Bapak kepala sekolah maringi dhawuh dening bapak ibu guru kang dadi wali kelas lumantar layang

Bapak kepala sekolah maringi dhawuh dening bapak ibu guru kang dadi wali kelas lumantar layang

Loading Preview

Sorry, preview is currently unavailable. You can download the paper by clicking the button above.

Bapak kepala sekolah maringi dhawuh dening bapak ibu guru kang dadi wali kelas lumantar layang

Loading Preview

Sorry, preview is currently unavailable. You can download the paper by clicking the button above.

Kirtya BasaHak Cipta © 2015Tim Penyusun:Drs. Samsul HadiDrs. Yusuf Budi SantosaDrs. SunardiDra. Rini MuwartiDra. Agus Windarti, M.PdDra. Umi NayirotinEditor/Penyelia: Dra. Sri Sulistiani, M.PdPenerbit : Dinas Pendidikan Provinsi Jawa TimurIsi : ix, 147 halISBN 978-602-xxxx-xx-x9 786027 831292Dilarang memperbanyak atau memindahkan sebagian atau seluruh isibuku ini dalam bentuk apapun, baik secara elektronis maupunmekanis, termasuk memfotokopi, merekam atau dengan sistempenyimpanan lainnya, tanpa izin tertulis dari penerbitKATA PENGANTAR KEPALA DINAS PENDIDIKAN PROVINSI JAWA TIMUR Alhamdulillah buku “Kirtya Basa” sudah selesai disusun dan diterbitkan. Buku inidisusun dengan berpedoman pada Peraturan Gubernur No. 19 Tahun 2014 tentang MataPelajaran Bahasa Daerah sebagai muatan lokal wajib di Sekolah/Madrasah. Pergubtersebut memberikan pegangan hukum yang kuat bagi guru-guru untuk melaksanakandengan sungguh-sungguh pembelajaran bahasa daerah. Sebagai tindak lanjut, buku inidisusun untuk menyelesaikan masalah ketiadakan buku ajar seiring dengan terbitnyaPergub dan diharapkan dapat diterima dan digunakan dalam pembelajaran disekolah/madarasah di wilayah Jawa Timur. Terima kasih disampaikan kepada tim penyusun yang telah dengan kesungguhanmenyelesaikan buku ini. Kerja sama Tim Eksternal sebagai penyusun bersama-samadengan Tim internal Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur telah mampu menghasilkankarya yang bermanfaat bagi pembentukkan budi pekerti dan karakter generasi mudalewat jalur pendidikan formal di sekolah/madarasah. Kesempurnaan buku ini adalah tujuan dari penyusun dan pengguna buku ini.Akan tetapi, buku ini masih memiliki kekurangan. Karena itu, kritik, saran, dan masukandari berbagai pihak yang peduli terhadap pelestarian, pengembangan, dan pemertahananbahasa Daerah sebagai salah satu budaya bangsa ini sangat diharapkan. Insya Allah padakesempatan lain buku ini akan disempurnakan dengan mengakomodasi masukan dariberbagai pihak. Surabaya, Nopember 2015 Kepala Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur, Dr. Saiful Rachman, MM.,.MPd Pembina Utama Madya NIP. 19590503 198503 1 018Atur Sapala Isinipun buku “Kirtya Basa” punika sampun katitipriksa dening paraahli Basa Jawi saking Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Buku punikadipunserat dening para ahli Basa lan Sastra Jawi alumni saking Universitas NegeriSurabaya (Unesa). Isi umumipun sampun katiti priksa dening Drs. Sukarman, M.Si. (Ketua Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Program StudiPendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni (FBS), UniversitasNegeri Surabaya (Unesa) lan Ketua Tim Penyusun Kurikulum Bahasa DaerahKantor Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Timur). Wondenebabagan Kebahasaan (Linguistik), Sastra, lan Metodologi Pembelajaran sampundipuntitipriksa dening Dra. Sri Sulistiani, M. Pd. (Sekretaris Jurusan, DosenBahasa, Sastra, dan Metodologi Pengajaran saking Jurusan Bahasa dan SastraDaerah, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa danSeni FBS, Universitas Negeri Surabaya - Unesa). Kanthi asil paniti priksa kasebatdipunajab sageda murakabi kangge srana sinau Basa Jawi tumrapipun para siswalan saged mbiyantu para kadang dwija anggenipun nggulawenthah siswa-siswinipun ing jagading piwucalan Basa Jawi. Salaras kaliyan owah gingsiripun kurikulum pendhidhikan, buku punikasampun kacundhukaken kaliyan Kurikulum Tingkat Satuan PendidikanMulok Bahasa Daerah 2013. Manut asil paniti priksa, isinipun buku punikasampun salaras kaliyan kurikulum enggal ingkang dipunginakaken ing sekolah-sekolah wekdal samangke. Isinipun buku punika sampun kasusun lelandhesankaliyan Standar Kompetensi Lulusan (SKL), Kompetensi Inti (KI) lan KompetensiDasar (KD), sarta ngagem paugeran ingkang sampun dipunsusun dening BadanStandar Nasional Pendidikan (BSNP). Mugi-mugi kanthi wontenipun buku punika saged mbiyantu para siswa,kadang dwija, lan sutresna Basa Jawi anggenipun marsudi basa, sastra, lankabudayan Jawi supados saged ngrembaka lan lestantun. Surabaya, September 2015 Paniti Priksa Drs. Sukarman, M. Si./ Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. (Ketua dan Wakil Ketua Tim Penyusun Kurikulum Mulok Bahasa Daerah KanwilDinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Timur 2014 Atur Pangiring Puji syukur konjuk wonten ngarsanaipun Gusti ingkang Maha Kuwaosdene panyerat sampun saged ngrampungaken buku Basa Jawi ”Kirtya Basa”kangge para siswa Sekolah Menengah Pertama ( SMP) / Madrasah Tsanawiyah(M.Ts) Wiwit taun pelajaran 2014/2015, piwucalan Basa Jawi SMP/M.Ts sampunngginakaken kurikulum enggal inggih punika KTSP Mulok Bahasa Daerah 2013.Lelandhesan Peraturan Gubernur No. 19 Tahun 2014 “Mata Pelajaran BahasaDaerah Sebagai Muatan Lokal Wajib di Sekolah/ Madrasah” kanthi alokasiwekdal 2 (kalih) jam pelajaran satunggal minggunipun. Kangge njangkepi sranapiwucalan Basa Jawi ing SMP/M.Ts panyerat nganggit buku ajar Basa Jawi”Kirtya Basa” punika. Buku punika kasiyapaken kangge nyengkuyung kawicaksanan KTSP2013. Salaras kaliyan Peraturan Menteri Pendidikan No. 64 Tahun 2013, , ingkangngrembag bab Standar Kompetensi Lulusan (SKL), paring amanat bilih Buku TeksPelajaran kedah ngagem acuan dhumateng Standar Kompetensi Lulusan (SKL) lanKompetensi Inti (KI) lan sarta ngagem paugeran ingkang sampun dipunsusundening Badan Standar Nasional Pendidikan (BSNP). Wondene Permendikbud No.71, Tahun 2013, ingkang ngrembag Buku Teks Pelajaran lan Buku Panduan GuruUntuk Pendidikan Dasar Dan Menengah, ugi paring amanat bilih Buku TeksPelajaran ingkang dipunginakaken ing pawiyatan-pawiyatan kedah sampunkasusun adhedhasar KTSP Mulok Bahasa Daerah Tahun 2013. Ewah-ewahan tumrap buku teks kedah karancang lan kasusun kanthiberbasis teks. Teks kawawas minangka perangan basa ingkang kagungan maknakontekstual. Lumantar buku punika siswa kaajab saged ngasilaken lanngginakaken teks salaras kaliyan tujuan lan fungsi sosialipun. Salebetipunpiwucalan basa Jawi ingkang berbasis teks, boten namung mucalaken teori lankonsep, ananging teks ugi migunani minangka sumber aktualisasi dhiri tumrapingkang migunakaken ing salebeting konteks sosial budaya akademis. Kanthi wontenipun buku ”Kirtya Basa” punika dipunajab sagedambiyantu para siswa SMP/M.Ts anggenipun ngleluri lan marsudi Basa Jawi lansaged nglancaraken para kadang dwija anggenipun nggulawenthah para siswa-siswinipun ing piwucalan Basa Jawi. Kejawi berbasis teks, pangrakiting bukupunika ugi ngginakaken Pendekatan Saintific. Piwucalan lelandhesan teks, mawipandhom ngrembakakaken babagan (1) Piwucalan basa kawawas saking teksboten namung kasusun kanthi munjeraken paramasastra utawi ketatabahasaankemawon. (2) Piwucalan lelandhesan teks minangka proses pamilihan basaingkang ngandharaken makna. (3) Piwucalan basa lelandhesan teks asipatfungsional ingkang ateges boten saged uwal saking konteks ingkang mbabarakenmaneka warni ide, karakter, nilai, ugi idiologi panuturipun, (4) Piwucalan basalelandhesan teks ugi minangka sarana kangge mangun kawasisan olah pikirtumrap para siswa. Jinising teks ingkang kaandharaken ing buku punika arupi teksdeskripsi, palapuran, narasi lan carita, eksposisi, eksplanasi, lan sapiturutipun.Wondene pendekatan Saintific ingkang kasajekaken ing buku punika mawi prosesing antawisipun Mengamati (Observing), Menanya (Questioning), Mencoba(Experimenting), Menalar (Associating), Mengkomunikasikan (Comunicating), lanMembentuk Jejaring (Networking) Wondene aspek ingkang dados punjeringpiwucalan inggih punika kanthi nengenaken aspek Sikap Religius, Sikap Sosial,Kognitif, lan Psikomotorik. Pambabaripun buku ”Kirtya Basa” kajawi ngemot materi, ugi sinartangladhen (latihan) ingkang sampun kasalarasaken kaliyan Kompetensi Dasar lanIndikator ingkang sampun sinerat ing silabus, pramila dipunajab supados sagednyekapi kangge ngukur kompetensi minimal ingkang kedah dipunkuwaosi parasiswa. Pambabaripun buku ingkang berbasis teks kanthi tahapan (1) TahapPembangunan Konteks, (2) Tahap Pemodelan Teks, (3) Tahap Pembuatan TeksSecara Bersama-sama, lan (4) Tahap Pembuatan Teks Secara Mandiri. Kejawimateri lan gladhen, buku punika ugi dipunjangkepi “bausastra” lan pepelingingkang ngandharaken konsep-konsep inti saben wulangan utawi bab. Kanthimekaten dipunajab sageda njangkepi penyajian materi piwucalan lan kanggenambah wawasanipun para siswa. Panyerat sampun mbudidaya murih buku punika saged sampurna,ananging minangka manungsa limrah sarta saking winatesipun sarta cupetipunkawruhipun panyerat, taksih wonten kekirangan-kekiranganipun. Pramilapanyaruwe saking pamaos tansah kaantu-antu kangge nyampurnakaken bukupunika. Wusananipun atur, mugi-mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tansahnjangkung lan nyengkuyung pangetrapanipun buku punika tumrap kemajenganlan lestarinipun piwucalan Basa Jawi. Nuwun. Surabaya, September 2015 PanyeratDaftar IsiSampul njero ......................................................................................... iIdhentitas Buku ...................................................................................... iiAtur Sapala ........................................................................................ iiiAtur Pangiring ..... .................................................................................. vDaftar Isi .............................................................................................. viiWulangan 1 : Sosial 2Mbabar Wawasan .................................................................................. 2Teks Cerkak ”Jubriya” ......................................................................... 3Kegiatan 1: Wangun Teks Crita Cekak .................................................... 3 6 Tugas 1: Nyemak Teks Crita Cekak ................................................ 11 Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Crita Cekak ................................... 14 Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Crita Cekak ............................. 15 Tugas 4: Nyimpulake Isi Teks Crita Cekak ...................................... 16Kegiatan 2: Nintingi Teks Crita Cekak Kanthi Klompok .............................. 19 Tugas 1: Nintingi Teks Crita Cekak ............................................ 21 Tugas 2: Nintingi Struktur Teks Crita Cekak .................................. 22 Tugas 3: Nintingi Unsur Basa Sajrone Crita Cekak ........................... 22 Tugas 4: Nintingi Isine Teks Crita Cekak ......................................... 23 Tugas 5: Nulis Ukara Nganggo Aksara Jawa ................................... 23Kegiatan 3: Nulis Teks Crita Cekak Kanthi Mandiri ................................... 25 Tugas 1: Ngindhentifikasi Teks Crita Cekak .................................... 25 Tugas 2: Nulis Teks Crita Cekak ................................................... 26 Tugas 3: Maca Teks Crita Cekak ...................................................Uji Kompetensi Wulangan 1 ..................................................................Wulangan 2: Budaya 33Mbabar Wawasan .................................................................................. 33 34 Teks ”Kegiatan Budaya” ............................................................. 36Kegiatan 1: Wangun Teks Mawa Ragam Basa lan Basa Rinengga ........... 36 37 Tugas 1: Nyemak Teks Mawa Ragam Basa lan Basa Rinengga....... 39 Tugas 2: Nintingi Ragam Basa ing Teks ..................................... 41 Tugas 3: Nintingi Basa Rinengga ing Teks .................................... 41 Kegiatan 2: Mangun Teks Kanthi Bebarengan ......................................... Tugas 1: Nintingi Teks Mawa Ragam Basa ................................... Tugas 2: Nintingi Teks Mawa Basa Rinengga ................................Kegiatan 3: Mangun Teks Kanthi Mandiri ................................................ 42 Tugas 1: Nintingi Teks Mawa Ragam Basa ................................... 42 Tugas 2: Nulis Teks Mawa Basa Rinengga ................................. 43 44Uji Kompetensi Wulangan 2 ..................................................................Wulangan 3 : Indhustri 48Mbabar Wawasan ................................................................................ 48 50 Teks Wawancara ”Olahan Bandeng” ......................................... 50Kegiatan 1: Wangun Teks Wawancara .................................................. 53 54 Tugas 1: Nyemak Teks Wawancara ........................................... 56 Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Wawancara ............................. 57 Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Wawancara ......................... 57 Tugas 4: Nemtokake Unsur 5W lan 1H ing Teks Wawancara …..... 58Kegiatan 2: Nulis Teks Wawancara Kanthi Klompok ................................ 60 Tugas 1: Nyusun Pedoman Wawancara ...................................... 60 Tugas 2: Nindakake Wawancara karo Narasumber....................... 61Kegiatan 3: Nulis Teks Wawancara Kanthi Mandhiri .............................. 63 Tugas 1: Nulis Teks Laporan Asil Wawancara ........................... Tugas 2: Nanggapi Teks Laporan Asil Wawancara.........................Uji Kompetensi Wulangan 3 ..................................................................Wulangan 4: Iklan 67Mangun Wawasan ................................................................................ 67 68 Teks Iklan ............................................................................... 68Kegiatan 1 : Wangun Teks Iklan/ Reklame ............................................. 72 74 Tugas 1: Ngidhentifikasi Jinis Teks Iklan ................................... 75 Tugas 2: Nintingi Struktur Teks Iklan ........................................ 77 Tugas 3: Nintingi Unsur Basa Sajrone Teks Iklan ........................ 77 Tugas 4: Nintingi Ukara Hagnya lan Ukara Sambawa ................... 78Kegiatan 2 : Nulis Iklan Kanthi Klompok ……………………………………………. 78 Tugas 1: Nintingi Teks Iklan......................................................... 68 Tugas 2: Nulis Teks Iklan............................................................. 79Kegiatan 3 : Nulis Iklan Kanthi Mandhiri .................................................. 81 Tugas 1: Maca lan Nulis Teks Iklan Nganggo Aksara Jawa ............. 85 Tugas 2: Ngomentari Iklan Asil Pakaryane Kanca...........................Uji Kompetensi Wulangan 4 ...................................................................Latihan Ulangan Akhir Semester Ganjil ..........................................Wulangan 5: KekeluargaanMbabar Wawasan .................................................................................... 93Teks ” Layang Pribadi” ............................................................... 93Kegiatan 1 : Wangun Teks Layang .......................................................... 94 Tugas 1: Nyemak Layang Pribadi................................................... 94 Tugas 2: Nyemak Stuktur Teks Layang Pribadi ............................ 95 Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Layang Pribadi ........................ 97 Tugas 4: Nyemak Kaidah lan Teknik Nulis Layang Pribadi .............. 99Kegiatan 2 : Nulis Teks Layang Pribadi Kanthi Klompok ........................... 100 Tugas 1: Nintingi Teks Layang Pribadi ........................................... 100 Tugas 2: Mbenerake Tata Tulis Layang Kiriman ............................. 101Kegiatan 3 : Nulis Teks Layang Kiriman Kanthi Mandhiri ............................ 103 Tugas 1: Nulis Layang Pribadi ................................................... 103 Tugas 2: Maca Teks Layang Pribadi ........................................... 103Uji Kompetensi Wulangan 5 .................................................................. 104Wulangan 6: Budi Pekerti Mangun Wawasan ................................................................................ 107 Teks ” Budi Pakarti” .................................................................. 107 Kegiatan 1 : Wangun Teks Tembang Dhandhanggula ............................. 108 Tugas 1: Nyemak Struktur Teks Tembang Dhandhanggula ............ 108 Tugas 2: Nyemak Watak Teks Tembang Dhandhanggula .............. 111 Tugas 3: Nintingi Isi Teks Tembang Macapat Dhandhanggula ........ 112 Tugas 4: Nintingi Pesan Moral Tembang Dhandhanggula .............. 114 Tugas 5: Nyemak Unsur Basa Sajrone Tembang Dhandhanggula..... 114Kegiatan 2 : Mangun Teks Tembang Macapat Kanthi Klompok .................. 116 Tugas 1: Nyemak Struktur Teks Tembang Dhandhanggula .......... 116 Tugas 2: Nembang Dhandhanggula Bebarengan .......................... 117 Tugas 3: Nintingan Isine Tembang Dhandhanggula ...................... 118 Kegiatan 3 : Mangun Teks Tembang Macapat Kanthi Mandhiri ….............. 118 Tugas 1: Ngarang Tembang Macapat Dhandhanggula lan Nembangake.................................................................. 118 Tugas 2: Ndhokumentasekake Tembang Macapat Dhandhanggula.. 119 Uji Kompetensi Wulangan 6 .................................................................. 120Wulangan 7: Kesehatan 124Mangun Wawasan ................................................................................ 124 125 Teks Gambar ........................................................................... 128Kegiatan 1 : Wangun Teks Nganggo Huruf Jawa ..................................... 128 132 Tugas 1: Ngidhentifikasi Aksara Murda ...................................... Tugas 2: Ngidhentifikasi Aksara Swara .........................................Kegiatan 2 : Nulis lan Maca Aksara Jawa Kanthi Klompok ........................Tugas 1: Ngidhentifikasi Aksara Murda lan Aksara Swara .............. 132 Tugas 2: Nulis Ukara Nganggo Aksara Murda lan Aksara Swara .. 132 Tugas 3: Nyalin Teks Aksara Jawa menyang Aksara Latin............ 133 Tugas 4: Nintingi Isine Teks Aksara Jawa ..................................... 134Kegiatan 3 : Nulis lan Maca Aksara Jawa Kanthi Mandhiri ......................... 134 Tugas 1: Nulis Ukara Nganggo Aksara Jawa ............................... 134 Tugas 2: Maca Teks Aksara Jawa Banjur Disalin Menyang Aksara 135 Latin ......................................................................... 