iki nduweni koleksi kurang luwing 1002 warna bathik kang asale saka saknuswantara. Saben petang wulan pisan, panatane kain bathik ing saben pajangan dipindhah panggonan, tujuwane supaya ora mboseni tumrap wong-wong kang teka ing museum.

Ing museum bathik iku, kita bisa niti pirsa sakkabehe corak bathik kang dipajang, kita uga bisa takon babagan bathik marang petugas, malah uga diparengake njajal carane mbathik, utawa belanja souvenir.

Tumekane dina iki, wis akeh wisatawan mancanegara lan pribumi kang nekani museum iku.







GLADHEN PANGULANGAN


       I.           I.            Wenehana tandha ping [X] ing aksara a, b, c, d utawa e ing wangsulan kang bener !

1.       Sing dadi kurban motor mabur iku umume wong-wong sing padha arep mlancong. Tembung kang trep kanggo pitakonan pawarta kasebut yaiku...

2.       Ing ngisor iki ana sawijining pratelan sing mathuk karo tembung pitakonan kepriye, yaiku....

a.          Wayah bangun esuk jago padha kluruk

b.          Ing pategalan kuwi pak tani ketemu karo kancil

c.           Wadhuk ceklik saiki kanggo papan pariwisata

d.          Sawise jeblug gunung Merapi banjur muntahake lahar panas

e.           Sing motong pita dhek wingi kae bapak Bupati.

3.       Ing ngisor iki kang ora nemtokake bobot lan orane sawijining pawarta, yaiku...

b.          Sesambungan karo papan kadadeyan

d.          Migunani tumrap wong akeh

e.           Akeh lan orane kang noton utawa kang maca

4.       Bab-bab kang kudu digatekake nalika maca pawarta kaya ing ngisor iki, kajaba ….

a.         Solah bawa lan sandhang panganggo kang trep

b.         Volume utawa bantering suwara nyukupi

c.          Sabisa-bisa nyingkiri dialek

d.         Vocal trep karo artikulasi

5.       Sipat pawarta kang tegese lagi wae utawa lagi kedaden, isih anget, isih rame dadi rerasaning wong akeh, yaiku…

6.       Ing ngisor iki kang ora kelebu sipat-sipate pawarta yaiku…

7.       Unsur kang paling wigati ing sajroning pawarta yaiku...

b.          Fakta lan data kadadeyan

c.           Juru warta kang golek kabar

d.          Carane ngrampungake perkara pawarta

8.       Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku:

a.         Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun  kanthi apik.

b.         Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha

c.          Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami

d.         Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan[nduweni Hubungan]

e.          Mbedakake informasi kang penting lan ora penting

9.      Ing kompleks Pemprov. DIY  Kepatihan Ngayogyakarta dianakake “Festival Kembang” kang temane “Katakan dengan Bunga”. Mula kompleks Kepatihan ana kembang maneka warna. Wiwit saka lawang gapura ngarep ing jalan Malioboro nganti tekan Bangsal Kepatihan akeh modhel kekembangan kang dironce kanthi maneka warana lan jinis kembang. Acara iki diresmekake dening Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengku Buwana X.

Unsur pawarta kasebut kang ora ana yaiku ...

10.    Panutupe pawarta kang kaya-kaya ora ana selehe, ora ana enteke, diarani…

11.    Penyiar radhio nalika maca pawarta anggone nyapa aruh, unine para ….

12.    Ing ngisor iki kang ora kelebu tuladha pawarta dadakan yaiku…

13.    Perangane pawarta kang dhisik dewe, biasane mung ditulis nganggo      tembung-tembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane, yaiku perangan.....

14.    Perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kadadeyan prastawa               kanthi kasat mata, yaiku perangan....

15.    Ukara-ukara kang njlentrehake prastawa ngenani apa, ana ngendi lan kapan kadadeyan iku dumadi, klebu perangan.....

16.    Pamaos nalika macakake pawarta kudu bisa mbedakake aksara konsonan ing abjad Jawa. Amarga ana perangan kang beda karo abjad umum. Abjad kasebut yaiku da lan dha, ta lan tha.

Perangan iku kalebu kaprigelan babagan ….

a.         Pamedhote frasa kang trep

b.         Nggunakake pangucap kang trep

c.          Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

d.         Ngreteni tandha wacan kanthi trep

17.    Bentuk pawarta iki pada samya kanthi lumantar lesan ananging butuhake media kanggo nyawisake pawarata iki, yaiku...

18.    Pawarta basa Jawa dicawisake kanthi tulisan lumantar media awujud website utawa blog, yaiku...

19.    Ing ngisor iki tetengere pawarta, kejaba…

a.          Swasana anyar kang narik kawigaten

c.           Ora kena mihak sapa bae

d.          Kudu kapisah karo panemu

20.    Ing ngisor iki tuladha pawarta kang ora  kalebu pawarta ing babagan sosial  yaiku …

a.       Kaliren, wong  cacah 55 tiwas.

b.       Roy Marten “Nyabu” maneh.

c.        Balita 2,3 yuta kurang gizi

d.       Sukarelawan cacah lima budhal menyang Lebanon.

e.        Korban Lumpur Lapindho njaluk ganti rugi.