137 Tugas 3: Niteni Panganggone Aksara Murda lan Aksara Swara ...... 140Uji Kompetensi Wulangan 7 ................................................................. 144Ulangan Akhir Semester Genap ...................................................... 150 Daftar Pustaka ………………………………………………………………………………….WULANGAN 1 SOSIALKompetensi Dasar Indikator 1.1.1 Berdoa sebelum memulai dan1.1 Menghargai dan mensyukurikeberadaan bahasa daerah mengakhiri belajarsebagai anugerah Tuhan Yang 1.1.2 Menyapa dengan bahasaMaha Esa untuk meningkatanpengetahuan dan keteram- daerahpilan berbahasa daerah, sertauntuk melestarikan danmengembangkan budayadaerah untuk didayagunakansebagai upaya pembinaan danpengembangan kebudayaanNasional.1.3 Menghargai dan mensyukuri 1.3.1 Mensyukuri keberadaankeberadaan bahasa daerah bahasa daerah.sebagai anugerah Tuhan Yang 1.3.2 Bercakap-cakap denganMaha Esa sebagai sarana bahasa daerah sebagai rasamenyajikan informasi lisan dan syukur pada Tuhan Yang Mahatulis. Esa.2.1 Memiliki perilaku jujur dalam 2.1.1 Membiasakan perilaku jujurmenceritakan sudut pandang dalam berbicaramoral yang eksplisit.2.2.Memiliki perilaku demokratis, 2. 2.1 Memiliki perilaku kreatif dalamkreatif, dan santun dalam berbahasa daerah.berdebat tentang kasus atausudut pandang. 2.2.2 Memiliki perilaku demokratis. 2.2.3 Membiasakan perilaku santun3.1 Mengidentifikasi, memahami dan menganalisis struktur teks, dalam berbahasa. unsur kebahasaan, dan pesan moral cerita fiksi (wayang/ 3.1.1 Mengidentifikasi struktur teks cerkak/folklor/ topèng ḍhâlâng) cerita pendek. secara lisan dan tulis. 3.1.2 Menganalisis struktur teks4.1 Mengapresiasi cerita fiksi cerita pendek. (wayang/ cerkak/ folklor/ topèng ḍhâlâng) secara lisan 3.1.3 Menganalisis unsur kebaha- dan tulis. saan cerita pendek 3.1.4 Menyimpulkan pesan moral cerita pendek 4.1.1 Membaca indah cerita pendek. 4.1.2 Merangkum isi cerita pendek 4.1.3 Mencritakan relevansi isi cerita pendek dengan kehidupan sehari-hari1 KirtyaBasaVIIIMbabar WawasanCoba semaken wacan ngisor iki kanthi permati! Dias kari dhewe ing njero angdes (angkutan pedesaan) nalika dheweke balisekolah. Ora let suwe ana sawijining ibu kang mudhun karo nyangking tas. Panaseawan iku nyebabake Dias sumuk. Kringet kang nelesi bathuke asring dilap. Nalikatekan ing ngarep regol gang, Dias mudhun karo njingglengi dhompet sing dicekel. "Takgawa bali, apa dakterne nyang sing duwe ya? " pikire. "Apa takserahnePolisi wae? " Dias ora age-age jumangkah bali. Dheweke bener-bener bingung ingantarane pilihan loro kuwi. Ing njero dhompet kandel mau ora mung isi KTP lanSIM, nanging uga isi dhuwit atusan ewu rupiyah kang bisa ngganggu pikirane bocahsaumure Dias. Wong diwasa kang jujur wae bisa dadi ora jujur yen nemu dhompetisi dhuwit akeh ngono kuwi. Dhompet sing ditemu Dias ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansahngganggu pikirane. Ing ngarepe Dias lungguh mau ana sawijining ibu kang dhewekeisih eling lan apal banget karo rupane. "Dhompet iki takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahakemarang sing duwe? " Dias mikir dawa. "Dhompet iki rak isine dhuwit akeh? " Dias dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Sikap iku kangtansah diwulangake wong tuwane wiwit dheweke isih cilik. Kejujuran iku nomer siji,dhawuhe bapake. Wong dianggep luhur derajate yen jujur tumindake....................................................... (ana candhake). Sawise nyemak wacan ing dhuwur, wangsulana pitakon-pitakon singsumadiya ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Wacan ing dhuwur nyritakake bab apa?KirtyaBasa VIII 22. Sapa sing dadi paraga utamane? 3. Sapa sing dadi paraga panyengkuyunge? 4. Kedadean iku dumadi ana ngendi? 5. Watak apa sing bisa koktiru saka wacan ing dhuwur? 6. Apa watak becik ing dhuwur isih tinemu ing masyarakat saiki? Wenehana tuladha sing kokweruhi! 7. Sliramu apa uga tansah ngetrapake watak becik mau? Wenehana tuladha pakarti awatak becik sing tau koklakoni! 8. Apa paedahe yen sliramu ngetrapake watak becik iku? 9. Apa sangsine yen sliramu ora ngetrapake watak becik iku? 10. Coba bacutna wacan ing dhuwur manut imajinasimu dhewe nganti wujud crita sing enak diwaca, dirasa, lan mathuk karo irah-irahane! Nanging critamu aja nganti kedawan, cukup koktambahi kira-kira 200 tembung wae. Kegiatan 1: Wangun Teks Crita Cekak Pitakon-pitakon ing dhuwur ngarah marang perangane struktur teks critacekak (cerkak) sing awujud unsur intrinsik. Ngenani struktur teks lan unsur basa ingcrita narasi sing umum wis kaandharake ana ing buku Kirtya Basa 7. Cerkak yendititik lan dibandhingake karo narasi liyane, wujude tetep basa gancaran, dumadisaka rerangken crita sing mung lakon sakedadean bae, lan bisa diwaca sakalalangsung tamat. Ing piwulangan iki sing bakal dadi underane rembug ngenanistruktur crita cekak sing awujud unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsiksaka cerkak, yaiku tema, latar/setting, alur/plot, lan paraga/pamaragan(penokohan), sudut pandang, amanat/pesen, lan nilai budi pakarti. Unsur ekstrinsiksaka cerkak yaiku gegayutane crita karo kanyatan ing masyarakat, kaya ta adatistiadat, budaya, perilaku, lan sikap masyarakat. Cerkak mujudake crita rekayasa(imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Urip ing ndonya iki tansah ndeleng,ngrungokake, utawa malah nglakoni crita.Tugas 1: Nyemak Teks Crita Cekak Wacanen tuladha teks crita cekak ing ngisor iki kanthi permati! DEA KUDU BISA Sawise kepilih dadi ketua kelas, tanggung jawabe Dea dadi tansaya akeh.Saliyane ngayahi jejibahane minangka murid dheweke kudu bisa ngoordhinir kanca-kancane saengga ora ana kang nglanggar aturan sekolahan. Saliyane iku dhewekeuga kudu bisa dadi sesulihe bu guru nalika ora bisa rawuh jalaran gerah utawa ana3 KirtyaBasaVIIItugas saka sekolahan. Saka akehe jejibahan kandhangkala dheweke ngrasa orasanggup maneh dadi ketua kelas. Olehe mikir mangkono karana saya suwe kanca-kancane saya angel diatur.Kabeh pengin sakarepe dhewe, apa maneh yen pinuju bu guru ora rawuh lanmaringi tugas sing kudu digarap lan dikumpulake. Kanyatane kanca-kancane Deaora ana sing nganggep omongane Dea. Kanca-kancane pilih asyik dolanan, babarpisan ora nganggep tugas saka gurune sing diwenehake Dea. Wektu iku kanca-kancane padha ora gelem ngerjakake tugas singndadekake bu guru duka banget. Sejatine Dea ora luput, nanging tetep waedheweke ngrasa salah jalaran ora bisa nindakake tugas saka gurune kanthi becik.Senajan wektu iku bu guru wis dhawuh yen sing salah dudu dheweke, ning tetepwae Dea ngrasa ora kepenak jalaran ora bisa ngleksanakake tugase kanthi becik. Amerga kedadean kuwi Dea kerep nglamun ana ngomah jalaran nenimbangpepenginane mundur saka anggone tugas dadi ketua kelas. Ngenani pepenginanemundur kuwi wis dipikirake ana telung minggunan. Apa maneh nalika kelase kalahlomba kebersihan, tansaya ndadekake Dea rumangsa ora pantes dadi ketua kelas. Sore iku Dea ngrewangi resik-resik omah. Ibune nggatekake anake singkelas 8 SMP iku kerep meneng sajak ngalamun. Saka sorot mripate katon yen anakekuwi lagi duwe masalah. Mula sabubare nyirami kembang ana ngarep omah ibunengajak Dea lungguhan ana kursi sacedhake taman. "De, sajake kok lagi ana masalah. Coba critaa nyang ibu sapa ngerti ibu bisambantu! " "Ngeten hlo Bu, kula ngraos yen sampun mboten kiyat dados ketua kelas,"ature Dea. "Hlo, kena apa De? " ibune kaget. "Amargi kanca-kanca saben dinten tansaya rekaos dipunkandhani. Sedayakados kepingin sakarepe piyambak lan boten purun dipunpimpin. Napa malih nalikalomba kebersihan, kelas kula kawon kaliyan kelas sanese amargi kanca-kanca botenkompak kados rumiyin. Kula ngraos sampun boten pantes dados ketua kelas". "Aja kesusu njupuk dudutan lan mutusake hlo ndhuk. Awakmu biyen kepilihdadi ketua kelas lak ya sing milih kancamu dhewe. Tegese kanca-kancamu wispercaya marang awakmu. Prakara menang utawa kalah lomba kaya singkokomongne iku mau prakara lumrah. Nanging soal kekompakane kelas, kuwi singkudu dicara". "Maksudipun pripun Bu? " pitakone Dea. "Maksude ibu ngene hlo De. Kekompakan kelas iku ora tuwuh karepe dhewe.Nanging kudu dicara amrih kekompakan mau bisa tuwuh lan jinaga saengga kabehsing ana kelasmu bisa kompak lan nyedulur antarane siji lan sijine. Kepriye carane,awakmu lan kancamu sing ngerti".KirtyaBasa VIII 4Kebeneran wektu iku ibuke Dea weruh semut sing lagi baris. Weruh semutsing mlaku pating jlentrek ibuke banjur njupuk sapu sing maune diselehake anapinggir kursi anggone lungguh. "De, coba sawangen iki? " prentahe ibuke. "Awakmu bisa njupuk piwulang apa saka semut-semu kasebut? " Dea gedheg tandha ora ngerti apa sing dingendikakake ibune. Wekasanibune njlentrehake. "Ngene De. Ibu iki mau sengaja ndeleh sapu ana dalan sing diliwati barisansemut iku, kanggo nglambangake prakara sing kokadhepi. Senajan dalane katutupsapu, nanging semut-semut kuwi tetep ngupaya ngliwati sapu kasebut tanpanggresah. Semut kuwi tetep semangat ngliwati rintangan lan tetep maju terus.Saliyane kuwi awakmu ya weruh ana semut sing nggawa barang sing luwih gedhesaka awake. Senajan barang sing digawa iku mau abot nanging semut ora kelanganakal. Semut-semut kuwi kerjasama, saengga barang sing luwih gedhe saka awakekasebut bisa dipindhahake". Sawise krungu apa kang dingendikake dening ibune kasebut, Dea dadigedhe atine. Dheweke sadhar yen mundur saka tugase dadi ketua kelas ategesdheweke nyalahi amanah sing wis dipercayakake kanca-kancane. Saliyane iku Deauga ngrasa yen sasuwene iki dheweke kerep kerja individu, ora gelem nglibatakekanca-kancane. Bokmenawa saka tumindake kang kaya mangkono kuwi kanca-kancane dadi ora kompak. Sawise nyadhari mangkono. Wiwit sesuk dheweke bakal nindakake apa kayakang dingendikake ibune, yaiku kerjasama karo kabeh kancane. Ing atine saiki wistuwuh pangerten yen ora bakal ana prakara abot yen ditindakake kanthibebarengan. Mula saka kuwi dheweke mantebake awake dhewe. Saben-sabenngadhepi prakara kang abot, ing atine dheweke bakal ngomong, "Dea kudu bisa".Dea ngucapake rasa matur nuwun kang gedhe banget jalaran ibune wis menehipituduh supaya dheweke dadi bocah sing ora gampang nyerah. Ora wetara suweing ngarep omah katon taksi mandheg, lan saka jero taksi kasebut bapake sing wisrong taun kerja ana Malaysia kondur. Weruh bapake kondur Dea seneng banget,langsung mlayu mapag bapake.Bausastrajejibahan : kuwajibanngayahi : nindakake, nglakonisesulih : gantidudutan : simpulanwekasan : pungkasan, akhir, kerikawon : kalah5 KirtyaBasaVIIIKanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakon ing ngisor iki! 1. Apa tema crita cekak ing dhuwur? 2. Sapa paraga utamane? 3. Aranana sapa wae paraga panyengkuyunge? 4. Terangna watake para paragane! 5. Terangna kanthi urut prastawa sing dumadi ing crita cekak kuwi! 6. Aranana latar panggonan, wayah, lan kahanan sing tinemu saka crita cekak ing dhuwur! 7. Ragam basa apa kang digunakake ing crita cerkak kasebut? 8. Basa rinengga apa kang digunakake ing crita cerkak kasebut? 9. Golekana amanah/pesan moral sing tinemu saka crita cekak ing dhuwur! 10. Critakna kanthi ringkes isine crita cekak ing dhuwur! Pe Pepeling: Dadi ringkese, crita cekak sing dicekak cerkak iku crita kang ngandharake lelakon utawa kedadean kanthi ringkes, saka wiwitan nganti pungkasan. Ciri-cirine crita cekak/ cerkak, yaiku: 1. Ukarane ringkes lan nganggo basa gancaran. 2. Tembung-tembunge gampang dimangerteni. 3. Isine nyengsemake utawa nrenyuhake, nyritakake sacuwil prastawa ing panguripane paraga utama. 4. Critane ringkes bae, ora dawa-dawa. 5. Anggone maca mung mbutuhake wektu sedhela. Saben-saben pangripta nalika nulis sawijine karangan crita cekak mesthi nduweni tujuan tartamtu kang awujud pesen (amanat) lan pitutur marang sapa wae sing maca. Pesen (amanat) lan pitutur iku kalairake lumantar isi critane, pacelathon antarane paraga siji lan sijine, sarta watak-watake saben paraga.Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Crita Cekak Wacanen sepisan maneh teks "Dea Kudu Bisa" ing dhuwur. Sawise maca teks crita cekak mau bakal tinemu perangan teks kang diarani struktur teks kaya ing ngisor iki.a. Unsur intrinsik cerkak 1. Tema : gagasan utawa idhe sing dadi underane crita, bisa dititik langsung saka ukara-ukara ing teks, utawa dijupuk saka inti critane. Tuladha:KirtyaBasa VIII 6Tembung-tembung sekolahan, ketua kelas, kanca sakelas, kerjasama, lan sapanunggalane sing ana ing teks bisa nuduhake menawa cerkak "Dea Kudu Bisa" temane pendhidhikan. 2. Alur/plot: rerangkene kedadean ing sawijining cerkak. Alur lumrahe dumadi kanthi tahapan: (1) pangenalan/ eksposisi, (2) panantangan/konflik, (3) klimaks, lan (4) pamungkasan konflik (peleraian). Rerangken crita kang diwiwiti saka asale kedadean nganti akhire kedadean kanthi runtut diarani alur maju, dene rerangken kang diwiwiti saka akhire kedadean diarani alur mundur. Tuladha ing teks "Dea Kudu Bisa" alure klebu alur maju, amarga kabeh rerangken crita kang dumadi dicritakake kanthi runtut, diwiwiti nalika Dea dipilih dadi ketua kelas. 3. Latar/Setting: kabeh katrangan sing bisa dijupuk saka teks cerkak ngenani papan panggonan, waktu/wayah, lan swasana. Tuladha ing teks "Dea Kudu Bisa", katrangan papan panggonan ana ing tembung, kaya ta sekolahan, omah, lan kelas. Katrangan waktu kaya ta ana ing tembung sore, sesuk, pinuju bu guru gerah, dene katrangan swasana kaya ta rame, sedhih, kompak, lan liya-liyane. 4. Paraga/ Pamaragan (penokohan) : paraga ciptaan sing ana ing teks cerkak. Pamaragan (penokohan) yaiku kepriye anggone nemtokake wujud lan watake paraga salaras karo critane. Tuladha: Paraga utama ing cerkak "Dea Kudu Bisa" yaiku Dea. Dea bocahe lincah lan nduweni watak tegas lan tanggung jawab. 5. Sudut pandang: empan-papane sing nyritakake ana ing sajroning crita, bisa dititik tembung sesulih kanggo paraga utama ing cerkak. Tuladha: Ing cerkak "Dea Kudu Bisa" pangripta/penulis ngempanake minangka pratama purusa utawa wong katelu ing sajabane crita. 6. Amanat/ pesen: piweling/pesen sing kaandharake pangripta/penulis katujokake marang sing maca. Saka amanat utawa pesen bisa7 KirtyaBasaVIIIdijupuk hikmahe lan bisa dicocokake sambung rapete karo panguripan ing saben dinane. Tuladha: Pesen kang bisa kapirid saka teks cerkak "Dea Kudu Bisa" yaiku kewajiban kudu dilakoni kanthi iklas lan ora oleh gampang ngresula (putus asa).b. Unsur ekstrinsik cerkak Unsur ekstrinsik cerkak yaiku gambaran ngenani jaman, adat istiadat, budaya, perilaku lan sikap masyarakat sing bisa ditintingi saka cerkak. Unsur ekstrinsik cerkak "Dea Kudu Bisa" menawa ditintingi saka jeneng "Dea" nuduhake yen jeneng kuwi wis klebu jaman saiki. Budaya sing bisa ditintingi saka cerkak yaiku budaya Jawa awit unggah-ungguh basane sing mung ana ing budaya Jawa.Gladhen :Wacanen teks " Budi Dhemen Tetulung" ing ngisor iki, banjur tintingana unsurintrinsik lan ekstrinsike kanthi ngisi tabel kang sumadiya! BUDI DHEMEN TETULUNG Dening: Om Pawit Budi, minangka ketua kelas iku pancen sregep lan dhemen tetulung. Apasing dadi tanggung jawabe sing magepokan karo tugase ketua kelas mesthiditandangi kanthi beres. Lan, dheweke dhemen tetulung marang sapa wae tanpapilih kasih. Kanggo nyiapake ujian akhir, Bu Ani, guru wali kelase maringi gladhen soal-soal marang bocah-bocah. Diajab mangkone bocah-bocah ing taun iki bisa luluskabeh kanthi biji sing maremake. Nanging, nalika Bu Ani arep mbagi gladhensoal, pranyata soale keri ing ndalem. "Wadhuh cah, kertas soale kok keri nang ngomah, jare! " ature Bu Ani karonggoleki kertas soal ing tase. "Kula pendhetaken napa, Bu? " ujare Budi. Senajan ora didhawuhi, Budigelem aweh pitulungan marang Bu Ani. Miturut Budi, iku mau uga salah sijinetugas ketua kelas. "Ora usah wae, daleme Bu Ani adoh, kok! Kejaba kuwi, sing ana ngomahuga durung mesthi ngerti nggone soal-soal mau. " "Wah...! Njur ora sida gladhen, ki...! " pambengoke sebagean bocahbebarengan. Katone padha gela dina iku ora sida gladhen soal-soal ujian. "Mbesuk rak ya bisa ta, cah! "KirtyaBasa VIII 8"Menawi soal aslinipun wonten boten, Bu? Kula purun motocopi, " kandhane Budi. "O, lha iya, kosik-kosik takgolekane. " Bu Ani banjur dhudhah-dhudhah nggoleki isi laci mejane. Sauntara, Bu Ani lagi nemokake kertas soal sing asli. Kertas mau banjur diwenehake Budi supaya difotocopi. Budi dipesen supaya ngati-ati lan ora usah adoh-adoh anggone motocopi. Budi banjur mlayu njrantal marani sepedhahe ing parkiran. Sawise rampung motocopi, Budi meruhi Pak Darso ing sabrang dalan. Pak Darso lagi nuntun skutere kanthi krenggosan, amarga dalane pancen munggah. Budi ora mentala, dheweke banjur ngaruhake. Sapa ngerti dheweke bisa aweh pitulungan. Budi banjur age-age ngenggokake sepedhahe marani Pak Darso. "Skuteripun mogok, Pak? " pitakone Budi sing gawe kagete Pak Darso. "O, e, kowe ta, Budi! ngeban jare, Bud. Mangka Bapak selak arep nyang rumah sakit niliki bocahku. Jarene ibune, mau tiba saka wit" wangsulane Pak Darso isih krenggosan. "O, ngaten. " "Lha kowe saka ngendi, Bud? " "Saking motocopi, Pak. " "Ya wis kana, ndang mbalik nyang sekolahan! " "Nggih, Pak, " wangsulane Budi karo isih nyawang ban skutere Pak Darso. "Nganu Pak, skuteripun ampun dipuntuntun, mangke mundhak ban lebete risak! " "Lha piye maneh, ora ana bengkel cedhak kene, jare! " "Ngaten mawon, Pak! Banipun dipuncopot, mangke kula beta nggenipun Bapak kula. " "Bapakmu mbengkel, pa? " "Inggih, mangke ngangge ban serep nggenipun Bapak kula rumiyin. Kadosipun kok ukuranipun sami. " Meruhi Pak Darso sajak kekeselen, Budi banjur ngrewangi anggone nyopot ban. Budi katon prigel, amarga saben dinane dheweke kerep ngrewangi bapake mbengkel. Yen mung mbukaki mur ban skuter wae, dheweke bisa. Lha wong kadhang-kadhang didhawuhi bapake ngganti oli pit motor kok. Bebarengan karo copote ban skuter, ana kedadean sing gawe bingunge Budi. Geneya Budi bingung? Ya, amarga kertas soal sing difotocopi mau tiba saka jok skuter lan kabur digawa angin. Malah sebagean ana sing kabur mlebu kalenan. "Adhuh, pripun niki, Pak? " "Wis ora papa. Mengko Bapak sing matur Bu Ani. "9 KirtyaBasaVIIIBan skuter banjur age-age digawa Budi menyang bengkele bapake.Wondene Pak Darso njupuki kertas-kertas soal mau. Budi arep melu njupuki oradiparengake, amrih urusane enggal rampung. Ora nganti suwe, Budi wis bali maneh karo nggawa ban serep duwekebapake. Pirsa Budi nggawa ban serep, penggalihe Pak Darso katon lega. "Wah, matur nuwun ya, Bud" ature Pak Darso. "Sami-sami, Pak. O, nggih Pak, mangke yen banipun sampun dipuntembel,dalem betakaken dhateng sekolahan. " "Ora susah, mengko Bapak takmampir nyang bengkele Bapakmu wae! " Nalika Budi arep ngrewangi masang ban, dheweke dipenging Pak Darso.Budi didhawuhi enggal-enggal mbalik nyang sekolahan. Supaya ora dientenidening Bu Ani lan kanca-kancane. Budi mbalik nyang sekolahan kanthi ati sumelang. Ing batine dhewekebakal didukani Bu Ani, amarga kesuwen anggone mbalik nyang sekolahan.Apamaneh kertas soal sing difoto-copy padha reged lan sebagean maneh teles.Pancen mau Pak Darso ngendika yen arep matur Bu Ani, nanging mesthi waeora saiki. Kesupen uga bisa, amarga lagi nyumelangake putrane sing lagi lara ingrumah sakit. Wekasane Budi pasrah, mboh apa sing bakal ditemoni. Kanthi ati ditatag-tatagake, Budi nothok lawang kelas. Let sedhela, lawang dibukak dening Bu Ani.Meruhi sing teka Budi, kanca-kancane banjur padha nyaruwe. "Huuu...! "pambengoke kanca-kancane. " Lho kok suwe temen ta, Bud? " pandangune Bu Ani. "Budi tilem, Bu...! " panyaruwene salah sijine kanca sing gawe guyusakelas. "Sik, sik, padha menenga dhisik! Piye, Bud? " "I, inggih, Bu. Anu, kok, Bu, " wangsulane Budi keweden. "Anu, apa Bud? " "Anu, kalawau kula mbiyantu Pak Darso. Lan, njalari lembaran soalipunkabur, " wangsulane Budi karo nuduhake lembaran kertas iku. "Lha kowe nulung apa ta? " "Nggantos ban, Bu. " Mireng kandhane Budi, Bu Ani ora banjur duka. Panjenengane malahngelem marang Budi, amarga dhemen tetulung marang sapa wae. Senajan PakDarso dudu guru kelase, dheweke gelem mbiyantu. Miturut Bu Ani, Pak Darsosing lagi kesusahan amarga putrane nembe tiba iku pancen mbutuhakepitulungan. "Wis, ora dadi ngapa. Kana, kertas soale ndang dibagekake! " "Inggih, Bu." Saknalika mak plong atine Budi, krungu ngendikane Bu Ani. (Kapethik saka majalah Panjebar Semangat No. 37-15 September 2012 kanthi owah-owahan saperlune)KirtyaBasa VIII 10No Struktur Teks BuktiA. Unsur Intrinsik1 Tema ………………………………………………………………… Bukti:2 Alur/ plot …………………………………………………………………3 Latar/ setting ……………………………………………………………… Bukti:4 Paraga/ ………………………………………………………………… Pamaragan …………………………………………………………………5 Sudut pandang Bukti: …………………………………………………………………6 Amanat/ Pesen …………………………………………………………………B. Unsur Bukti: ekstrinsik ……………………………………………………………… ……………………………………………………………… Bukti: ……………………………………………………………… ……………………………………………………………… Bukti: ……………………………………………………………… …………………………………………………………….. ………………………........................................ Bukti: ……………………………………………………………… ………………………………………………………………Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Crita Cekak Unsur basa ing cerkak bisa katitik saka tetembungan kang ana teks cerkak kasebut. Ngenani unsur basa sing ana sambung rapete karo panganggone tembung-tembung kanggo nambahi endah, nges lan mentese tembung wis karembug ing Kirtya basa 7, ing piwulangan iki sing dadi underane rembug ngenani unsur basa ing cerkak. Yaiku ngenani ukara sing11 KirtyaBasaVIIIdigunakake ing cerkak kanthi cara dititik saka jinise ukara lan unggah-ungguhe basa. Dititik saka jinise, ukara-ukara ing teks "Dea Kudu Bisa"dumadi saka ukara langsung lan ora langsung, dene manawa dititik sakaunggah-ungguh basa dumadi saka ukara ngoko lan krama.1. Ukara langsung lan ora langsung Ukara langsung yaiku ukara sing jejere sing ngomong, utawa wong kapisan/utama purusa sing ngomong. Ukara ora langsung yaiku ukara sing ngomong/nyritakake wong katelu. Ukara ing teks cerkak "Dea Kudu Bisa" bisa dititik saka sapa sing didadekake jejere crita lan sapa sing nyritakake. Yen sing dadi paraga utama dadi jejere crita, artine ukara mau diarani ukara langsung. Yen paraga utama dadi lesane crita, artine ukara mau diarani ukara ora langsung. Tuladha: Ukara langsung yaiku ukara sing diomongake dening wong kapisan. - "De, sajake kok lagi ana masalah. Coba crita nyang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu? " ngendikane ibune. - "Ngeten hlo Bu, kula ngraos yen sampun mboten kiyat dados ketua kelas", ature Dea. Tuladha ukara ora langsung yaiku ukara sing nirokake omongane wong liya. - Kandhane ibune, yen Dea ana masalah diutus crita nyang ibune sapa ngerti ibune bisa mbantu. - Kandhane Dea, dheweke ngrasa wis ora kuwat dadi ketua kelas.2. Unggah-ungguh Basa Ing sawijining narasi utama teks crita cekak ukara-ukarane dumadi saka ukara gancaran lan ukara pacelathon kanggo nggambarake dumadine kedadean sing luwih rinasa nyata. Ukara gancaran lan ukara pacelathon/dhialog kudu trep lan salaras karo unggah-ungguh basa. Teks crita cekak "Dea Kudu Bisa" panganggone basa ing pacelathone wis trep karo unggah-ungguh. Ukara ngoko digunakake paraga ibu katujokake marang Dea, ukara ngoko alus digunakake nalika nyritakake sing ana sambung rapete karo ibu (paraga kang pantes dikurmati), ukara krama digunakake Dea katujokake marang ibune. Tuladha:KirtyaBasa VIII 12Basa ngoko lugu : "De, sajake kok lagi ana masalah. Coba crita nyang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu? " Basa ngoko alus : Sawise nyadhari mangkono. Wiwit sesuk dheweke bakal nindakake apa kaya kang dingendikakake ibune. Basa Krama: "Amargi kanca-kanca saben dinten tansaya rekaos dipunkandhani. Sedaya kados kepengin sakarepe piyambak lan boten purun dipunpimpin". Gladhen: A. Ukara-ukara langsung ngisor iki owahana wujude dadi ukara ora langsung lan suwalike kaya tuladha ing dhuwur! 1. Dea matur, "Kelas kula kawon kaliyan kelas sanese amargi kanca- kanca boten kompak kados rumiyin". 2. "Prakara menang utawa kalah lomba kaya sing kok omongne iku mau prakara lumrah", ngendikane ibune. 3. "Dea bisa njupuk piwulang apa saka semut-semu kasebut?" pitakone ibune. 4. "Kekompakan kelas iku ora tuwuh karepe dhewe", ngendikane ibu. 5. "De, coba sawangen iki? " prentahe ibuke. 6. Bapak Kepala Sekolah ngendika menawa murid-murid ora pareng metu saka pekarangan sekolah ing wektu ngaso. 7. Rini kandha yen dheweke dhek wingi oleh hadhiyah buku. B. Ukara-ukara nganggo basa ngoko iki owahana dadi basa krama utawa suwalike kaya tuladha ing dhuwur! 1. Mireng kandhane Budi, Bu Ani ora banjur duka. 2. Panjenengane malah ngelem marang Budi, amarga dhemen tetulung marang sapa wae. 3. Senajan Pak Darso dudu guru kelase, dheweke gelem mbiyantu. 4. Bapak tindak dhateng Semarang nitih kreta tabuh gangsal enjing. 5. Ingkang ngagem rasukan bathik punika ibu kula. 6. Bu Rini maringi yatra gangsal ewu kagem tumbas gendhis abrit. 7. Kalawingi Syahrini ngaturi simbahipun kalawarti Panjebar Semangat.13 KirtyaBasaVIIITugas 4: Nyimpulake Isine Teks Crita Cekak Cara nyimpulake isi teks crita cekak, yaiku kanthi mangerteni unsur intrinsik, isine, lan maksude crita saben paragrap. Maca teks crita cekak kanthi permati kowe bakal mangerti apa isine wacan. Gatekna pituduh ing ngisor iki kanggo nyimpulake isine wacan. 1. Wacanen teks "Budi Dhemen Tetulung" kanthi permati! 2. Tulisen ukara baku ing saben pada (paragrap). 3. Roncenen ukara-ukara baku mau supaya dadi sapada. Gladhen: Gawea dudutan (kesimpulan) isine teks "Budi Dhemen Tetulung" manut pituduh ing dhuwur!Tugas 5: Nulis Aksara Jawa Supaya bisa nulis ukara langsung nganggo aksara Jawa kanthi bener, sliramu kudu mangerteni bab "tetenger pada". Semaken andharan ngisor iki! 1. Adeg-adeg, kanggo nulis wiwitane ukara. Wujude: ? 2. Pada lingsa, kanggo nulis tanda "koma". Wujude: , 3. Pada lungsi, kanggo nulis tanda "titik". Wujude: . 4. Pada pangkat (;) iku gunane yaiku kanggo: Tuladha: a. Ngapit ukara jangkep sing ana paprincene/ rinciane. Tuladha : - Aminah tuku pelem, nanas, lan kates. ?Ami!h tuku; peXm\ nns\ lnK[ts\, b. Ngapit angka. Tuladha : - Dhuwitku 2500 rupiah. ?duwitÑ| ;2500; rupiyh.KirtyaBasa VIII 14c. Ngapit pethikan ukara langsung. Tuladha : - Ibu dhawuh, “Sinaua sing sregep!” ?Ibu dwuh ; sinauw si= s}gep\, Gladhen: Ukara ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa kanthi bener! 1. Adhik sinau maca lan nembang. 2. Aku mau esuk sarapan sega goreng, endhog, lan krupuk. 3. Ibu mundhut gula, kopi, lan uyah. 4. Bapak dhawuh, "Sing jujur supaya uripmu mujur". 5. Masku takon, "Kowe saiki kelas pira? " Kegiatan 2: Nintingi Teks Crita Cekak Kanthi Klompok Ing kegiatan iki sliramu kudu nggarap kabeh tugas kanthi dhiskusi klompok, mula nggawea klompok kang anggotane 4-5 bocah lanang lan wadon! Sajroning nggarap sliramu kudu mangerteni aturane dhiskusi, yaiku: a. Temtokna sapa sing dadi ketua klompok, sekretaris, lan modherator. b. Jlentrehna apa wae jejibahan sing kudu dilakoni dening ketua, sekretaris, lan modherator nalika dhiskusi klompok. c. Anggonmu dhiskusi kudu tansah nengenake sikap-sikap: jujur, tepa slira, sopan santun, tanggung jawab, dhisiplin, toleransi, lan percaya diri. d. Anggonmu nggarap kudu dhiskusi klompok kanthi kompak. e. Sawise dhiskusi, wacanen asil dhiskusi klompokmu ing ngarep kelas kanthi santun! f. Kanca-kancamu bisa takon tumrap gladhenmu sing durung cetha, uga bisa menehi panyaruwe/saran. g. Saben anggota klompokmu bisa aweh panemu lan solusi jawaban, supaya tinemu wangsulan sing luwih gumathok. h. Klompokmu uga kudu bisa nrima panyaruwe/saran utawa solusi jawaban saka klompok liyane. i. Sawise dhiskusi, sampurnakna gladhenmu kanthi migatekake usulan- usulan lan panyaruwe saka klompok liya sarta pamanggihe Bapak/Ibu Guru. j. Sawise gladhenmu sampurna, kumpulna marang Bapak/ Ibu Guru minangka tugas klompok!15 KirtyaBasaVIIITugas 1: Nintingi Teks Crita Cekak Wacanen crita cekak ngisor iki kanthi permati! DADI JURAGAN BARANG BEKAS Dening : Budi Wahyono Karepe Mugiman sepele. Mung arep mbiyantu bapake sing thenger-thengersaben dina merga ora nduweni paitan kanggo dodol terompet. Sanadyan paitan wisana nanging gunggunge ora sepira. Isih cupet. Kudu dimangerteni yen gawetrompet mbutuhake paitan maneka warna. Saka dluwang werna-werna rupane,kerdhus tumeka lem. Dluwang wis cumepak sak jogan ruwang tamu. Tumekan dluwang singnggilap ulese maneka warna turahan setahun kepungkur isih bisa digunakake. Lemsaka pathi kanji ya wis cumepak. Sak wektu-wektu mbok Yekti gelem nggawe. ”Kerdhuse mepet ya Pak?” Mugiman banjur alok bapake sing katon rikuh.Minangka wong tuwa sajake ora patrap yen terus-terusan ngupadaya Mugiman. ”Sekolahan ketoke ana kerdhus akeh Pak. Aku wingi ditawani Pak KepalaSekolah,” kandhane mbukak bruwete pikir. Antara percaya lan ora, bapake perlunegesake. ”Kok apik temen kepala sekolahmu, Mug?” ”Ya iku merga aku nate dadi juara kelas Pak. Saliyane kuwi uga dadi juarakarate nalika Porseni tingkat kecamatan,” wangsulane ethes kaya-kaya wisdisiapake. Lik Min kaget. ”Kapan kerdhus-kerdhus mau bisa mbok jupuk? Kerdhus wis ora kanggotenan ta?” bathuke bapake isih pating pengkerut. ”Tenan Pak, Bapak Kepala Sekolah nawani kaya mangkono merga pirsa yenawake dhewe bakulan trompet.” Lik Min manggut-manggut mantep. Bubar sarapan Mugiman njranthaltumuju sekolah. Kebeneran sekolah lagi prei. Sanadyan prei Bapak Kepala Sekolahpiket. Dadi Mugiman ora kecelik. Tekan ngarep lawang, kepala sekolah sing grapyak gage-gage nemoniMugiman. Eseme sing nentremake ati diumbar. ”Sida golek kerdhus Mug?” ”Saestu Pak, saestu,”KirtyaBasa VIII 16”Lha endi wadhahmu?” ”Kula bentel lajeng kula sunggi menapa mboten kiyat to Pak?” semauresakecekele. Pak Kepala Sekolah gedheg-gedheg. ”Ah, mesakake sirahmu. Yen kenteban kerdhus malah kelong pintere lho!”guyone kepala sekolah. Mugiman mlengeh. ”Luwih becik bapakmu diaturi rene. Gudhang ya ana grobag cilik, bisa mbokgunakake,” ”Matur nuwun Pak, matur nuwun sanget.” Mugiman sing entuk kawigatenkang omber rumangsa kudu sumringah atine. Mugiman lan lik Min mbongkoki tumpukan kerdhus ana ing ruwang kepalasekolah. Pirang-pirang bentel. Loro-lorone gembrobyos. Batine Lik Min, kok akehtemen kerdhus sing diparingake. ”Kerdhus-kerdhus niku pun pundhut menapa pun paringaken Pak?” pitakonelik Min lugu. Pak Mus, kepala sekolah mung gumujeng. ”Pun paringaken… Kangge hadhiah Mugiman kemawon. Sekolah dereng sagetmaringi hadhiah ingkang pantes kangge Mugiman. Menika kangge bonus.” Pak Musngajak guyon. Lik Min klecam-klecem. Batine, hadhiah kerdhus iki yen direganidhuwit bisa kepetung luwih seketan ewu. Petungan jumlah sing bisa ngurangirekasane bapake. Luwih sak jam olehe ubeg ana ruwang kepala sekolah, bacute loro-loronepamitan mulih. Mesthi wae ora lali ngaturake panuwun marang kepala sekolahe. ”Dadi wong pinter ya ana rejekine ya Mug?” ”Iya ta Pak, rencanane semester ngarep aku bakal entuk beasiswa.” ”Saka sekolahan?” ”Saka pamarintah Pak. “ ”Wah, wujude dhuwit ya Mug?” bapake ngoyak takon. ”Iya Pak, mosok beling?” ceblang-ceblung olehe mangsuli. *** Kocapa bareng kerdhus mau diusung nganggo grobag menyang ngomah,dumadakan dadi sak gunung. Omahe nganti kebak. Mbludag menyang emper.Mesthi wae dadi repot mbok menawa ana tamu. Kahanan kaya mangkono maundadekake sesawangan sing ora kepenak menyang mripat. Bejane Yu Yah singtukang dodol barang rongsokan rumangsa kudu melu cawe-cawe. Dheweke saguhnukoni kerdhus-kerdhus mau. ”Tinimbang ngebaki omah reged to Mug, piye yen daktuku kerdhus-kerdhusmu? Bapakmu endi?” Yu Yah lungguh dlosoran saking kesele. ”Iki kerdhusku Lik, ora sah taren karo bapak. Bapak menyang kutha dodoltrompet,” semaure entheng. ”Sekilone pira? Apa diborong kabeh sisan Lik?”17 KirtyaBasaVIII”Ya, ngono wae timbang repot-repot,” ”Arep mbok tuku pira Lik?” minggrang-minggring olehe taren. ” Taktuku 50 ewu rupiyah piye?” ”Tambahi sithik ta Lik, iki arep takenggo paitan dodol dluwang rongsokan.Aku arep dadi tukang ngepul kertas, kerdhus, plastik..” ”Wah, saingan karo aku yo Le?” ”Ya ora ta Lik, mengko daksetorke sampeyan,” Bacute kerdhuse Mugiman didol payu sewidak ewu. Kanggone Mugiman ikipetungan sing lumayan. Pikirane banjur mletik. Yen kerdhus payu, mesthi dluwang-dluwang duweke kanca-kancane sing ora kanggo uga payu. Mula saploke preinan iki Mugiman mubeng kampung nemoni kancane sakkelas mbaka siji. Kabeh ditakoni, mbok menawa nduwe dluwang sing ngebaki omahlan dadi susuh tikus. Ora kenyana-nyana, jebule ora mung dluwang wae. Kerdhus,plastik, wis kasil digawa mulih Mugiman. Ayeme ora jamak sanadyan awake kesel. Malah kadhangkala Mugiman mesem dhewe nalika nyawang barang-barangrongsokan mau. Sanadyan wis akeh sing nglirik, Mugiman durung lila ngeculake. Aticilike mongkog rumangsa dadi juragan. Telung dina bacute bapake kaget. Ngomahe kebak maneka warna barang-barang sing wis ora kanggo. ”Lho, kok kowe dadi juragan Mug? Entukmu modhal saka ngendi?” ”Tanpa modhal Pak, tugase bapak saiki nampa lan nukoni wong-wong kangadol dluwang, kerdhus, plastik, lan wesi. Iki dhaptare rega saben kilone Pak..Yenwis nglumpuk arep diparani sing kawogan..,” ”Lha kok nduwe dhuwit saka ngendi Mug?” ”Saka koperasi sekolah Pak, disilihi Pak Kepala Sekolah.” Bapak lan anak rangkulan. Trenyuh. Sapa ngerti yen iki pancen dalan kanggopaitan urip sing luwih mbejaji. Tinimbang dadi buruh tani. Tinimbang mungnjagakake dodol trompet setahun pisan. Tinimbang mulih sekolah mung ngantukklakepan. http://planetdemam.blogspot.com/2009/12/dadi-juragan-barang-bekas-cerkak- cerita.html 18 Des 2010 pk 23:30KirtyaBasa VIII 18Bausastra thenger-thenger : meneng karo kebak pikiran paitan : modhal gunggunge : cacahe ulese : wernane, rupane manggut-manggut : manthuk-manthuk njranthal : mlayu banter tanpa kakehan pikiran grapyak : semanak, semedulur age-age : cepet-cepet bentel : tali (dibentel : ditaleni dadi sagulung) kenteban : ketiban, ketumpukan mbongkoki : naleni klecam-klecem : ngguya-ngguyu tanpa swara minggrang-minggring : ragu-raguWangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Apa tema cerkak ing dhuwur? 2. Apa sing nyebabake bapake Mugiman thenger-thenger? 3. Apa pegaweane Bapake Mugiman? 4. Mugiman ditawani apa dening kepala sekolahe? 5. Apa sebabe kepala sekolah peparing marang Mugiman? 6. Piye larah-larahe kok Mugiman bisa menyang sekolahan, kamangka wektu iku wektu prei sekolah? 7. Kepriye Mugiman olehe nggawa barang-barang sekolahan mau ? 8. Sapa Yu Yah kang ana ing crita iku ? 9. Sapa bae paraga kang ana ing cerkak ”Dadi Juragan Barang Bekas” ing dhuwur? 10. Pitutur lan pesen apa kang bisa kapethik saka cerkak mau?Tugas 2 : Nintingi Struktur Teks Crita Cekak Tintingana teks crita cekak ”Dadi Juragan Barang Bekas” ing dhuwur.Sabanjure golekana unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik lan buktine saka teks, kanthingisi titik-titik ing ngisor iki!No Struktur Teks BuktiA. Unsur Intrinsik1 Tema …………………………………………………………………… ……………………................................................19 KirtyaBasaVIIIBukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... .......................................................................2 Alur/ plot …………………………………………………………………… ………………….................................................... Bukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... .......................................................................3 Latar/ setting …………………………………………………………………… ………………...................................................... Bukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... ......................................................................4 Paraga/ …………………………………………………………………… Pamaragan ……………………................................................. Bukti: …………………………………………………………………… ………............................................................... ......................................................................5 Sudut pandang …………………………………………………………………… …………………................................................. Bukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... ......................................................................6 Amanat/ Pesen …………………………………………………………………… ………………………............................................. Bukti: ……………………………………………………………………KirtyaBasa VIII 20………………….................................................... ......................................................................B. Unsur ekstrinsik …………………………………………………………………… ………………………............................................. Bukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... ......................................................................Tugas 3 : Nintingi Unsur Basa Sajrone Crita Cekak Tintingana teks crita cekak ”Dadi Juragan Barang Bekas” ing dhuwur.Sabanjure golekana unsur basa kang gegayutan karo ukara langsung lan oralangsung, sarta ukara basa ngoko lan basa krama, lan buktine saka teks, kanthingisi titik-titik ing ngisor iki!No Unsur Basa Bukti1 Ukara 1. ………………………………………………………………….. langsung 2. ……………………………………………........................ 3. …………………………………………………………………… 4. …………………………………………………………………... 5. ……………………………………………………………………2 Ukara ora 1. …………………………………………………………………… langsung 2. …………………………………………………………………… 3. …………………………………………………………………... 4. ……………………………………………………………………21 KirtyaBasaVIII5. ……………………………………………………………………3 Basa ngoko lugu 1. ……………………………………………………………....... 2. …………………………………………………………………… 3. …………………………………………………………………… 4. …………………………………………………………………… 5. ……………………………………………………………………4 Basa krama 1. …………………………………………………………………… 2. …………………………………………………………………… 3. …………………………………………………………………… 4. …………………………………………………………………… 5. ……………………………………………………………………Tugas 4: Nintingi Isine Teks Crita Cekak 1. Jingglengana maneh teks ”Dadi Juragan Barang Bekas” kanthi permati. 