21.    Pawarta kang dicritakake marang wong liya iku becike ….

a.         Ngambra-ambra supaya katon pintere

b.         Kabeh kang diwaca utawa kang wis ditampa katambah panemune

c.          Saperangan wae supaya kang dicritani gelem takon

d.         Saperangan kang trep karo sikepe dhewe

e.          Pokok-pokoke wae supaya luwih gampang dimangerteni

22.    Kaprigelan kang digunakake nalika ngatur mandheg lan teruse pamacane naskah pawarta iku diarani babagan ….

a.       Nggunakake pangucap kang trep

b.       Pamedhote frasa kang trep

c.        Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

d.       Ngreteni tandha wacan kanthi trep

23.    Dwiyanto Wisnu Nugroho [22] Mahasiswa Jurusan Teknik Geodesi Institut Teknologi bandung [ITB] tiwas nalika melu kegiatan pelantikan calon anggota Ikatan Mahasiswa geodesi neng kawasan Pagerwangi, Lembang, Bandung Barat, minggu [8/12].

Sing dadi pokoke pawarta ing dhuwur yaiku ...

b.          Dwiyanto tiwas merga pelantikan

c.          Dwiyanto tiwas wektu melu kegiatan neng Pagerwangi

d.          Dwiyanto mahasiswa Geodesi ITB

e.          Pelantikan neng Lembang

24.    Sing diwartakaken ing pethikan dhuwur yaiku ...

b.         Dwiyanto tiwas merga pelantikan

c.          Dwiyanto dadi anggota Ikatan Mahasiswa Geodesi

d.         Dwiyanto mahasiswa Geodesi ITB

e.          Pelantikan neng Lembang

25.    Pitakonan sing ora trep karo pawarta ing dhuwur [23], yaiku ...

d.          Dwiyanto tiwas neng ngendi

e.          Sebabe apa Dwiyanto tiwas

26.    Kanggo mikuwati ngyakinake yen lagu rasa sayange pancen temen-temen asli ciptaane seniman Indonesia, Menbudpar, Jero Wacik ndapuk tim kanggo nglacak bukti-bukti kang isih ana.

Unsur pawarta sing ana ing pethikan pawarta dhuwur yaiku ...

27.    Sumber pawarta kang dirungokake iku bisa saka maneka warna medhia, kayata medhia elektronik utawa cetak, sing baku pawartane kudu ….

d.         Angen-angene juru warta

e.          Durung dingerteni sapa wae

28.    Pawarta iku ngabarake kadadeyan sing....

29.    Pawarta iku ngenani warga sing padha demen watu akik. Pitakonan sing mathuk saka pawarta iku yaiku...

30.    Saliyane ngemu sejarah kali Klawing uga pirang-pirang potensine. Ana potensi ekonomi rupa pasir sing biasa diangkut kanggo mbangun gedhong, iwak kali sing gurih tur legi, krikil utawa watu  sing bisa kanggo gawe mata ali-ali, bandhul kalung utawa liontin. Ana watu pancawarna, badar besi, biduri lumut, naga sui uga ana fosil kayu.

Unsur pawarta kang kakandhut saka pawarta dhuwur yaiku ...

31.    Para pamiyarsa, wilujeng midhangetaken ringgit wacucal sedalu natas. Pawarta iku asale saka......

32.    Pawarta tinulis iku sasarane marang wong sing padha....

Wacanen pawarta ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 33-34


33.    Saka pawarta ing dhuwur kang minangka perangan purwaka/pambuka iku mapan ana ing ukara ...

a.       Tari Dholalak kalebu dolanan bocah kang bisa tinemu ing Kabupaten Purworejo.

b.       Dholalak saka tembung ‘dho’ lan ‘la’.

c.        Saiki sing joged ora mung wong lanang ananging uga ana para remaja putri kanthi sragam sing variasi.

d.       Mula dholalak wajib dilestarikake lan dirembakake amarga ngandhut nilai-nilai kearifan lokal ana ing tlatah Purworejo.

e.        Sing nduweni kerep nyenyubur rasa solidaritas lan paseduluran.

34.    Ukara kang nudhuhake perangan panutupe pawarta saka pawarta dhuwur yaiku ....

a.          Tari Dholalak kalebu dolanan bocah kang bisa tinemu ing Kabupaten Purworejo.

b.         Dholalak saka tembung ‘dho’ lan ‘la’.

c.          Saiki sing joged ora mung wong lanang ananging uga ana para remaja putri kanthi sragam sing variasi.

d.         Mula dholalak wajib dilestarikake lan dirembakake amarga ngandhut nilai-nilai kearifan lokal ana ing tlatah Purworejo.

e.          Sing nduweni kerep nyenyubur rasa solidaritas lan paseduluran.