2. Tulisen kanthi cekak aos isine teks cerkak ”Dadi Juragan Barang Bekas” kaya pituduh pasinaon sadurunge. 3. Goleka maneh crita cekak liyane, banjur tulisen isine crita kanthi cekak aos, paling ora rong paragraph!Tugas 5: Nulis Ukara nganggo Aksara Jawa Pethikan teks ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa sing bener! ...” Taktuku 50 ewu rupiyah piye?” ”Tambahi sithik ta Lik, iki arep takenggo paitan dodol dluwang rongsokan. Aku arep dadi tukang ngepul kertas, kerdhus, plastik..” ”Wah, saingan karo aku yo Le?” ”Ya ora ta Lik, mengko taksetorke sampeyan.”KirtyaBasa VIII 22Bacute kerdhuse Mugiman didol payu sewidak ewu. Kanggone Mugiman iki petungan sing lumayan. Pikirane banjur mletik. Yen kerdhus payu, mesthi dluwang-dluwang duweke kanca-kancane sing ora kanggo uga payu. Mula sakploke preinan iki Mugiman mubeng kampung nemoni kancane sak kelas mbaka siji. Kabeh ditakoni, mbok menawa nduwe dluwang sing ngebaki omah lan dadi susuh tikus. Ora kenyana-nyana, jebule ora mung dluwang wae. Kerdhus, plastik, wis kasil digawa mulih Mugiman. Ayeme ora jamak sanadyan awake kesel....Kegiatan 3 : Nulis Teks Crita Cekak Kanthi Mandhiri Ing kegiatan pasinaon iki sliramu bakal sinau nulis teks crita cekak kanthicara mandhiri. Nalika nulis teks crita cekak miliha tema budi pakarti.Tugas 1 : Ngidhentifikasi Teks Crita Cekak Kanggo ngidhentifikasi teks crita cekak, tindakna langkah-langkah ing ngisor iki: 1. Goleka crita bab budi pakarti sing saiki tansaya luntur ing panguripan saben dina. 2. Dheskripsekna unsur intrinsik lan ekstrinsik cerkak mau kanthi ngisi tabel ing ngisor iki:No Struktur Teks BuktiA. Unsur Intrinsik1 Tema …………………………………………………………………… ……………………................................................ Bukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... .......................................................................2 Alur/ plot …………………………………………………………………… ………………….................................................... Bukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... .......................................................................23 KirtyaBasaVIII3 Latar/ setting …………………………………………………………………… ………………...................................................... Bukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... ......................................................................4 Paraga/ …………………………………………………………………… Pamaragan ……………………................................................. Bukti: …………………………………………………………………… ………............................................................... ......................................................................5 Sudut pandang …………………………………………………………………… …………………................................................. Bukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... ......................................................................6 Amanat/ Pesen …………………………………………………………………… ………………………............................................. Bukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... ......................................................................B. Unsur ekstrinsik …………………………………………………………………… ………………………............................................. Bukti: …………………………………………………………………… ………………….................................................... ......................................................................KirtyaBasa VIII 24Tugas 2 : Nulis Teks Crita Cekak Sawise langkah-langkah mau koklakoni lan apa sing diperlokake wis sumadya, nulisa teks crita cekak sing prasaja wae. Sajrone nulis teks crita cekak, jingglengana maneh kanthi permati struktur teks narasi sing karembug sadurunge, kaya ta: tema, alur/ plot, latar/ setting, paraga/ pamaragan, sudut pandang, amanat/ pesan.Tugas 3 : Maca Teks Crita Cekak Asil tulisanmu wacanen ana ngarepe kanca-kancamu! Sawise iku banjur kumpulna marang Bapak/ Ibu gurumu kanggo tugas portofolio.25 KirtyaBasaVIIIUJI KOMPETENSI WULANGAN 1A. Teks ing ngisor iki wacanen sing premati, sabanjure wangsulana pitakon-pitakon kanthi milih wangsulan sing bener ! AKU DURUNG KALAH Ngadeg neng teras omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng- renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit. Mung siji kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sawise nyambut gawe sedina ngrampungake tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela mesthi bakal keprungu swara mbrenginging saka dalan ngarep omah neng komplek perumahanku. Pak Wiryo. Bakul puthu bumbung mikul dodolane, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan ngarep omahku mesthi mandheg karo cluluk, "Puthu, Mas!" Aku banjur mbukak pager, mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak Wiryo uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku puthu bumbung. Pak Wiryo padha karo aku. Padha-padha wong sing nyoba golek panguripan ing kutha kene, sing jarene nggon dhuwit. Mung bedane, aku bisaKirtyaBasa VIII 26tuku omah, duwe rodha papat gaweyan Jepang modhel sing paling keri dhewe, nyambut gawe neng kantor sing ruwangane adhem. Pak Wiryo crita, yen omahe ana ing mburi lapangan golf. Saben esuk lan sore nalika mangkat lan mulih saka kantor aku mesthi ngliwati tugu gedhe. Ngisor tugu kuwi ana dalan sing dawane watara rong kilonan tumuju menyang lapangan golf. Aku pancen durung nate weruh. Nanging aku bisa mengerteni yen omahe Pak Wiryo mesthi sawijining kampung nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa diselaki yen panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen digarap dening investor. Kompleks sandhinge panggonane Pak Wiryo wis digusur arep kanggo ngambakna lapangan golf. Wong-wong diwenehi ganti rugi sak cukupe (jenenge wae ganti rugi, mesti ya sacukupe). Coba yen jenenge diganti 'ganti untung'. Mula akeh wong-wong kampung kana sing ora sarujuk karo pembebasan tanah kuwi. "Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna Pak?" Pak Wiryo mung mesem krungu pitakonku, sajake wis ngerti apa karepku. Aku mbacutake takon maneh. "Lah yen lapangane diambakna, terus kampunge sampeyan digusur piye Pak?" "Nggih kersane napa ingkang kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih pindhah, wong pancen mboten gadhahane." Pak Wiryo terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing mung kari siji neng tanganku. Aku gumun dene Pak Wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa alus. Mangka Pak Wiryo umure ora beda adoh saka bapakku Nalika aku pisanan tuku puthu banjur dadi langganan, Pak Wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus. Karepku mono ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku kudu ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi. "Panjenengan niku lho Mas, wong priyayi ageng kok ndadak basa lho kalih kula." Oalah, donya kuwi jebule pancen isih mbedakna drajat, pangkat lan donya. Mula saka kuwi aku duwe panemu yen aku klebu wong begja. Lair ing kluwarga sing ana lan bisa ngrasakna kamukten urip. Sanajan ora nganti sugih mblegedhu, nanging sakora-orane yen kepengin apa-apa bisa keturutan. Nanging wong sing kaya Pak Wiryo, menawa biyen bisa milih, mesthi ora kepengin lair neng donya dadi wong sing kudu nyambung urip kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan kuwi gelem ora gelem kudu diadhepi. Sejatine miturut panemuku, mbuh kuwi bener mbuh ora, kasunyatan sing kaya ngono kuwi wis digarisna dening Kang Maha Kuwasa supaya urip ing donya bisa laras. Sing gedhe nulung sing cilik, sing kuwat mbiyantu sing ora kuwat. Nanging kaya apa sing kedadean? Ing jaman saiki sing dumadi, sing gedhe27 KirtyaBasaVIIImangan sing cilik. Sing kuwat ngidak-idak sing kesrakat. Donya, pangkat, landrajat sing dadi ukuraning urip. Pak Wiryo, lan wong-wong sing manggon ing mburi lapangan golf singkudu minggir amarga dianggep ora ana maneh nilai ekonomise kanggopembangunan kutha. Nanging wong kaya Pak Wiryo arep ngapa? Bisa apa? Oraana sing dinggo ngomong sora nalika ganti rugi sing ditampa kuwi, ajine orasepiraa. "Pak, wong puthune sampeyan enak. Piye yen taksilihi modhal, terus gawehome industri, puthune diwenehi cap terus didol nyang supermarket?" "Wah, mangke yen kula mboten ider mriki malih, njenengan kangelanndadak pados puthu teng supermarket," Pak Wiryo ngguyu latah-latah. "Kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok Mas. Sing penting sageddamel urip lan nyekolahke anak. Wong kula niku nggih mboten gadhah warisannapa-napa kangge anak kula. Sak mboten-botene, nek kula dadi bakul puthu,anake kula nggih sampun ngantos kados bapake." Biyen aku nate nawani Pak Wiryo, supaya anake nyambutgawe nengpabrik nggonku. Kebeneran nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar. Akumalah ngomong yen anake mesthi ditampa, awit sing nggawa aku. Ora usahnggawe lamaran. Karepku nulung Pak Wiryo, tinimbang anake nganggur. "Golek gaweyan saiki angel lho Pak." "Wong tiyange tesih sekolah kok Mas." "Rak wis lulus SMA ta?" "Lha nyuwun kuliah niku Mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa...niku, skripsi napa,... Duka napa jenenge. Pokoke mpun meh rampung...kantunsetunggal niku." Skripsi? Anake Pak Wiryo kuliah? Apa kuwat Pak Wiryonguliahake anake? Kuwi mung tak batin wae. Kuwatir yen Pak Wiryo mengkokasinggung. Wis meh rong minggu iki ora keprungu swara mbrenginging, saka grobagputhune Pak Wiryo. Aku ora ngerti kena apa Pak Wiryo ora katon liwat ing dalanngarep omahku. Apa Pak Wiryo lara? Apa omahe digusur? Kaya ana singkongkon, aku noleh kiwa dalan. Sore kuwi aku nembe mulih saka kantor. Aku ngerem mobil ndadak. Oramaelu kendaraan-kendaraan neng mburiku sing padha ngunekna klakson. Stirdakbuwang mengiwa menggok mlebu ing jurusan lapangan golf. Ning sawijininggang aku mandheg. Kepeksa mudhun saka mobil awit dalane ora bisa diliwatimobil. Aku mlaku saurute pager sisih njaba lapangan golf sing durung rampungdigarap kuwi. Aku yakin, dalan kuwi sing saben dina diliwati Pak Wiryo. Nyawangmengarep, rodha-rodha traktor nggiles ngratakna lemah. Akeh wong nganggoKirtyaBasa VIII 28helm kuning. Neng panggonan liya, ora adoh saka kana, ana wong-wong padha nglumpukna kayu-kayu tilas omah, seng, lan barang-barang liyane sing isih bisa dienggo. Aku ora ngerti apa wong-wong kuwi sing duwe omah sing digusur apa mung pemulung sing nggoleki barang-barang tilas. Sing tak ngerteni, kampung kuwi wis rata karo lemah. Lan omahe Pak Wiryo mesthi klebu salah sijine omah sing dadi mangsane buldoser. Srengenge manglung mengulon. Alon-alon aku ninggalake papan panggonan kono. Perusahaanku ya duwe buldoser kaya ngana kuwi. Kelingan karo Pak Wiryo, karo wong-wong sing mung bisa nyawang omahe diratakna karo lemah. Wong-wong sing kalah dening ukeling jaman. Kalah karo panguwasane dhuwit. Wong-wong sing kanggo tumbal modernisasi lan kapitalisme. Apa kemajuwan jaman kudu mesthi ana sing dikurbanake? Aku kelingan, atasanku wingi uga ngomong, yen sawah mburi pabrik duweke pendhudhuk wis dibebaske arep dinggo mbangun unit anyar. Srengenge mbranang ing langit sisih kulon. Manuk-manuk mulih menyang susuhe. Cagak-cagak listrik, gedhung-gedhung tingkat njenggereng mandeng langit. Layangane bocah-bocah cilik jogedan sajak ngece. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg neng ngarep omah. Nanging wis ora ana maneh swarane mbrenginging saka grobage Pak Wiryo. Wingi aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake menyang Batam. Anak sing nate taktawani gawean biyen, wis lulus kuliah. Cumclaude! Dheweke dijaluk sawijining perusahaan Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing nate diomongna Pak Wiryo: "Yen nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas, kula dereng kalah...."(*) http://axsdv.multiply.com/journal/item/4/cerita_cekak_bahasa_jawa_jawa 1. Sing dadi pakulinan paraga ”aku” saben sore nalika mulih saka nyambut gawe … . a. Lungguh ana ing bok cedhak omah. b. Ngadeg ana ing teras omah. c. Mlaku-mlaku golek panganan. d. Mriksani TV ana ing kamar. 2. Sing ditunggu paraga ”aku” sawise sawetara mulih saka kantor kang wis dadi pakulinane …. a. Kancane sing manggon sakampung b. Bakul puthu sing saben dina liwat ing ngarep omah. c. Langganan sing saben bengi lan isuk kirim dhaharan. d. Acara TV kang dadi kelangenane kanggo ngancani wayah bengi.29 KirtyaBasaVIII3. Paraga ”aku” lan Pak Wirya manggon ana ing kutha iku tujuwane padha, yaiku … . a. nggolek pengalaman b. nggoleki anake kang suwe ora ketemu c. golek panguripan d. nunggoni wong tuwane4. Kompleks kang ana ing sacedhake daleme Pak Wirya wis digusur dening investor kanggo … . a. gawe lapangan golf b. ngambakake pabrike c. gawe perumahan elit d. ngambakake lapangan golf5. Paraga ”aku” yen guneman karo Pak Wirya nggunakake basa ngoko, sanadyan paraga ”aku” sejatine miturut ajaran saka wong tuwane yen guneman karo wong sing luwih tuwa kudu nganggo basa alus. Kabeh mau amarga … . a. Pak Wirya mung wong dodolan puthu. b. Drajate paraga ”aku” luwih dhuwur tinimbang Pak Wirya. c. Pak Wirya rikuh nek paraga ”aku” nggunakake basa alus marang dheweke. d. Paraga ”aku” umure luwih tuwa tinimbang Pak Wirya.6. Miturut panemune paraga ”aku”, supaya urip ana ing donya iki bisa laras kudune … . a. Sing gedhe nulung sing cilik, sing kuwat mbiyantu sing ora kuwat. b. Donya, pangkat lan drajat sing dadi ukuraning urip. c. Sing gedhe mangan sing cilik. d. Sing kuwat ngidak-idak sing kesrakat, mlarat.7. Amarga puthune Pak Wirya rasane enak, paraga ”aku” kepengin nyilihi modhal Pak Wirya supaya … . a. Bisa nambahi pangasilan paraga ”aku” sarana ”bagi hasil”. b. Njunjung drajade Pak Wirya supaya asile luwih akeh. c. Didadekake home industry lan puthune didol ana ing supermarket. d. Paraga ”aku” bisa ngembangake usaha karo Pak Wirya.8. Sepira lawase paraga ”aku” ora ketemu karo Pak Wirya nganti nggoleki nganti tekan pinggire lapangan golf, yaiku ..... a. rong taun. b. telung sasi. c. rong mingu. d. telung dina.KirtyaBasa VIII 309. ?pkWi/ysbenFin[nvmB|tG[w … . a. ffijurgnPuqu. b. [fo[folLnB[kSo[so[lo . c. ffik/ywnPb]ikTau. d. [fo[folLnPuqubumB|=. 10. Pak Wirya olehe ora ana iku pranyata amarga diajak putrane … . a. golek penggawean ana ing singapura. b. tindak menyang Batam. c. nyambut gawe ana ing perusahaan Singapura. d. mlaku-mlaku ana ing Batam lan Singapura. B. Kanthi migatekake cerkak ”Aku Durung Kalah” wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki ! 1. Apa tema crita cekak ing dhuwur iku ? 2. Kepriye alur lan setinge crita iku ? 3. Sapa bae paraga kang ana ing crita iku ? 4. Tulisen nganggo aksara Jawa pethikan crita cekak iki : Wis meh rong minggu iki ora keprungu swara mbrenginging, saka grobag puthune Pak Wiryo. 5. Pitutur lan pesen apa kang bisa kapethik saka cerkak iku?31 KirtyaBasaVIIIWULANGAN 2 BUDAYA Kompetensi Dasar Indikator1.1 Menghargai dan mensyukuri 1.1.1 Berdoa dengan bahasa daerahkeberadaan bahasa daerah 1.1.2 Menyapa dengan bahasa daerahsebagai anugerah Tuhan YangMaha Esa untuk meningkatan 1.2.1 Mensyukuri keberadaan bahasapengetahuan dan keterampilan daerah.berbahasa daerah, serta untuk 1.2.2 Bercakap-cakap dengan bahasamelestarikan dan daerah sebagai rasa syukur padamengembangkan budaya daerah Tuhan Yang Maha Esa.untuk didayagunakan sebagaiupaya pembinaan dan 2.3.1 Memiliki perilaku kreatif dalampengembangan kebudayaan berbahasa daerah.Nasional. 2.3.2 Memiliki perilaku demokratis.1.2 Menghargai dan mensyukuri 2.3.3 Membiasakan perilaku santunkeberadaan bahasa daerahsebagai anugerah Tuhan yang dalam berbahasa. 3.2.1 Mengidentifikasi berbagai jenisMaha Esa sebagai saranamemahami informasi lisan dan ragam bahasa dalam teks.tulis. 3.2.2 Mengidentifikasi berbagai jenis2.3 Memiliki perilaku demokratis, gaya bahasa (basa rinengga/kreatif, dan santun dalam berdebat lalongèt) dalam teks.tentang kasus atau sudut 3.2.3 Menganalisis struktur tekspandang. yang memuat ragam bahasa dan gaya bahasa (basa3.1 Mengidentifikasi struktur dan rinengga/ lalongèt). unsur kebahasaan dalam teks 3.2.4 Menjelaskan makna paribasan/ sesuai ragam bahasa dan gaya parèbhȃsȃn yang terdapat berbahasa (basa rinengga/ dalam teks lalongèt) 4.2.1 Membuat kalimat menggunakan gaya bahasa (basa rinengga/4.1 Menulis berbagai bentuk kalimat lalongèt) dengan menggunakan ragamKirtyaBasa VIII 32bahasa dan gaya berbahasa (basa 4.2.2. Membuat paragraf menggu-rinengga/ lalonget) nakan kalimat yang memuat paribasan/ parèbhȃsȃn . 4.2.3 Membaca teks yang memuat memuat paribasan/ parèbhȃsȃnMbabar Wawasan Gambar 2 Gambar 1Gambar 3 Gambara 4Gambar 5 Gambar 6 1. Gambar-gambar ing dhuwur setitekna! 2. Gambar-gambar ing dhuwur kuwi nggambarake kegiatan apa bae? Critakna siji-siji! 3. Pilahen endi sing rupa kegiatan saben dina lan sifate umum, lan endi sing rupa kegiatan seni, sastra lan budaya! Njlentrehna alasane! 4. Sebutna kegiatan-kegiatan kang meh padha karo gambar kang tau kongerteni, paling sethithik 5 wae!33 KirtyaBasaVIIIKegiatan 1: Wangun Teks Mawa Ragam Basa lan Basa Rinengga. Gambar-gambar ing dhuwur nuduhake anane maneka warna kegiatane wongJawa sing ana gandheng-cenenge karo kegiatan saben dina, adat istiadat, lan senibudaya. Sing dadi sarana paling wigati yaiku kabeh kegiatan mau migunakake basa,mligine basa Jawa. Basa Jawa mujudake alat komunikasi lisan lan tulis, kang digunakake wongJawa ing pasrawungan saben dinane, ora gumantung ana ngendi wong Jawa maumanggon. Basa Jawa uga sarana kanggo mujudake kaprigelane wong Jawaanggone olah rasa, karsa, lan jiwa. Kaprigelan olah basa mau antarane siji-sijinewong mesthi beda, mula nuwuhake ragam basa lan rerengganing basa (gayabahasa) saben uwong sing uga beda. Kanthi pilihan ragam basa kang trep lanrerengganing basa sing mranani basa Jawa minangka sarana komunikasi bisanuwuhake kahanan komunikasi sing lancar.a. Ragam Basa Ragam basa gegayutan karo basa mau apa, kepriye, sapa, kapan, lan ana ngendi basa mau digunakake manut keperluane. Mula ragam basa kuwi bisa kapilah-pilah manut dhaerah utawa wilayahe, situasine, lan panganggone. Ragam basa Jawa, yen dideleng saka wilayahe diarani dhialek, tuladhane ing Jawa Timur, ana dhialek, Surabayan, Malangan, Bojonegoroan, lan sapanunggalane. Yen dideleng saka kahanane bisa kapilah basa formal lan informal. Dideleng saka panganggone, kapilah maneh manut kanggone lan sapa sing nganggo. Manut kanggone awujud basa lisan lan basa tulis. Basa lisan digunakake kanggo sarana komunikasi lisan ing pasrawungan saben dinane. Basa tulis saliyane kanggo komunikasi kanthi tulis, uga ngandharake idhe, panemu, gagasan, lan pamikiran rupa gancaran utawa karya sastra. Dideleng saka sapa sing nganggo, ragam basa gumantung marang tataran pendhidhikan, pakaryan, lan lingkungan minangka titikane saka undha-usuk ing basa Jawa. Pranatane undha-usuk basa Jawa uga diarani unggah-ungguh basa.b. Basa Rinengga Basa rinengga salah sawijine lelewaning basa (gaya bahasa) asil kaprigelan olah basa minangka sarana olah rasa, olah jiwa, lan olah karsa. LelewaningKirtyaBasa VIII 34basa bisa katitik saka pilihan tembung, pangrakite ukara lan wacana, sing tundhone bisa ndadekake tambah endah, nges, lan mentes. Asile bisa wujud crita- crita lisan sing isih lestari ing satengahe masyarakat Jawa lan tinggalan naskah-naskah karya sastra. Teks-teks sastra mau bisa rupa tembang, serat, lan teks-teks gancaran liyane, sing isine andharan ngenani maneka warna ilmu/kawruh. Basa rinengga iku basa kang direngga, rengga tegese paes. Basa rinengga tegese basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih apik, endah, lan ngresepake. Basa rinengga bisa ditrapake ana ing maneka warna ragam basa, gumantung karo kaperluane. Lumrahe basa rinengga kuwi sing kerep digunakake ana ing karya sastra, antawacana ing upacara adat, antawacana wayang lan kethoprak, sanadyan ing pasrawungan saben dina uga kala-kala bisa ditemoni basa rinengga. Basa rinengga sing dadi underane rembug ing wulangan iki winates paribasan, bebasan, pepindhan, lan saloka. 1. Bebasan: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa. Tuladhane : (1) Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake. (2) Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna. (3) Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane. 2. Saloka: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge. Tuladhane : (1) Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha donya. (2) Cebol nggayuh lintang, tegese wong sekeng/mlarat duwe gegayuhan sing mokal kasembadan. (3) Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa. 3. Pepindhan: unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane. Tuladhane : (1) Ketiban ndaru, tegese beja banget. (2) Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, tegese kaya ora ana sing bisa ngalahake. (3) Srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun.35 KirtyaBasaVIII4. Paribasan: unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah. Tuladhane: (1) Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake. (2) Anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwane. (3) adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.Tugas 1 : Nyemak Teks Mawa Ragam Basa lan Basa Rinengga Teks pacelathon ing ngisor iki wacanen, jingglengana tembung-tembung sing dicithak miring!Darmi: Njanur gunung kadingaren mbakyu, ketiban ndaru temen aku. Panjenengan esuk-esuk kok wis tekan kene, gek kok sajak lemes kayaMarni: wayang ilang gapite ngono, ana kersa apa?Darmi:Marni: Iya dhik, mung pengin nggenahake prakara wingi kae lho, aja ngantiDarmi: kriwikan dadi grojogan. Aku kuwatir yen nganti ana salah paham.Marni: Walah… mbakyu wong prakara sepele bae, panjenengan ora perlu kuwatir, wis beres kabeh kok. Dadi prakara wingi kae ora ndadekake pinggete atimu ta? Ora ….. kanggoku yen dakteruske lara ati, kaya rebutan balung tanpa isi bae, ora ana guna manfaate kanggo awake dhewe. Matur nuwun ya dhik, apuranen aku, sing mung kaya belo melu seton, mung anut grubyuk.Tugas 2 : Nintingi Ragam Basa ing Teks Carane nintingi ragam basa ing teks kanthi ndeleng wujude teks, milah-milah tembung-tembung kang digunakake ing teks, lan swasana sing bisa dirasa lan kacipta ing teks. Tuladha teks ing dhuwur, yen dideleng saka wujude teks, mujudake basa tulis, rupa teks pacelathon, lan kahanane informal/akrab. Panganggone lan pilihane tembung manut unggah-ungguhe diarani basa ngoko alus, amarga tembung-tembunge nganggo tembung ngoko kacampuran tembung krama alus.KirtyaBasa VIII 36Gladhen:Saben dina kita tansah srawung karo wong liya. Kanggo srawung maunggunakake basa ngoko utawa krama utawa campuran ngoko-krama.Goleka tembung ngoko lan tembung krama paling sethithik telu-telu, banjurgawenen ukara lan isekna ing tabel iki:No. Jinise Tembung Tuladha Ukarane1. Ngoko Lugu 1. ........................................... .............. 2. ........................................... .............. 3. ........................................... ..............2. Ngoko Alus ............... 1. ........................................... .............. 2. ........................................... ............... 3. ...........................................3. Krama Lugu 1. ........................................... .............. .............. 2. ........................................... .............. 3. ...........................................4. Krama Alus ................ 1. ........................................... ................ 2. ........................................... ................ 3. ...........................................Tugas 3: Nintingi Basa Rinengga ing Teks Carane nintingi basa rinengga ing teks bisa katitik saka pamilihane lan panganggone tembung sing dudu tembung kang digunakake ing basa padinan. Ing teks pacelathon kasebut, tembung-tembung kang kacithak miring kayata: njanur gunung, ketiban ndaru, kaya wayang ilang gapite, kriwikan dadi grojogan, pinggete atimu, rebutan balung tanpa, kaya belo melu seton, klebu ewone basa rinengga. Gladhen: Basa rinengga akeh tinemu ing pasrawungan lan ing teks. Goleka basa rinengga lan gawenen ukara sing becik, banjur isekna ing tabel iki:37 KirtyaBasaVIIINo. Jinise Basa Rinengga Tuladha Ukarane1. Paribasan 1. ....................................... 2. ....................................... .............. 3. ....................................... .............. 1. ....................................... .............. 2. .......................................2. Bebasan 3. ....................................... ............... 1. ...................................... .............. 2. ...................................... ............... 3. ......................................3. Saloka 1. ....................................... .............. 2. ....................................... .............. 3. ....................................... .............. 1. .......................................4. Pepindhan 2. ....................................... ................ 3. ....................................... ................ 1. ....................................... ................ 2. .......................................5. Panyandra 3. ....................................... ................ 1. ....................................... ................ 2. ....................................... ................ 3. .......................................6. Wangsalan 1. ....................................... ................ 2. ....................................... ................ 3. ....................................... ................7. Parikan ................ ................ ................8. Cangkriman ................ ................ ................9. Tembung EntarKirtyaBasa VIII 38................ 1. ...................................... ................ 2. ...................................... ................ 3. ......................................10. Yogaswara 1. ....................................... ................ 2. ....................................... ................ 3. ....................................... ................Pepeling 1. Ragam basa manut panganggone minangka sarana komunikasi lisan/tulis sing trep karo unggah-ungguhe kaperang dadi basa ngoko lan basa krama. Yen katitik saka tembung kang digunakake ukara- ukara ing basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko alus. Panganggone gumantung marang sapa sing ngomong lan sing dijak ngomong, tegese yen katujokake marang wong liya becike nganggo tembung krama yen kanggo awake dhewe cukup ngoko. Basa krama uga bisa kaperang dadi krama lugu lan krama alus, tegese yen katujokake kanggo wong liya kudu nganggo tembung krama alus, yen kanggo awake dhewe cukup tembung krama lugu. 2. Basa rinengga mujudake kaskayane basa Jawa sing paling aji, kang ora diduweni basa liya. Saliyane kanggo nambahi endah, nges, lan mentes tegese, lumrah kanggo gantine tembung sing dirasa kurang prayoga kang katujokake wong liya, kanthi pasemon, wujud sanepan, paribasan, bebasan, saloka, lan tembung entar. Kegiatan 2 : Mangun Teks Kanthi BebarenganGatekna wacan iki kanthi permati! Bapak Polah Anak Kepradhah Dening : Anjrah Lelono Broto "Pak, njenengan ki mbok ya nyebut. Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya timunmungsuh duren! Meh sewulan kepungkur, Ali manek-manekake ngudhari apa kangbruwet ing sirahe menyang bapake. …. Kelincipen. Meh wae ukara iku mlumpat saka lambene Ali. Ning nyawangraine bapake sing semangat makantar-kantar, Ali ora mentala. Mantan lurah singdikojahake bapake mau pancen wong sugih mblegedhu, sawahe pirang-pirang39 KirtyaBasaVIIIhektar, sapine kang diparon-paronke mblasah neng ngendi-endi. Malah mantanlurah kidul kali kuwi duwe anak-duwe mantu pegawe bank. Nyendhal dhuwit satusrong atus yuta paribasane suwe mijet wohing ranti. Sinambi watuk-dhehemsethithik akeh caire. Ora nyilikake bapake kang mung jejer bayan lan ngramut sawah warisan sakilat , nanging mbok iyaa bapake iki nggunakake nalare kanthi wening. Jer basukimawa bea jarene. Ing jaman kebak pitukon kaya saiki, apa kang ora kudu ditukudhisik sadurunge diduweni. Pengin dadi PNS wae kudu tuku. Pengin dadi artis yakudu tuku. Pengin dadi prangkat desa saiki ya kudu tuku. Apa maneh dadi lurah ?Apa maneh dadi caleg ? Ali asring maca neng koran-koran yen caleg kuwi kudusangu rekomendhasi saka partai. Kamangka rekomendhasi kuwi isane mudhun yendisinggek dhisik nganggo dhuwit kang ora sethithik. "Saiki bapake takon, Li. Sejatine kowe iki ndhukung karepa bapak tah ora ?Amarga kawit wingi-wingi daksawang kayane kok setengah hati, melu-melumelekan, ngrukuni tim sukses-e bapak, uga ngrewangi ibumu lan wong-wong ingpawon…" Ali ora gage kumecap. Lambene kaya kinonci gembok waja. Lamat-lamatswara adzan Isya’ saka masjid wiwit mampir ing kuping. " Yen bapak kepenak uripe,ibumu, kowe, lan sedulur-sedulur liyane rak ya melu ngrasakake ta, Li ? " "Kula ndherek mawon, Pak. Namung, kula wiwit kraos yen kantun pelajaransekolah, gara-gara asring melekan, " saute Ali meh ora keprungu. …. "Kayadene paribasan lawas sing saiki kuwalik. Yen bapak polah kuwi anakeya kudu melu kepradhah. Hahahaha……." guyune bapake Ali keprungu kayagludhug ing mangsa kesanga-kesepuluh. Rasane keprungu tekan omahe Mas Hadi,rivale bapake Ali kang mung dipisahake dalan. ….********* Pindha layangan tanpa tali kang kagawa angin menyang ngendi-endi, awakeAli krasa entheng. Ngleyang. Pindha rante sepedha kurang oli, balungane awake Alinyuwara pating kriyet nuduhake nemene kesele. Ali kang nduweni awak ngiyeyetkuwi kaya-kaya kari balung karo entut, amarga karamean ing omahe saben wengi.Ali nyelehake bokonge sing tepos ing bangku kelas. Kelas isih sepi, iki mau dhewekegage budhal sekolah sakdurunge keri kaya wingi gara-gara ngrewangi ibunenyepakake suguhan kanggo dhayohe bapake sing rina wengi ngleset ing terasomahe. Ali pancen jan kesel sapol-pole. Wis karo tengah minggu iki, dheweke kurangturu amarga karepe bapake. Bapake kang wis mataun-taun pinercaya pendhudhukkampunge jejer bayan iku nduweni karep kang luwih. Karepe bapake Ali iki ora kenasinangga entheng kanggone Ali sagotrah. Bapake pengin macung lurah jroningpilkades taun iki. Keneng apa ora kena sinangga entheng ? Amarga kang dadi

KirtyaBasa VIII 40



Page 2

mungsuhe kuwi lurah dhongkol kang kena diarani isih trahing kusuma rembesingmadu….Tugas 1: Nintingi Ragam Teks Mawa Ragam Basa Tindakna pakaryan iki: 1. Teks ing dhuwur wacanen lan jingglengana bebarengan! 2. Bebarengan karo klompokmu, tulisen uga ukara-ukara sing kacithak miring, aranana klebu ragam basa apa, jlentrehna alasane kaya tuladha! Pak, njenengan ki mbok ya nyebut. Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya timun mungsuh duren! Ukara kasebut nggunakake basa ngoko alus, sebab tembung-tembunge campuran tembung ngoko lan krama (njenengan, tembung wancahan saka panjenengan). 3. Cuplikan crita cekak ing dhuwur wujud tuladhane jinis teks sing jangkep ragam basane manut unggah-ungguhe. Bebarengan karo klompokmu goleka tuladha teks liyane, umpamane cerkak, cerbung, pacelathon, tembang apa jinis teks liyane sing bisa kokpilah-pilah ragam basane manut unggah-ungguhe. Teks difotocopi, dikumpulake bebarengan karo klompok liyane, banjur dikliping lan dijilid.Tugas 2: Nintingi Teks Mawa Basa Rinengga Tindakna pakaryan iki: 1. Teks kanthi irah-irahan "Bapak Polah Anak Kepradhah" wacanen maneh. 2. Tembung lan ukara sing dicithak miring sing wujud basa rinengga tulisen, aranana jinise, jlentrehna tegese, kaya tuladha! - Pak, njenengan ki mbok ya nyebut. Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya timun mungsuh duren! Timun mungsuh duren: saloka, tegese wong cilik mungsuh wong sing duwe panguwasa. 3. Goleka tuladhane basa rinengga 10 (bisa paribasan, saloka, bebasan, tembung entar) saka sumber liyane. Tegesana, banjur gawenen ukara salaras karo tegese, kaya tuladha ing ngisor iki! - Marni kuwi bocah ayu sing andhap asor lan jujur, diumpamakake kaya lahan karoban manis. 4. Tugas klompok sing wis rampung ditulis rapi ana lembar kerja klompok banjur dikumpulake.41 KirtyaBasaVIIIKegiatan 2: Mangun Teks Kanthi MandhiriGatekna teks ing ngisor iki! TATA KRAMA Desa mawa cara, negara mawa tata, unen-unen kalawau trep kaliyankawontenan ing bebrayan agung masyarakat Jawi. Wonten ing pasrawungan sabendinten tiyang Jawi anggadhahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tatakrama. Wonten ing pranatan tata krama ingkang dados kawigatosan inggih menikaraos kurmat dhumateng tiyang sanes mliginipun kangge priyantun ingkanglangkung sepuh. Ing jaman samangke ketingalipun perkawis tata krama sampun boten patosdipuntrapaken, menawi dipuntingali wonten pasrawungan samangke antawisipuntiyang enem dhumateng tiyang sepuh menawi matur njawal kemawon botenmigunakaken basa ingkang trep kaliyan pranatan tata krama utawi unggah-ungguhbasa, malah kepara murang tata njangkar utawa njambal dhumateng tiyang sepuh,kados sampun kecalan watak andhap asor. Kawontenan kados makaten kalawau boten murni kalepatanipun lare enem,ananging ingkang nggadhahi tanggel jawab maringi patuladhan supados lare-larepunika anggadhahi tata krama tamtu kemawon tiyang sepuh, utaminipun tiyangsepuh kekalih wonten griya. Menawi tiyang sepuh boten paring patuladhan botenkinten yoga utawi lare enem saged ngetrapaken, awit kacang boten ninggallanjaranipun.Tugas 1: Nintingi Teks Mawa Ragam Basa Tindakna pakaryan iki : 1. Teks ing ngisor iki wacanen lan jingglengana! Dititik saka tembung- tembunge sing dirakit dadi ukara-ukara ing paragrap kasebut klebu ragam basa apa? Jelasna! 2. Tembung-tembung sing dicithak miring golekana tegese nganggo basamu dhewe! SOLAH BAWA Trap-trapane undha-usuk ing unggah-ungguh basa Jawa uga nuduhaketataran sopan-santun, keformalan, lan keakraban sing jelas. Nalika wawan rembugkaro wong liya samesthine tembung-tembung sing dipilih kanggo digunakakedisalarakake karo trap-trapane, supaya ing pasrawungan mau sopan-santun, tatakrama, lan keakraban tetep diugemi. Bab iku uga supaya ora dadi pingget atineKirtyaBasa VIII 42liyan, amarga saka kaduk wani kurang duga, angger njeplak anggone ngomong.Saliyane kuwi solah bawane awak (bahasa tubuh) ugi wigati banget. Solah bawaneawak mau nyakup, sirah, awak, tangan, lan sikil. Solah bawa sing paling wigati tuladhane yaiku mbungkukake awak lanmanthuk nalika ketemu wong liya. Nalika ketemu wong sepisanan kudumbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, lagi salaman yen lanang padhalanang utawa wadon padha wadon. Yen diterusake omong-omongan, praupan lanpanyawang kudu adhep-adhepan, aja nganti mlengos apa maneh ngungkuri.Tangan aja nganti sraweyan, nanging tlapak tangan tengen nyekel ugel-ugeletangan kiwa. Yen wong sing diadhepi kuwi tataran sosiale luwih dhuwur, sanajanwis omong-omongan diarah tetep ndhingkluk, kala-kala bae praupan ndengengeklan tempuk panyawange, iku minangka tandha hormat. Yen ora mangkonodianggep ora duwe tata krama. Nalika ngomong yen kudu nuduhake samubarangmarang sing diajak omong migunakake jempol, ananging yen sing dijak omongwong sing wis akrab bisa migunakake driji panunjuk.Tugas 2: Nulis Teks Mawa Basa Rinengga Tindakna pakaryan iki: 1. Gawea teks minimal rong paragrap (2) sing ngemot basa rinengga! Pilihen tema bebas lan ragam basane uga bebas. 2. Teks sing wis dadi ijolna kancamu kanggo diedhit, supaya bisa diwaca lan dipahami. 3. Sarampunge diedhit, dikumpulake, dijilid dadi siji karo tugas klompok. Pepeling 1. Ragam basa, basa rinengga, lan liya-liyane mujudake kaskayane basa Jawa kang gedhe banget ajine, awit basa Jawa wujud jatidhirine wong Jawa. Basa dadi salah sijine sarana kanggo ngrembakakake seni lan budaya Jawa. 2. Budaya luhur tinggalane para leluhur kang dadi minangka sangune urip rupa pranatan ing pasrawungan yaiku pranatane tata krama lan unggah- ungguh. 3. Pitutur luhur arupa unen-unen lan pasemon karakit ing basa rinengga kang kamot ing karya-karya sastra, lan naskah-naskah liyane.43 KirtyaBasaVIIIUJI KOMPETENSI WULANGAN 2A. Pethikan teks ing ngisor iki wacanen sing permati, sabanjure wangsulana pitakon- pitakon kanthi milih wangsulan sing paling bener! "Wonten enjing ingkang langitipun padhang, Mbok Randha kaliyan putrinipun para kleting ingkang ayu-ayu, inggih menika Kleting Abang, Kleting Biru, Kleting Ungu, lan Kleting Ijo sami ngenggar-enggar penggalih. Wonten nggriya Kleting Kuning olah-olah lan reresik griya piyambakan. Kleting Kuning niku putra tirine Mbok Randha. Pengrengkuhe Mbok Randha dhateng Kleting Kuning niku winastanan emban cindhe emban siladan, benten kaliyan putri sanesipun....” 1. Bebasan sing tegese ora adil, yaiku .... a. Arep jamure ora arep watangane. b. Emban cindhe, emban siladan. c. Ora uwur ora sembur. d. Rebut balung tanpa isi. 2. Paribasan sing tegese ora duwe apa-apa, ora gelem ikhtiyar nanging kepingin dadi panguwasa, yaiku.... a. Adang-adang tetesi embun. b. Blilu tau, pinter durung nglakoni. c. Cebol nggayuh lintang. d. Durung pecus keselak besus. 3. Pepindhan sing tegese anggone nyambut gawe polahe ora leren-leren siji mari ditandangi, sijine kudu enggal ditandangi maneh, yaiku kaya.... a. kuthuk kelangan babon b. lintang alihan c. ngaru napung d. niba nangi 4. Saloka sing tegese wong asor/ala wewatekane nanging sugih bandha donya, yaiku .... a. Asu belang kalung wang. b. Bathok bolu isi madu. c. Cecak nguntal empyak. d. Dom sumurup banyu. 