35.    Ing ngisor iki kang minangka tetenger pawarta kuwe apik menawa  ...

36.    Ing ngisor iki kang ora kalebu tuladhane Kalawarti yaiku ....

37.    Maca pawarta kudu nggatekake pakecapan lan lagu swara. lagu swara diarani uga..

38.    Wujude 5W + 1H ing sajroning teks pawarta iku mujudake struktur....

39.    Salah siji titikan macakake pawarta kang becik, yaiku.....

a.          Intonasi pas ora keladhuk

c.           Swarane ora keladhuk lan cetha

d.          Swarane sedheng nanging cetha

e.           Basane ringkes lan madhet

40.    Penulise tandha jeda kang trep nalika maca ukara pawarta ngisor iki, yaiku....

a.     Sumur asin ing Ngaglik Sambi Boyolali wis ana wiwit jaman kolonial Belanda//

b.  Sumur asin / ing Ngaglik / Sambi / Boyolali / wis ana / wiwit jaman kolonial Belanda//

c.    Sumur asin ing Ngaglik Sambi Boyolali / wis ana wiwit jaman kolonial Belanda//

d.    Sumur asin ing Ngaglik / Sambi / Boyolali / wis ana wiwit jaman kolonial Belanda//

                                  e.     Sumur asin / ing Ngaglik Sambi Boyolali wis ana wiwit jaman kolonial Belanda// 

   



  II.    Jumbuhna pitakonan ing ngisor iki marang wangsulan kang wis cumepak ing satengene!

1.     Pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake.

2.     Sesirah, ringkesan, isi pawarta, gambar lan sumber.

3.     Pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena dipesthekak.

4.     Nalika maca pawarta kang digiyarake ing TV utawa radhio kudu nggatekake aksara vocal utawa konsonan.

5.     Gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada..

6.     Pawarta kang digiyarake lumatar radhio

7.     Unsur kang wigati saka pawarta lan kang nemtokake isine pawarta bakal diwaca apa ora.

8.     Isine nyeritakake prastawa kang dilaporke kanthi basa sing cekak, aos lan cetha.

9.     Ngandharake babagan panggonan kadadeyan prastawa ing pawarta

10. Nuduhake sebab musabab prastawa iku kadadeyan [proses kadadeyane prastawa]

11. Kabar anyar utawa kabar ngenani sawijining bab kang lagi bae dumadi, diwedharake kanthi wujud lesan utawa tulisan.

12. Pawongan kang menehi katerangan utawa komentar marang dumadine prastawa iku

13. Aktual; faktual; basane singkat , padhet, lan logis; narik kawigaten.

14. Pawarta basa Jawa kang dicawisake awujud website utawa blog.

15. Pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg.

16. Sipat pawarta kang tegese lagi wae utawa lagi kedaden, isih anget, isih rame dadi rerasaning wong akeh.

17. Ukara-ukara kang njlentrehake prastawa ngenani apa, ana ngendi lan kapan kadadeyan iku dumadi

18. Pawarta iku kudu ngemot fakata kang dijupuk saka maneka sumber kanthi seimbang, ora mihak sapa bae

19. Perangane pawarta kang dhisik dewe, biasane mung ditulis nganggo tembung-tembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane

20.  Ukara kang nggambarake ringkesane isi pawarta, biasane ditulis kandel ing sangisore sesirah.

    III.            Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!

1.      Sebutna unsur-unsur kang ana ing pawarta!

2.      Sebutna bedane pawarta tulis lan pawarta lesan!

3.      Sebutna jenising pawarta!

4.      Apa kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta?

5.      Sebutna perangan-perangan pawarta!

6.      Apa kang diarani pawarta crita iku?

7.      Sebutna carane /teknik maos  pawarta lesan kang bener!

8.      Sebutna carane nulis pawarta kang becik!

9.      Sebutna kang nemtokake bobot biji pawarta !

10.  Sebutna carane menehi tanggapan kang becik marang sawijining pawarta!






  LATAR BELAKANG Budaya positif adalah keyakinan dan nilai yang disepakati yang menjadi kebiasaan bersama yang akan dilakukan dalam waktu lama. Menerapkan budaya positif dapat meningkatkan kesadaran siswa dalam membentuk karakter positif. Budaya positif dapat dibuat melalui kesepakatan antara guru dan siswa, agar siswa merasa terlibat dan bertanggungjawab dalam menjalanankan disiplin tersebut. Budaya Positif di Sekolah memiliki banyak manfaat yang dapat dirasakan oleh guru dan murid, diantaranya: Menumbuhkan kesadaran dalam melakukan hal- hal yang baik Membangun hubungan social yang bagus antar warga sekolah   Murid terbiasa dengan pola hidup teratur Menumbuhkan rasa aman dan nyaman Membangun hubungan kerjasama antara murid, guru dan orang tua Membangun karakteristik siswa, mengembangkan kegotongroyongan dan kerjasama antara guru, murid dan orang tua   Menciptakan kepercayaan diri dan tanggung jawab Di era pandemi sepeti sekarang ini, kebersihan lingkungan sekolah merupak