5. Jinis ragam basa manut panganggone sing trep manut unggah-ungguh yaiku ….KirtyaBasa VIII 44a. Basa formal-basa informal b. Basa tulis-basa lisan c. Basa ngoko basa-basa krama. d. Basa gancaran-basa sastra 6. Ragam dhialek Surabayaan, Bojonegoroan, Malangan lan sapanunggalane iku pamerange ragam basa sing dititik saka …. a. panganggone b. wilayahe c. sapa sing nganggo d. situasine 7. Ragam basa formal lan informal iku ragam basa sing dititik saka …. a. panganggone b. wilayahe c. sapa sing nganggo d. situasine 8. Teks "Solah Bawa" ing dhuwur dititik saka ragam basa manut unggah- ungguh klebu ragam basa …. a. basa ngoko lugu b. basa ngoko alus c. basa krama lugu d. basa krama alus. 9. Pethikan teks ing dhuwur dititik saka ragam basa manut unggah-ungguh klebu ragam basa …. a. basa ngoko lugu b. basa ngoko alus c. basa krama lugu d. basa krama alus 10. Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut aturan unggah-unggahe yaiku ….. a. Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu. b. Kula empun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu. c. Kula sampun nedhi yatra, ning dereng disukani kalih ibu. d. Kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu. B. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana sing patitis! 1. Apa sing kok ngerteni ngenani ragam basa! Jlentrehna! 2. Apa sing kok ngerteni ngenani basa rinengga? Jlentrehna! 3. Basa rinengga ing ngisor iki gawenen ukara sing trep karo tegese kaya tuladha!45 KirtyaBasaVIIITuladha: Polahe wong tuwane kaya gabah diinteri, niba nangi, rina wengi nyambut gawe kanggo nyukupi kebutuhane. a. Dikena iwake aja nganti buthek banyune b. Kegedhen empyak kurang cagak c. Mikul dhuwur mendhem jero d. Nguyahi segara e. Sadumuk bathuk, sanyari bumi 4. Paragraf ing ngisor iki owahana dadi basa ngoko! "Kawontenan kados makaten kalawau boten murni kalepatanipn lare enem, ananging ingkang nggadhahi tanggel jawab maringi patuladhan supados lare-lare punika anggadhahi tata krama tamtu kemawon tiyang sepuh, utaminipun tiyang sepuh kekalih wonten griya. Menawi tiyang sepuh boten paring patuladhan boten kinten yoga utawi lare enem saged ngetrapaken, awit kacang boten ninggal lanjaran. "5. Tulisen nganggo aksara Jawa kanthi migatekake tandha wacan ing tata tulis aksara Jawa. Marni: Iya dhik, mung pingin nggenahake prakara wingi kae lho, aja nganti kriwikan dadi grojogan, aku kawatir yen nganti ana salah paham. Darmi: Walah… mbakyu wong prakara sepele bae, panjenengan ora perlu kuwatir, wis beres kabeh kok.KirtyaBasa VIII 46WULANGAN 3 INDHUSTRIKompetensi Dasar Indikator1.1 Menghargai dan mensyukuri 1.1.1 Berdoa dengan bahasa daerah.keberadaan bahasa daerah sebagai 1.1.2 Menyapa dengan bahasa daerahanugerah Tuhan Yang Maha Esa untuk 1.3.1 Bersyukur atas nikmat dan karuniameningkatan pengetahuan dan Tuhan Yang Maha Esa.keterampilan berbahasa daerah, serta 2.3.1 Berperilaku kreatif dalam berbahasa daerah.untuk melestarikan dan mengembang-kan budaya daerah untuk 2.3.2 Berperilaku santun dalam berwawancara.didayagunakan sebagai upayapembinaan dan pengembangan 2.4.1 Menunjukkan sikap jujur dalam mengungkapkan apa yang didengarkebudayaan Nasional. dan dipahami dari orang lain dalam wawancara1.3 Menghargai dan mensyukurikeberadaan bahasa daerah sebagai 3.3.1 Mengidentifikasi struktur teks wawancaraanugerah Tuhan yang Maha Esasebagai sarana menyajikan informasi 3.3.2 Mengidentifikasi unsur kebahasaan dalam teks wawancaralisan dan tulis 3.3.3 Menjelaskan kaidah penyusunan2.3 Memiliki perilaku demokratis, kreatif, dan teks hasil wawancara dengan 5Wsantun dalam berdebat tentang kasus dan 1H.atau sudut pandang. 4.3.1 Menyusun pedoman wawancara2.4 Memiliki perilaku jujur dan percaya diri 4.3.2 Melakukan wawancara dengandalam mengungkapkan kembali tujuan narasumber. 4.3.3 Menulis teks laporan hasildan metode serta hasil kegiatan. wawancara.3.3 Memahami kaidah dalam kegiatan 4.3.4 Menanggapi teks laporan hasil wawancara, dialog, dan diskusi sesuai dengan tatakrama wawancara temannya4.3 Melakukan wawancara, dialog, dan diskusi sesuai dengan tatakrama47 KirtyaBasaVIIIMbabar Wawasan Mangsa liburan bocah-bocah sekolah padha ngenggar-enggar ati. Ana sing kemah, piknik, lan sapanunggalane. Setitekna kegiatane bocah- bocah ing ngisor iki sing lagi golek informasi babagan kuliner. Teks ngisor iki wacanen sing titi! OLAHAN BANDENG Tata : Kulanuwun, Bu. Bu Suci : Oh, nggih mangga pinarak. Ana perlu apa, Mbak? Tata : Punika kula kaliyan kanca kula kepengin mangertosi kadospundi Bu Suci caranipun ngolah bandeng lan kadospundi caranipun panjenengan Lintang masaraken prodhuk olahan bandeng punika. Bu Suci : Oh, iya-iya : Punapa naminipun prodhuk olahan bandeng ingkang panjenengan Lintang prodhuksi punika, Bu? Bu Suci : Akeh, Mbak. Prodhuk olahan bandeng ing kene, kayata; bandeng Tata presto, othak-othak bandeng, bandeng cabut duri, abon bandeng, Bu Suci lan sapanunggalane. : Menawi ingkang kondhang utawi ingkang laris punika prodhuk Tata ingkang pundi, Bu? Bu Suci : Sing paling laris lan sing asring digoleki pelanggan, yaiku othak-othak Lintang bandeng. Bu Suci : Kenging punapa othak-othakbandeng punika saged dados prodhuk Lintang ingkang laris? : Amarga prodhuk olahan bandeng, mligine othak-othakbandeng iki wujude bandeng sing wis dibumboni lan wis bisa langsung dipangan utawa dikonsumsi dening para pelanggan. : Punapa kemawon bahan-bahan kangge othak-othak bandeng punika? : Bahan-bahane yaiku iwak bandeng, klapa parut sing isih enom, santen, lan endhog. : Rikala punapa panjenengan miwiti usaha prodhuk olahan bandeng punika? : Usaha iki wiwit ngadeg taun 2002, kira-kira wis ana 13 taun anggonku ngedegake usaha olahan bandeng iki. : Anggenipun sadean kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk olahan bandeng punika?KirtyaBasa VIII 48Bu Suci : Sakawit, aku dodol mung neng omah wae lan nggawekake kanca- kanca cedhakku sing ana ing instansi pamerintahan. Banjur, sayaTata suwe saya akeh sing pesen prodhuk iki lan aku mbukak usaha ingBu Suci omah. Nanging, saiki aku wis bisa ngrembakakake usaha iki amargaLintang anane bantuan saka Dinas Koperindag.Bu SuciTata : Bantuan ingkang kadospundi wujudipun?Bu Suci : Bantuane kuwi arupa modhal kanggo usaha lan disedhiyani webLintang kanggo promosi prodhuk liwat internet. : Sasampunipun panjenengan pikantuk bantuan saking Dinas Koperindag punika, kadospundi anggenipun panjenengan masaraken prodhuk olahan bandeng punika? : Prodhuk olahan bandeng iki dakpasarake kanthi cara dikirim menyang toko pusat oleh-oleh, ing pasar swalayan, ing rumah makan, uga dakkirim ing hotel-hotel. Nanging, uga bisa pesen ing kene. : Inggih, Bu. Maturnuwun sanget sampun ngandharaken kadospundi caranipun ndamel ugi caranipun masaraken prodhuk olahan bandeng punika, Bu. : Iya, Mbak. Aku ya seneng yen ana sing takon-takon ngenani bab iki. Muga-muga saka apa sing dakandharake mau sampeyan paham lan bisa dadi sangune sampeyan mbesuk yen kepengin dadi pengusaha kang sukses. : Inggih, Bu. Matur nuwun sanget. Mangga, Bu.Bausastra pinarak = lungguh nami = jeneng punika = iki menawi = menawa kados pundi = kepriye ngandharaken = nerangake, njelasakeWangsulana pitakon-pitakon ngisor iki! KirtyaBasaVIII 1. Teks ing dhuwur nggambarake kegiatan apa? 2. Sapa paraga-paraga sing ana ing teks? 3. Apa irah-irahane teks ing dhuwur? 4. Apa temane teks ing dhuwur? 5. Bocah-bocah padha golek informasi babagan apa?496. Kepriye carane golek dhata utawa informasi supaya genep?7. Manut panemumu wong sing golek informasi ing kegiatan kasebut ing teks diarani apa?8. Wong sing ditakoni lan menehi informasi diarani apa?9. Manut pamawasmu kepriye basa sing dienggo ing teks?10. Apa dudutan (kesimpulan) teks "Olahan Bandeng" ing dhuwur?KKeeggiiaattaann 11:: WWaanngguunnTTeekkssWawancara Wawancara yaiku kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong singgolek informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golekinformasi, dene narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumberkudu wong sing ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake. Tujuane wawancara yaiku golek warta, informasi, katrangan ngenanisawenehe bab kanggo kaperluan tartamtu. Tuladha, wartawan kang lagi golekwarta, murid-murid kang oleh tugas nindakake panliten, lan sapanunggalane. Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialogantarane pewawancara karo narasumber.Tugas 1: Nyemak Teks Wawancara Ing ngisor iki ana tuladha teks wawancara, wacanen sing permati! HOME INDUSTRI KRIPIK GEDHANG AGUNGBocah-bocah : Assalamualaikum . . .Bu Ninik : Wa’alaikum salam, mangga-mangga pinarak! Hayo..., oleh tugas apa saka sekolahan?Bocah-bocah : Punika lo Bu, kanca-kanca kepengin nyuwun informasi bab kripik pisang prodhuk panjenengan.Sista : Rumah prodhuksi punika dipunparingi nami punapa Bu?Bu Ninik : Dakjenengi "Lestari" mbak, ben usaha iki bisa lestari terus.Sista : Sampun dangu ta Bu, panjenengan mbikak usaha punika?Bu Ninik : Ya wis suwe banget, wong wiwit aku isih cilik kok.Sista : Yuswa panjenengan sapunika pinten bu?Bu Ninik : 67 taun.Sista : Kejawi kripik pisang kripik ingkang dipunprodhuksi punika kripik punapa kemawon?Bu Ninik : Kripik pohung, pisang, sukun, tela wungu, lan bothe.KirtyaBasa VIII 50Sista : Kadospundi wiwitanipun kok bu Ninik ngedegaken usaha kripikBu Ninik pisang punika?Desi : Wiwitane aku mung mrodhuksi kripik pohung, sebabe wektu kuwiBu Ninik bahan bakune gampang. Nanging sawise kuwi sing dadi unggulanDesi malih kripik gedhang utawa pisang. Sebabe ing dhaerah kene singBu Ninik diunggulake tanduran pisang.Risky : Taun pinten panjenengan wiwit prodhuksi kripik pisang punika?Bu Ninik : Taun 2000 mbak.Sista : Kados pundi langkah-langkah pandamele kripik bu?Bu Ninik : Pisang dionceki, diumbah banjur diiris lan diumbah maneh ngantiSista resik. Sawise kuwi dibumboni lan dikum watara 10 nganti 20 menit,Bu Ninik banjur digoreng nganggo minyak panas. : Punapa kemawon raos kripik pisang prodhuk panjenengan bu?Toni : Nganti seprene prodhuksine original, rasa asin, manis, pedhes, lanBu Ninik rasa bawang. : Kadospundi mula bukanipun kok kripik pisang agung saged dadosSista panganan khas ing Lumajang bu?Bu Ninik : Daerah Lumajang akeh banget ngasilake gedhang agung. Dening masyarakat gedhang mau diolah dadi kripik maneka warna rasane.Sista Pranyata prodhuk mau laris banget ing pasaran, nganti kawentarBu Ninik tekan njaban kutha. : Punapa wonten variasi raos sanesipun ingkang51 dipunrembakakaken? : Inisiatif kanggo ngembangake variasi rasa wis ana, kayata: rasa coklat, rasa keju, lan rasa balado. Variasi rasa mau wis tau dicoba, nanging kurang disenengi, lan ongkos prodhuksine larang. : Pisang agung saged didamel punapa kemawon bu? : Pancen wiwit biyen gedhang agung wis dadi prodhuk unggulan, diolah dadi nagasari, sale, gedhang goreng, gedhang godhog, lan digawe kripik. : Kados pundi pengemasanipun bu? : Kanggo prodhuk olahan gedhang sing garing, pengemasane jaman biyen nganggo plastik dislomot geni saka lilin utawa ublik. Nanging saiki jaman saya tambah maju, mula pengemasan wis kanthi modern. Aku nggunakake teknologi mesin press. Saliyane iku uga ditambahi merk utawa cap ing kemasane. Senajan biayane pengemasan larang. : Kados pundi caranipun masaraken kripik pisang punika? : Biyen pemasaran bisa nganti Lamongan, Madura, lan sakupenge. Saiki konsumen kang teka ing mrene. KirtyaBasaVIIIToni : Biasanipun panjenengan pikantuk order saking pundi kemawon?Bu Ninik : Paketan Lebaran, Paketan Liburan, Paketan Tamu saka Pemda nalika ana tamu. Kanggo tamu sing wis pirsa kualitas lan rasane kripik "Lestari" bisa mara dhewe.Sista : Kadospundi prodhuksi kripik pisang ing Lumajang?Bu Ninik : Prodhuksi kripik gedhang ing Lumajang saya ngrembaka. Jumlah pesenan lan prodhuksi ora sabandhing, luwih akeh pesenane dibandhing prodhuksine. Saiki wis akeh dhaerah-dhaerah saliyane Lumajang kang mrodhuksi kripik, kayata Banyuwangi lan Malang.Toni :Bu, kula sakanca ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, panjenengan sampun kersa nampi kanthi sae.Bu Ninik : Iya nak, padha-padha.Bocah-bocah : Kepareng nyuwun pamit, assalamualaikumBu Ninik : WaalaikumsalamBausastra = indhustri omahan = nama, jeneng home indhustri = berkembang nami = oleh ngrembaka = panemu, idhe, gagasan pikantuk inisiatif1. Kanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakon ing ngisor iki! 1) Bocah-bocah lagi nekani home industri apa? 2) Apa jenenge rumah produksi sing lagi diparani? 3) Apa sing dadi prodhuksi unggulane? 4) Sapa sing duwe rumah produksi mau? 5) Wiwit kapan bu Ninik mrodhuksi kripik gedhang? 6) Kepriye bu Ninik anggone masarake kripik gedhang? 7) Sapa wae sing dadi pelanggan kripik gedhang gaweane bu Ninik? 8) Olahan kripik gedhang sing paling laris sing nganggo rasa apa? Geneya? 9) Kepriye carane gawe kripik gedhang? 10) Geneya kripik gedhang dadi unggulan ing kabupaten Lumajang?KirtyaBasa VIII 522. Ngringkes isine teks wawancara Kanggo mangerteni isine teks wawancara, sawise maca perlu diringkes isine teks wawancara. Coba teks wawancara "Home Industri Kripik Gedhang Agung" ringkesen! Pepeling: Sajroning nindakake wawancara ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku: 1. Nemtokake tujuan wawancara. 2. Nemtokake topik utawa tema sing arep ditakokake. 3. Nyiapake dhaftar pitakonan minangka pedhoman nalika nindakake wawancara lelandhesan 5W+1H. 4. Nganakake pasetujon karo narasumber kanggo nemtokake papan panggonan lan wektu wawancara. 5. Nindakake wawancara lelandhesan dhaftar pitakonan kang wis disiapake supaya nalika nindakake wawancara bisa runtut lan genep, supaya pitakonan ora ana sing kliwatan. lan wawancara bisa tumata lan munjer. 6. Nulis bab-bab sing penting utawa ngrekam pacelathon. 7. Nggunakake unggah-ungguh sing apik kanggo ngajeni marang narasumber.Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Wawancara Wacanen sepisan maneh teks wawancara "Home Industri Kripik GedhangAgung". Sawise maca teks wawancara kasebut coba dideleng bagean-bagean kangana ing teks, yaiku:a. Idhentifikasib. Klasifikasi/dhefinisic. Dheskripsi Bagean Delengen bagan ngisor iki: Struktur Teks Wawancara Idhentifikasi Klasifikasi/dhefinisi Dheskripsi Bagean53 KirtyaBasaVIIIGladhen:Wacanen maneh teks wawancara "Home Industri Kripik Gedhang Agung", sabanjurepilahen manut strukture:Struktur teks UkaraIdhentifikasi ............................................................................................ ............................................................................................ ..........................................................................................Klasifikasi/ ............................................................................................Dhefinisi ............................................................................................ ..........................................................................................Dheskripsi ............................................................................................Bagean ............................................................................................ .......................................................................................... Pepeling: Struktur teks wawancara kedadean saka: 1. Idhentifikasi Yaiku perangan utawa bagean teks sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane. 2. Klasifikasi/dhefinisi Yaiku perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke. 3. Dheskripsi bagean Yaiku perangan teks sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha.Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Wawancara Rikala maca teks wawancara "Home Industri Kripik Gedhang Agung"kawedhar lumantar maneka-warna jinis ukara. Tuladhane kaya ukara-ukara iki: a. Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Ukara-ukara ngisor iki semaken! 1) Aku kepengin ngembangake variasi rasa sing wis ana. 2) Aku nggunakake teknologi mesin press. 3) Rumah prodhuksi punika dipunparingi nami punapa bu?KirtyaBasa VIII 544) Kripik kang dirembakakake pranyata kang paling akeh yaiku rasa asin, manis, lan rasa bawang. Tuladha ukara ing dhuwur yen dijingglengi kanthi permati katon ana bedane. Ukara nomer (1) lan nomer (2) wasesane migunakake tembung kriya tanduk, yaiku tembung ngembangake lan nggunakake. Ukara nomer (3) lan nomer (4) wasesane migunakake tembung kriya tanggap, yaiku tembung dipunparingi lan dirembakakake. Pepeling: Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere nindakake pagawean utawa pakaryan. Jalaran nindakake pagawean titikane wasesane migunakake tembung kriya tanduk. Tuladha: 1. 1. Bu Siti mundhut gedhang raja setangkep. 1. 2. Sumantri nggoleki adhine. Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere dikenani pagawean utawa pakaryan. Titikane ukara tanggap wasenane migunakake tembung kriya tanggap. Tuladha: 1. Sapine diengon dening Sakri ing pinggir alas Jabon. 2. Kripik gedhang agung didadekake unggulan kabupaten Lumajang. Gladhen: Gawea tuladha ukara tanduk cacahe 5 lan ukara tanggap cacahe uga 5! b. Ukara Pitakon Ukara-ukara ngisor iki semaken! 1) Punapa kemawon raos kripik pisang prodhuk panjenengan bu? 2) Biasanipun panjenengan pikantuk pesenan saking pundi kemawon? 3) Kadospundi caranipun masaraken kripik pisang punika? Tuladha ukara sing ana ing teks kasebut kalebu jinise ukara pitakon. Diarani ukara pitakon jalaran isine ukara nakokake sawenehe bab. Titikane ukara pitakon yaiku anane tembung pitakon. Jinise tembung pitakon akeh, antara liya: apa, sapa, pira, kapan, kepriye, geneya, ing endi55 KirtyaBasaVIIIGladhen:Gawea tuladha ukara pitakon cacahe 5 wae!Tugas 4: Nemtokake Unsur 5W lan 1H ing Teks Wawancara Wacanen sepisan maneh teks wawancara "Home industri Kripik GedhangAgung" ing dhuwur. Jingglengana sing titi ing saben pacelathon antaranepewawancara lan narasumber. Sabanjure dhaftaren ukara pitakon sing ana ing tekswawancara kasebut!Gladhen: Tembung Ukara Pitakon Babagan sing ditakokake PitakonPunapa Rumah prodhuksi punika Nakokake barang dipunparingi nami punapa bu?..................... ............................................ ............................................................... ............................................ ............................................................... ............................................ ............................................................... ............................................ ............................................................... ............................................ ............................................................... ............................................ ............................................................... ............................................ ............................................................... ............................................ ..........................................Cathetan:Ana tembung lingga sawetara kang awasana konsonan [n] yen dipanambangi {-ake} utawa{-aken} konsonan [n] liniru dadi [k]. Kaya ta [an+takon+ake] dadi [nakokake],[an+dandan+ake] dadi [ndadakake], lan liya-liyane.Pepeling:Unsur 5W lan 1H ing teks wawancara: 1. What, tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang. 2. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong.KirtyaBasa VIII 563. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa gunane kanggo nakokake alasan. 4. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu. 5. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan. 6. How, tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara. Kegiatan 2: Nulis Teks Wawancara kanthi Klompok 3: Mangun Teks Kanthi Mandhiri Ing pasinaon iki para siswa bakal sinau bebarengan sajroning klompok.Gawea klompok, saben klompok anggotane 4-5 siswa.Tugas 1: Nyusun Pedhoman Wawancara Sadurunge nindakake wawancara luwih dhisik kudu nyiapake dhaftarpitakonan minangka pedhoman nalika nindakake wawancara. Pedhomanwawancara ditulis lelandhesan 5W+1H. Informasi apa bae sing arep ditakokakegegayutan karo pitakonan apa, sapa, kapan, geneya, neng endi, lan kepriye.Nyusun dhaftar pitakonan kudu migatekake undha-usuke basa. Undha-usuke basasing dienggo gumantung sapa narasumbere sing arep diwawancarani. Kejaba kuwiisine pitakonan dicundhukake karo tema.Gladhen:Gawea dhaptar pitakonan sing bakal didadekake pedhoman wawancara. Temaneyaiku bab indhustri rumah tangga utawa home industri.N Tembung Ukara Pitakono Pitakon1 ......................... ............................................................................... . ..2 ......................... ............................................................................... . ..3 ......................... ............................................................................... . ..4 ......................... ............................................................................... . ..57 KirtyaBasaVIII5 ......................... ............................................................................... . ..6 ......................... ............................................................................... . ..7 ......................... ............................................................................... . ..8 ......................... ............................................................................... . ..9 ......................... ............................................................................... . ..10 ......................... ............................................................................... . ..Tugas 2: Nindakake Wawancara karo Narasumber Teks wawancara ngisor iki jingglengana bebarengan karo kancamusaklompok. Sabanjure saben klompok nindakake wawancara lelandhesan teks singwis sumadiya. Tindakna kanthi tumemen, aja lali nalika maragakake wawancarakudu ngenggoni unggah-ungguh sing apik. Patrap lan ucap mono minangkapotret jati dhirine manungsa. USAHA JAMU PAREMBocah-bocah : Assalamu’alaikumBu Atik : Wa’alaikumsalamGangga : Saderengipun nyuwun pangapunten, Bu. Kula sakanca ngrusuhi panjenengan.Bu Atik : Ora dadi ngapa. Ana perlu apa, nak?Gangga : Kados sampun kula aturaken minggu kepengker, menawi kanca- kanca kepengin wawancara kaliyan panjenengan.Bu Ati : Oh, iya iya. Apa sing kepengin ditakokake?Ryan : Babagan punika lho, Bu. Ngengingi jampi prodhuksi panjenengan ingkang sampun kondhang kaloka punika.Gangga : Nggih, Bu. Kula kepengin mangertosi prodhuksi jampi panjenengan punika diparingi nami punapa?Bu Atik : Jenenge yaiku Parem Jawa.Esti : Bahan kangge damel parem punika, punapa kemawon?Bu Atik : Bahan-bahane, kayata: kunir, asem, uyah, gula Jawa, lan banyu putih.KirtyaBasa VIII 58Ryan : Jampi parem punika saged dipununjuk sinten kemawon?Bu Atik : Bisa kanggo sapa wae, bocah enom lan bisa uga kanggo wongEstiBu Atik sepuh. Wong jamu parem iki jinise ombenan kang seger banget.Gangga : Rikala punapa panjenengan miwiti mrodhuksi jampi parem punika?Bu Atik : Prodhuksi jamu parem iki wis ana wiwit taun 90-an, dadi kira-kiraRyan wis ana 20 taun luwih anggone mrodhuksi iki.Bu Atik : Anggenipun sadean jampi punika, kadospundi caranipunEstiBu Atik panjenengan masaraken prodhuk jampi punika? : Sakawit, ya mung dakiderake turut lurung lan ing pasar-pasarGangga nganggo sepedhah onthel. Nanging, saiki wis oleh bantuan sakaBu Atik Dinas Kopindag, banjur aku bisa ngrembakakake usahaku iki. : Wujudipun bantuan punika menapa?Ryan : Bantuane yaiku awujud modhal lan piranti kanggo ngemas utawaBu Atik mbungkus jamu parem kuwi mau. : Menawi sampun pikantuk bantuan punika, kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk jampi parem punika? : Sawise oleh bantuan saka Kopindag iki, carane masarake prodhuk jamu iki dikirim utawa dititipake ing pasar-pasar swalayan, uga bisa ing toko pusat oleh-oleh. Nanging, yen arep tuku prodhuk iki uga bisa ing kene langsung, amarga ing kene uga mbukak toko kanggo ngedol prodhuk jamu parem iki. Istilahe yaiku Home Industri. : Makaten nggih, Bu. Maturnuwun sanget andharanipun panjenengan ngengingi kadospundi caranipun masaraken ugi kadospundi caranipun damel jampi parem punika. : Oh iya-iya. Muga-muga apa sing wis dakandharake mau bisa dadi ilmu tumrap sampeyan kabeh, sapa ngerti mbesuk bisa dadi pengusaha kang sukses. : Amiiiin, nggih, Bu. Maturnuwun sanget, kula sakanca nyuwun pamit. Assalamualaikum. : Waalaikum salam.Bausastra andharan = katrangan jampi = jamu babagan = bab ngengingi = ngenani damel = gawe kepengker = kepungkur59 KirtyaBasaVIIIPepeling:Bab-bab sing kudu digatekake nalika wawancara: 1. Ngerteni sapa sing dijak wawancara, luwih enom, sadrajad apa luwih tuwa. 2. Ngetrapake unggah-ungguh basa cundhuk karo umure narasumber. 3. Yen narasumber lagi omong aja nganti munggel rembug. 4. Pitakon kudu runtut lelandhesan pedhoman wawancara. 5. Migatekake wangsulan saka narasumber.?z[jnNimr=spdpdkuwinufuha[k[ynMmyuayuni=ssm.Gladhen: Ing pasinaon iki para siswa diajak nindakake wawancara marang pelaku homeindustri ing lingkungane dhewe-dhewe. Kanggo kaperluan wawancara tindaknapituduh-pituduh iki! 1. Nglumpuka karo klompokmu sing wis ana. 2. Goleka narasumber ing sacedhake omahmu sing duwe usaha cilik (home industri) ing omahe. 3. Gawea dhaftar pitakonan minangka pedhoman wawancara kanthi wewaton unsur 5W+1H. 4. Tindakna wawancara bebarengan karo klompokmu. 5. Tulisen utawa rekamen asile wawancara. Kegiatan 3: Nulis Teks Wawancara kanthi Mandhiri Ing pasinaon iki para siswa bakal ngetrapake nulis teks wawancara kanthicara mandhiri.Tugas 1 : Nulis Teks Laporan Asil Wawancara Amarga kegiatan wawancara iku sipate dhialogis, mula asile kegiatanwawancara kudu dilaporake kanthi dheskriptif.a. Teknik Nyusun Asile WawancaraKirtyaBasa VIII 60Nulis teks asil wawancara ditindakake sawise nindakake wawancara karonarasumber. Ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku:1) Teks wawancara ditulis sawise nindakake wawancara.2) Carane nulis sing takon minangka paraga pewawancara, sing mangsuli dadi paraga narasumber.3) Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing ditulis utawa direkam nalika wawancara.4) Dhata ditulis kanthi runtut lan ganep manut asil wawancara.Gladhen: Tulisen kanthi mandhiri asile wawancara sing wis koktindakake karo klompokmu ing pasinaon sadurunge. Paraga Asile Wawancara ............................................................................................... . .......................... ....................................................................... . .......................... ....................................................................... . .......................... ....................................................................... . .......................... ....................................................................... . ..b. Nulis Laporan Teks Wawancara Laporan wawancara mujudake ringkesan saka asile wawancara. Tulisan laporan asile wawancara wujud teks dheskriptif. Mula nalika nulis laporan asile wawancara kudu lelandhesan teks wawancara sing wis ditulis kanthi ringkes. Struktur teks laporan asile wawancara yaiku idhentifikasi, klasifikasi/dhefinisi, lan dheskripsi bagean. Irah-irahan ................................Struktur teks Dheskripsi Idhentifikasi ............................................................................... ...............................................................................61 KirtyaBasaVIIIKlasifikasi/ ............................................................................... dhefinisi .............................................................................. ...............................................................................Dheskripsi ............................................................................... bagean ............................................................................... ............................................................................... ............................................................................... ..............................................................................Tugas 2: Nanggapi Teks Laporan Asil Wawancara Kegiatan ing pasinaon iki para siswa mresentasekake laporan asilewawancara. Nalika presentasi, klompok liya bisa aweh panyaruwe, wujudepitakonan utawa saran amrih prayogane utawa becike laporan asil wawancara.Supaya luwih cetha gatekna pituduh iki.Tata cara aweh tanggapan: 1) Migunakake basa sing santun. 2) Manut skenario, yaiku ana sesi presentasi ana sesi pitakon. 3) Yen ana pitakon utawa yen ana sing lagi menehi katrangan ora kena dipunggel utawa diselani. 4) Panemu sing apik ditampa kanthi becik. 5) Yen menehi panyaruwe ora kena nyimpang saka underan dhiskusi. 6) Tujuane menehi panyaruwe kanggo njangkepi laporan asil wawancarane kancane supaya luwih apik. 7) Gunakna ukara sing prasaja lan gampang ditampa.Gladhen: Dhiskusekna laporan asile wawancara sing wis kotindakake karo kanca-kancamu. Nalika salah sijine klompok nindakake presentasi, klompok liya menehitanggapan! ?[w=oauripHikukufuz[jnNimr=spdpd,ajfu[mh. tuminFkKanDpH [so/,aikulkuautm.KirtyaBasa VIII 62UJI KOMPETENSI WULANGAN 3A. Pilihen wangsulan kang paling bener!Anik : Kula nuwun.Pak Karji : Mangga nak, kene mlebu kene.Anik : Inggih pak, matur nuwun.Pak Karji : Ana perlu apa kok sajak wigati banget.Dewi : Punika lho pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan.Pak Karji : Apa bae sing pengin dingerteni nak?Anik : .........................................................Pak Karji : Usaha bathik iki dakjenengake "Sekar Jagad".1. "Ana perlu apa kok sajak wigati banget. " Tembung wigati tegese .... a. temenan b. gumun c. penting d. pengin2. Kanggo nggenepi pacelathon ing dhuwur ukara sing trep yaiku .... a. Apa jenenge usaha bathik sampeyan pak? b. Punapa naminipun usaha bathik panjenengan pak? c. Sinten naminipun usaha bathik panjenengan pak? d. Sapa jenenge sing duwe usaha bathik pak?3. Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, apike nggunakake basa .... a. krama alus b. krama lugu c. ngoko alus d. ngoko lugu 4. Ing ngisor iki sing kudu disiapake sadurunge nindakake wawancara, kajaba .... a. nemtokake narasumber b. nemtokake tema c. nemtokake biaya63 KirtyaBasaVIIId. nemtokake tujuan5. Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude .... a. Dheskripsi sing arep ditakokake. b. Dhaftar pitakonan sing kanggo takon. c. Tape recorder kanggo ngrekam. d. Ringkesan materi sing arep ditakokake.6. Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kajaba .... a. Supaya anggone nindakake wawancara runtut lan genep. b. Supaya ora ana pitakonan kang kliwatan. c. Supaya tumindake wawancara lumaku lancar lan mawa arah. d. Supaya anggone nindakake wawancara suwe.7. 1) Kepriye carane ngembangake usaha bathik ”Sekar Jagad” punika pak? 2) Kados pundi caranipun ngembangaken bathik ”Sekar Jagad”punika pak? 3) Kenging punapa kok opah buruh awis pak? 4) Sinten ingkang paring bantuan? Ukara pitakon ing dhuwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer .... a. 1,3 b. 2,4 c. 1,2 d. 3,48. Sing klebu tuladhane ukara tanduk yaiku .... a. Jamu iki diprodhuksi wiwit taun 2009. b. Aku nampa pesenan sawayah-wayah. c. Barang dagangan dakkirim seminggu ping pisan. d. Kripik rasa original sing paling disenengi konsumen.9. ?jmupxmRs[nsege/,ksiy[tTamPuh. a. Jamu marem lan seger, kasiyate manjur. b. Jamu parem rasane seger, kasiyate ampuh. c. Jamu karem seger buger, kasiyate ampuh. d. Jamu parem sing seger kasiyate manjur.KirtyaBasa VIII 6410. Tembung: nara sumber yen katulis aksara Jawa.... a. nrhsumBe/ b. nrsumBe/ c. nrhsumbe/ d. nrsu[mB/B. Wangsulana sing patitis! 1. Sebutna unsur 5W+1H ing dhaftar pitakonan kanggo wawancara. Terangna lan wenehana tuladhane! 2. Gawea ukara pitakon: a. Sing nakokake barang cacahe 2. b. Sing nakokake cara/proses cacahe 2. c. Sing nakokake papan/panggonan cacahe 2. 3. Terangna, bab-bab apa sing kudu digatekake nalika arep nindakake wawancara! 4. Gawea ukara tanduk 2 lan ukara tanggap 2 kanthi migunakake tembung- tembung sing ana gegayutane karo home industri ! 5. Gawea teks wawancara sing prasaja wae kanthi tema "indhustri"!65 KirtyaBasaVIIIWULANGAN 4 IKLANKompetensi Dasar Indikator1.1 Menghargai dan mensyukuri 1.1.1 Menyapa dengan bahasa daerahkeberadaan bahasa daerah 1.1.2 Berdoa dengan bahasa daerah 1.1.3 Mensyukuri keberadaan bahasasebagai anugerah Tuhan Yang daerahMaha Esa untukmeningkatanpengetahuan danketerampilanberbahasa daerah,serta untuk melestarikan danmengembangkan budaya daerahuntuk didayagunakan sebagaiupaya pembinaan danpengembangan kebudayaanNasional1.2 Menghargai dan mensyukuri 1.2.1 Mensyukuri keberadaan bahasakeberadaan bahasa daerah sebagai daerah.anugerah Tuhan yang Maha Esa 1.2.2 Bercakap-cakap dengan bahasasebagai sarana memahami daerah sebagai rasa syukurinformasi lisan dan tulis. pada Tuhan Yang Maha Esa2.2 Memiliki perilaku peduli, cintatanah air, dan semangat 2.2.1 Memiliki perilaku peduli dengankebangsaan atas karya budaya bangga mempelajari berbagaiyang penuh makna. bentuk karya budaya bangsa2.3 Memiliki perlaku kreatif, tanggung 2.3.1 Memiliki perilaku kreatif Jawab, dan santun dalam 2.3.2 Memiliki perilaku tanggung mendebatkan sudut pandang tertentu tentang suatu masalah jawab 2.3.3 Membiasakan perilaku santunyang terjadi pada masyarakatdengan menggunakan berbagairagam bahasa.3.4 Memahami struktur teks, unsur 3.4.1 Mengidentifikasi berbagai jeniskebahasaan dalam menulisberbagai jenis surat, iklan, dan iklan/ reklame.reklame sesuai konteks. 3.4.2 Mengidentifikasi struktur teks iklan/ reklame. 3.4.3 Mengidentifikasi unsur kebahasaan dalam iklan/ reklame.KirtyaBasa VIII 664.4 Menulis berbagai jenis surat, 3.4.4 Menjelaskan kaidah penulisan iklan, dan reklame sesuai dengan iklan/ reklame. kaidah dan konteks 4.4.1 Menulis iklan 4.4.2 Membaca ekspresif iklan/ reklame. 4.4.2 Mengomentari hasil pekerjaan temanMbabar Wawasan Gatekna gambar ing ngisor iki! 1 bakiak asli indonesia2. 2. Enak dianggo, Enak ing kanthong Dijamin ora bakal gela 1. Miturut panemumu, gambar ing dhuwur gambar apa? 2. Apa sing ditawakake liwat gambar nomer 1 ?67 KirtyaBasaVIII3. Apa sing ditawakake liwat gambar nomer 2 ? 4. Apa arane iklan kang nduweni tujuan golek keuntungan? 5. Apa ana iklan kang tujuane ora kanggo golek kauntungan? 6. Coba goleka tuladha iklan liyane kaya gambar ing dhuwur!Kegiatan 1: Wangun Teks Iklan / Reklame3: Mangun Teks Kanthi Mandhiri Iklan utawa pariwara yaiku tulisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake barang, jasa utawa ajak-ajak. Nawakake tegese ngandhakake barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone (cara nggunakake) kepriye. Dene ajak-ajak karepe ngajak supaya wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang ditawakake. Iklan sing apik kudu bisa narik kawigatene calon pelanggan kanthi maca/krungu, mulane basane kudu pas utawa trep. Pilihan tembung lan ukarane kudu pas miturut pelanggan utawa pangsa pasar kang diincer. Upamane sing diincer kalangan nom-noman, basane kudu nganggo basa gaul kang kulina digunakake nom-noman. Menawa kang diarah iku kalangan masyarakat umum, ya nganggo basa kang umum. Ukara iklan kudu ringkes, cetha, cekak aos, lan narik kawigaten. Basane narik kawigaten, tetembungane bisa cumenthel ing pikirane kang maca supaya ora gampang lali banjur yen sawayah-wayah butuh barang kaya kang ditawakake enggal kelingan banjur tuku barang mau. Tugas 1 : Ngidhentifikasi Jinis Teks Iklan / Reklame Ing jaman saiki, iklan bisa kapacak ing ariwati, kalawarti, ana maneh sing lumantar radhio, TV, lan internet. Iklan uga lumrah kaandharake liwat medhia cithak lan medhia elektronik. Medhia cithak bisa wujud selebaran, pamflet, baliho, ariwarti, lan kalawarti. Dene medhia elektronik yaiku televisi, radhio, lan internet. Ariwarti yaiku layang kabar kang metune/terbite saben dina, dene kalawarti yaiku layang kabar kang metune/terbite kala mangsa, bisa seminggu pisan, setengah sasi pisan, utawa sesasi pisan.KirtyaBasa VIII 68Tuladha iklan/ reklame iki wacanen lan tintingana! Gladhen: 1. Apa sing diarani iklan / reklame iku? 2. Apa bae tujuane wong masang iklan? 3. Apa bae media sing bisa digunakake kanggo nyiarake iklan? 4. Jelasna kepriye bedane iklan kang digiyarake lewat media cithak lan iklan kang digiyarake lewat media elektronik! 5. Miturut panemumu, kepriye basa sing digunakake iklan ing dhuwur? 6. Gambar iklan kasebut isine medharake bab apa? Kejaba tuladha iklan kang kapacak ing medhia cithak, ana uga tuladha iklan kang kagiyarake lumantar medhia elektronik (radhio, TV), uga internet). Gatekna uga tuladha transkripsi teks iklan kang biasane kagiyarake ing medhia radhio:69 KirtyaBasaVIIIIKLAN ”TOLAK ANGIN KOMPLIT”Bapak : " Adhuh bune, awakku kok pegel kabeh. "Ibu : "Kena apa ta pakne? "Bapak : "Ora ngerti aku, apa jalarane rasane kok kaya masukIbuBapak angin. "Ibu : "Oalah bapakne masuk angin ta! "Bapak : "Iya bune, awit wingi bengi bali saka Pasuruan ngeterkeIbuBapak barang dagangan. "Ibu : "Iku pakne mesthi lali ngunjuk obat. " : "Iya bune, ben cepet mari diapakna ya, dipijeti wae piyeBapakIbu bune? "Bapak : "Oalah gampang yen soal pijet, iki dakgawekake unjukan dhisik, supaya ilang rasa pegel-pegele. " : "Apa iku bune? " : " Iki lho pakne, Jamu Tolak Angin Komplit, obat herbal kanggo masuk angin, mendhakake weteng kembung, weteng lara, nglegakake tenggorokan, njaga kasarasan awak sarta apik diunjuk nalika tindakan, awak sayah lan kurang turu. Obat iki digawe saka bahan alami kayata minyak adas, kayu ules, godhong cengkeh, meniran, jahe lan madu. Ayo pakne diunjuk saiki supaya enggal waras." : "Wah enak tenan bune, awak krasa seger buger kaya lebar dipijeti wae. " : "Bener ta omongku pakne, awak dadi seger buger amarga ngunjuk Tolak Angin Komplit. " : " Wes ewes ewes...., bablas angine.....! "Gladhen:Wangsulana pitakon ing ngisor iki! 1. Apa isine teks iklan ing dhuwur? 2. Apa tujuan sing diancas kanthi iklan kasebut? 3. Apa medhia sing cocog kanggo nggiyarake teks iklan ing dhuwur? 4. Terangna apa bedane iklan kang migunakake medhia cithak lan medhia elektronik! 5. Kepriye panemumu ngenani basa sing dienggo ing iklan kasebut?Miturut ancas utawa tujuane, iklan dibedakake dadi:KirtyaBasa VIII 701. Iklan Komersial Iklan komersial mengku tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa. Lire ndayani masyarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake. Tuladhane: iklan kang isine nawakake panganan, obat, klambi, lan sapanunggalane. 2. Iklan Layanan Masyarakat Iklan layanan masyarakat minangka perangan saka kampanye sosial kang tujuane adol gagasan kanggo kepentingan sosial lan pelayanan tumrap masyarakat. Biasane arupa ajakan, pranyatan, utawa himbauan marang masyarakat kanggo nindakake utawa nyegah sawijining pakarti kanggo kepentingan umum. Tuladha iklan layanan masyarakat, umpamane: ajakan supaya ora mbuwang larahan sembarangan, milah larahan miturut jinie, nyegah perkawinan dini, milih kontestan tartamtu samangsa dianakake pemilihan, lan sapanunggalane. Miturut fungsine iklan dibedakake dadi 3 golongan, yaiku: 1. Iklan Informatif Iklan informatif nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki : a. Duwe pamrih kanggo nyiptakake kesadharan, menehi informasi, lan ngenalake prodhuk anyar utawa njelasake keunggulan prodhuk sing wis ana. b. Menehi informasi manawa dumadi owah-owahan rega, kemasan utawa owah-owahan liyane tumrap prodhuk sing wis ana. c. Njelasake tata rakit sawijine prodhuk barang utawa jasa. d. Ngurangi rasa was sumelang tumrap konsumen samangsa dumadi perubahan tumrap prodhuk tinamtu. Mesthine kabeh mau kanthi tujuan supaya konsumen ora banjur pindhah marang prodhuk liyane. 2. Iklan Persuasif Iklan persuasif nduweni ciri kaya ing ngisor iki: a. Tujuane kanggo narik kawigaten lan ndayani konsumen supaya ketarik marang prodhuk sing diiklanake. b. Ngowahi persepsi konsumen, saengga sing maune ora kenal malih kenal, sing maune ora ketarik malih ketarik, sing maune anti pati malih dadi ketagihan marang prodhuk sing diiklanake.71 KirtyaBasaVIIIc. Ndayani marang konsumen sing pancen wis ketarik enggal tuku barang sing diiklanake. 3. Iklan Reminder Iklan reminder nduweni ciri-ciri: a. Tujuane kanggo nggiring konsumen supaya enggal tuku prodhuk sing diiklanake. b. Ngelingake konsumen manawa sawijine wektu bakal mbutuhake banget marang prodhuk sing diiklanake. c. Ngelingake konsumen ing ngendi bisa tuku/golek barang sing dibutuhake. d. Ngrangkul konsumen supaya tansah setya dadi konsumen prodhuk sing diiklanake. Miturut medhia kang digunakake kanggo masang iklan, dibedakake dadi loro (2), yaiku Iklan above the line lan Iklan below the line. 1. Iklan above the line yaiku iklan kang migunakake medhia massa. Maksude khalayak sasaran kang diancas jumlahe gedhe kanthi isi lan pesan kang kanggo wong akeh (serempak). Medhia kang kalebu kategori iki yaiku surat kabar, majalah, tabloid, televisi, film, radhio, dan internet. 2. Iklan below the line iku iklan kang migunakake medhia khusus. Kang kalebu iklan jinis iki yaiku: leaflet, poster, spandhuk, baliho, bus panel, bus stop, point of purchase (POP), sticker, shop sign, flayers, display, lan sapanunggalane.Tugas 2 : Nintingi Struktur Teks Iklan / Reklame. Ing kegiatan iki para siswa diajak mangerteni struktur teks iklan utawareklame. Sawise njingglengi gambar iklan ing dhuwur, diajab kowe kabeh bisamangerteni perangan teks kang awujud: headline, subheadline, amplifikasi,tagline lan productshot. 1. Headline, yaiku perangan iklan kang pancen sengaja ditonjolake. Pamrihe supaya iklan narik kawigaten para pamiarsa minangka punjer utawa intine iklan. Ora kudu manggon ana ing awal tulisan, nanging sing baku dadi titik awal utawa kang sepisanan dikenali dening pamiarsane. 2. Subheadline, yaiku perangan iklan kang nerangake pokok-pokok iklan sing dianggep wigati. Lumrahe nerangake ngenani keunggulan prodhuk barang utawa jasa sing diiklanake.KirtyaBasa VIII 723. Amplifikasi, yaiku naskah utawa teks iklan kang ngiringi headline. Kerep diarani bodicopy utawa bodi teks. Perangan iki mengku karep menehi katrangan luwih rinci. 4. Tagline, yaiku slogan utawa basa rinengga kang wujud ukara cekak aos kang nuduhake spirit, kualitas, lan keunggulan prodhuk. 5. Productshot, yaiku gambar utawa brand sing ditawakake. Iklan sing apik kudu bisa ditampa masyarakat lan salaras karo kearifan lokal. Supaya ditampa masyarakat, mula kudu netepi limang prakara, yaiku: attention (perhatian), interest (menarik), desire (keinginan), conviction (rasa percaya), lan action (tindakan). Atention (perhatian), tegese iklan sing apik kudu bisa narik kawigatene masyarakat. Mula saka iku, iklan mbutuhake dhesain mirunggan, wiwit ukuran, rupa/warna, panggonan, jinis tulisan, lan swara- swara tartamtu jumbuh karo medhia sing digunakake. Interest (menarik), lire iklan kudu bisa agawe kesengsem tumrap konsumen kang tundhone kepengin nduweni. Kanggo iku iklan kudu bisa ngundhakake rasa kesengseme konsumen mau dadi rasa pengin ngerteni kanthi permati lan enggal tuku barang utawa jasa sing diiklanake. Desire (keinginan) lire kanthi maca iklan kasebut bisa nuwuhake pepinginan konsumen enggal nduweni. Conviction (rasa percaya) yaiku nuwuhake rasa percaya diri (sembada) marang konsumen sawise migunakake barang utawa jasa kang diiklanake. Action (tindakan) tegese nuntun konsumen enggal-enggal nduweni/ migunakake barang lan jasa sing diiklanake. (Sumber : Kasali, Renald. 1995., “Manajemen Periklanan: Konsep dan Aplikasinya di Indonesia”, Jakarta: Grafiti) Gladhen: 1. Jingglengana tuladha iklan ing ngisor iki! KOPI KAPAL API 2. kSaaa.lkeabHuge:aamdlbiEnaNKerAOiKkK-lPaUJIOnNES:iSnCC-.gMA.A.d.AR.LhK..NAAu..Yw.NU.u.S.r.S.,.j.e..l.a.s..n..a..p..e..r.a..n..g..a.n...i.k.l.a..n../..r.e..k.l.a..m...e..e..n..d..i sing73 KirtyaBasaVIIIb. Subheadline : .....................................................................c. Amplifikasi : .....................................................................d. Tagline : .....................................................................e. Prodhuk shot : .....................................................................Tugas 3 : Nintingi Unsur Basa ing Teks Iklan / Reklame Panganggone basa ing penulisan iklan kudu migatekake ruwang lanwektu, amarga gumantung marang medhia kang digunakake kanggonggiyarake utawa ngandharake. Dene undha-usuking basa kang digunakakenyalarasake marang sapa sasaran iklan mau ditujokake. Dadi kabeh strata basadigunakake. Ana sawetara kriteria basa kang kudu digatekake kanggo ngasilake iklansing apik. Basa sing digunakake kudu nduweni sifat: 1. Informatif tegese tembung-tembunge jelas, cekak aos, lan ora mbulet. 2. Persuasif tegese rakitan ukarane iklan bisa ngowahi panemune wong kang krungu utawa maca iklan saengga dadi percaya marang barang sing diiklanake. 3. Komunikatif tegese basa sing digunakake gampang dimangerteni dening pamiarsa. 4. Sugestif tegese basa sing digunakake bisa ndayani pangrasane wong sing krungu utawa maca dadi kesengsem marang barang sing diiklanake. Cekake basa iklan kudu cekak aos, pantes, mentes, lan nengsemake. Basa apa sing lumrah kagunakake kanggo nulis iklan? Iklan sing paling akeh kita temoni umume nggunakake basa Indonesia. Masyarakat Jawa umume kalebu penutur bilingual, malah uga multilingual. Tegese dudu mung bisa srawung nggunakake basa Jawa bae, nanging uga minangka penutur aktif basa Indonesia, malah uga nguwasani sawetara basa daerah lan basa manca liyane. Mula basa sing digunakake ing iklan kudu cundhuk karo basa sing dimangerteni masyarakat sasaran. Kanggo penutur basa Jawa, basa ing iklan nggunakake basa Jawa. Gladhen: Goleka tuladha iklan saka media cithak utawa medhia elektronik. Sabanjure tintingana unsur basa kang digunakake ing iklan/ reklame kasebut!KirtyaBasa VIII 74Tugas 4 : Nintingi Ukara Hagnya lan Ukara Sambawa Iklan/ reklame lumrahe nduweni tujuan kanggo mangaribawani lan ngajakmasyarakat supaya ketarik marang apa kang diiklanake. Yen kita nintingi jiniseukara, ana jinise ukara kang surasane prentah utawa pakon utawa pangarep-arep,yaiku ukara hagnya lan ukara sambawa.1. Ukara Hagnya Ukara hagnya, yaiku ukara kang ngemu surasa prentah utawa pakon marang wong liya supaya nindakake kaya isi/surasane ukara mau. Ukara iki nduweni intonasi dhewe, ora padha karo intonasi ukara andharan lan pitakon. Ciri liyane yaiku anane tandha ’penthung’ utawa panyeru ing pungkasane ukara (!). Tembung-tembung kang bisa ngasilake rimbag hagnya iku ana papat, yaiku: menawa tembung lingga oleh panambang –a, -na, -ana, lan –en. Tuladhane ing ukara kaya ing ngisor iki: a. Rek, aja lali sinaua ! b. Widari, tulung pundhutna garisan iku, ndhuk! c. Ayo, yen pancen wani, tandhingana aku! d. Lawang nomer telu kae bukaken!2. Ukara SambawaUkara sambawa, iku ukara kang migunakake tembung sambawa. Tembungsambawa yaiku tembung sing oleh panambang /-a, -na, -en, lan –ana/ nangingtegese dudu prentah. Biasane ana ing ukara lumrah, panambang –a, -na, utawa–ana iku nduweni teges prentah/pakon.Tuladhane:tuku + -a = tukua (ngongkon supaya tuku)tulis + -na = tulisna (ngongkon supaya nulisake)sapu + -ana = saponana (ngongkon supaya nyaponi)Ananging ana ing ukara sambawa, panambang –a, -na, utawa –ana oranduweni teges prentah kaya ing ukara lumrah/biasane.Ukara sambawa iku nduweni teges kaya ing ngisor iki:1. SanajanTuladha:a. Udana kaya ngapa bapak tetep tindak pasar.Tembung udana saka tembung lingga udan + -a. Panambang –a ingtembung iku ora nduweni teges akon supaya udan, nanging nduweniteges sanajan. Dadi ukara lumrahe saka ukara sambawa iku:→ Sanajan udan kaya ngapa bapak tetep tindak pasarb. Bagusa kae yen ora tau gelem ngibadah ya padha wae aku ora seneng.→ Sanajan bagus kae yen ora tau gelem ngibadah ya padha wae, akuora seneng.75 KirtyaBasaVIII2. Umpama Tuladha: Sinaua rada suwe aku mau entuk biji apik. → Umpama sinau rada suwe aku mau entuk biji apik. Nggawaa payung aku ora bakal teles ngene iki. → Umpama nggawa payung aku ora bakal teles ngene iki. 3. Pangarep-arep/muga-muga Tuladha: Sikilku ndang maria, aku bisa bal-balan maneh. → Sikilku muga-muga ndang mari, aku bisa bal-balan maneh. Bapak kondura, aku bisa matur bab iki. → Bapak muga-muga kondur, aku bisa matur bab iki. 4. Mokal / mustahil Mokal utawa mustahil iku tegese ora mungkin kedadean. Tuladha: Narti maneh lulusa, Wahyuni sing pinter wae ora bisa. → Narti ora mungkin bisa lulus, wong Wahyuni sing pinter wae ora bisa. Kowe maneh diwenehana, aku sing paling cedhak wae ora mambu. → Kowe maneh ora mungkin diwenehi, aku sing cedhak wae ora mambu.Gladhen.Ukara-ukara sambawa ing ngisor iki nduweni teges apa, lan gawenen ukaralumrahe!1. Mangana akeh yen pikirane ora tentrem, awake ora bakal bisa lemu.2. Mengko sore udana ya, hawane ora panas.3. Tangia luwih mruput mau aku ora telat ngene iki.4. Nulisa yen ora tau diwaca ya ora ana gunane.5. Dheweke maneh ngertia, aku sing kanca cedhake wae ora dikandhani.6. Diterangna ping pitu, wong dhasare ora nggatekake ya tetep ora mudheng.7. Gawea tuladha ukara sambawa kang nduweni teges: → sanajan → umpama → pangarep-arep → mokalKirtyaBasa VIII 76Pepeling! Ukara hagnya,iku ukara kang isine prentah. Umume nggunakake tembung hagnya. Tembunge oleh panambang: -a, -na, -en, -ana, lan ateges prentah. Dene ukara sambawa iku ukara kang ngemu teges: sanajan, saupama, lan pangarep-arep. Migunakake tembung hagnya, lagi dimangerteni manawa wis manggon ing ukara gramatik Kegiatan 2: Nulis Iklan Kanthi Klompok 3: Mangun Teks Kanthi Mandhiri Tugas 1: Nintingi Teks Iklan Ana sawetara kaidah kang kudu digatekake nalika nulis iklan, yaiku: 1. Migunakake tetembungan kang narik kawigaten 2. Ukarane cekak aos, pantes, lan mentes 3. Bisa ngyakinake manawa migunakake prodhuk lan jasa sing diiklanake bakal migunani 4. Migunakake tembung hagnya Tuladha kaya iklan ing ngisor iki: 1.77 KirtyaBasaVIII2.Gladhen:Tuladha iklan ing dhuwur tintingana bebarengan anggota klompokmumiturut struktur teks iklan kang dumadi saka:a. Headline : .....................................................................b. Subheadline : .....................................................................c. Amplifikasi : .....................................................................d. Tagline : .....................................................................e. Prodhuk shot : .....................................................................Tugas 2 : Nulis Teks Iklan Sawise nintingi teks iklan ing dhuwur, bebarengan karo anggotaklompokmu, gawea iklan kanggo nawakake prodhuk lan jasa apa bae marangmasyarakat kanthi nggatekake paugeran ing dhuwur! Kegiatan 3: Nulis Iklan Kanthi MandhiriTugas 1: Maca lan Nulis Teks Iklan Nganggo Aksara Jawa Tindakna pakaryan iki: 1. Iklan ing ngisor iki wacanen, banjur salinen menyang aksara Latin ing buku tugasmu! ?[to[kosumBe/wrs\sediyjmum[nkw/nln>ginipu[ nBotenHwis\,pvJene=znSkitNp[km[wonSgetM|nD|tJKirtyaBasa VIII 78muai=[to[kojmu:sumBe/wrs\,almtTipunHi=jlnP]mBnN n\[nome/:59:surby.fijmi[nH=glSrs\, 2. Iklan sapada ing ngisor iki salinen nganggo aksara Jawa! ”Mangga, mangga dirahapi: tahu rujak, tahu petis, tahu isi, pisang goreng kremes, bakwan rasa urang, bakwan rasa sapi, bakwan rasa sate cempe, lan liya liyane. Pesenan bisa diterake, cukup ditunggu ana dalem. Hubungi mbak Atik Merakati, Jalan Kertajaya nomer 23 Surabaya” Pepeling: Nulis aksara Jawa kudu migatekake tetenger pada, yaiku pituduh mungguh kepriye aturan panulisane. Tetenger pada mau dumadi saka: 1. Adeg-adeg 2. Pada lingsa, pada lungsi 3. Pada pangkat 4. Pada andhap, pada madya lan pada luhur. Sing ditulis migunakake pasangan dudu aksara mati, nanging aksara sawise aksara mati.Tugas 2 : Ngomentari Iklan Asil Pakaryane Kanca 1. Teks iklan ngisor iki wacanen kanthi ekspresif! Mangga, mangga dirahapi: tahu rujak, tahu petis, tahu isi, pisang goreng kremes, bakwan rasa urang, bakwan rasa sapi, bakwan rasa sate cempe, lan liya liyane. Pesenan bisa diterake, cukup ditunggu ana dalem. Hubungi mbak Atik Merakati, Jalan Kertajaya nomer 23 Surabaya79 KirtyaBasaVIII2. Kanggo kanca liyane sing ora maca, rungokna lan wenehana komentar pamacane kancane! Bab-bab sing kudu digatekake nalika menehi komentar: a. pangucapane/ lafale b. intonasi c. ekspresiKirtyaBasa VIII 80UJI KOMPETENSI WULANGAN IV A. Pilihen wangsulan kang paling bener! Gatekna iklan ing ngisor iki! LEMBAGA PENDHIDHIKAN LUAR SEKOLAH “LPS HANGTUAH” PROFESIONAL MENGANTAR ANDA KE DUNIA KERJA Bubar lulus SMA? Pengin enggal nyambut gawe? Melu wae kursus! Suwene patang sasi! Dijamin lulus langsung nyambut gawe. Panjenengan rawuh wae menyang lembaga pendhidhikan lan kursus Hangtuah! Nganakake kursus kemaritiman, komputer, montir, baby sitter, basa Inggris, basa Jepang, basa Cina, pertukangan, komputer lan teknisi HP. LPS Hangtuah manggon ing Jalan Brajagati No.635 Brujulan, Limbangan Phone: 0294876490 utawa HP: 08735672866 Katrangan luwih gamblang bisa miterang marang Bp. Suminto HP: 08276803451. Iklan ing dhuwur isine nawakake .... a. panggawean b. lembaga kursus Hangtuah c. lapangan kerja maritim d. jasa komputer2. Sing dadi sasarane iklan ing dhuwur yaiku .... a. kabeh masyarakat b. masyarakat sakiwa tengene jalan Brajagati c. Masyarakat sing lagi lulus SMA d. Bapak Suminto3. Dene sing ditawakake liwat iklan ing dhuwur yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba .... a. kursus kemaritiman b. kursus pertukangan81 KirtyaBasaVIIIc. kursus baby sitterd. ndandani HP4. ”LPS HANGTUAH” . Perangan kasebut ing iklan diarani .... a. headline b. subheadline c. tagline d. prodhukshot5. Bubar lulus SMA? Pengin enggal nyambut gawe? Melu wae kursus! Suwene patang sasi! Dijamin lulus langsung nyambut gawe. Panjenengan rawuh wae menyang lembaga pendhidhikan lan kursus Hangtuah! Nganakake kursus kemaritiman, komputer, montir, baby sitter, basa Inggris, basa Jepang, basa Cina, pertukangan, komputer lan teknisi HP. Perangan ana ing iklan kaya katur ing dhuwur diarani .... a. Headline b. Subheadline c. Tagline d. Prodhuk shot6. Gatekna tuladha iklan ing ngisor iki! ”Aku iki Beja, bener-bener isih Jaka. Beja, Bersih....., Jujur....., lan ...Aja Dumeh. Wong Beja tansah ngunjuk Jamu Beras Kencur Awak Seger Dadi Makmur” Perangan Tagline ing iklan dhuwur yaiku .... a. Aku iki Beja. b. Bener-bener isih Jaka. c. Beja, bersih..., jujur...., lan aja dumeh. d. Wong beja tansah ngunjuk Jamu Beras Kencur.7. Iklan kang nduweni titikan/ paugeran kaya ing ngisor iki kalebu jinise iklan.... - Nduweni tujuan mbentuk kesadharan lan pengetahuan bab prodhuk utawa fitur-fitur saka prodhuk kang wis ana. - Njelasna cara kerja prodhuk. - Menehi informasi rega lan kemasan prodhuk. - Ngoreksi prodhuk. a. iklan informatif b. iklan persuasifKirtyaBasa VIII 82c. iklan reminder d. iklan profokatif8. Basa sing digunakake kanggo iklan nduweni sifat kaya ing ngisor iki, kajaba .... a. persuasif b. profokatif c. komunikatif d. sugestif9. Basa iklan kang persuasif maksude .... a. Bisa mahanani marang kebutuhane konsumen, menehi kawigaten lan solusi tumrap kebutuhan informasi para warga. b. Tembung-tembunge jelas, semanak, cekak aos, lan ora mbulet, nganti ngrusak durasi penayangan. c. Rakitan ukarane bisa ndadekake audience ngrasa kepenak, seneng, tentrem, lan menghibur. d. Basa sing digunakake bisa ndayani pamiarsa dadi wuwuh utawa tambah kapercayane, saengga ketarik marang sing diiklanake.10. Iklan kang duwe tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa, lire ndayani masyarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake diarani .... a. iklan komersial b. iklan layanan masyarakat c. iklan persuasif d. iklan reminder11. Nyambuta gawe ngrekasa yen durung rejekine ya uripe pancet pas-pasan. Tembung: nyambuta gawe ngrekasa ing ukara kasebut tegese .... a. saupama nyambut gawe ngrekasa b. sanajan nyambut gawe ngrekasa c. saupama nyambut gawe ngrekasa d. prentah supaya nyambut gawe ngrekasa12. Tembung kang dirimbag kanthi panambang /-a/ kang ateges sanajan, saupama, utawa pangarep-arep diarani .... a. tembung sambawa b. tembung hagnya83 KirtyaBasaVIIIc. tembung saroja d. tembung kriya13. Dene tembung kang dirimbag kanthi panambang:-a, -en, -na, lan –ana sing tegese prentah diarani .... a. tembung sambawa b. tembung hagnya c. tembung saroja d. tembung kriya14. ?tukukWlik=[goa=[go[do[gKopt\ajllisi=[nome/ppt\, a. Tuku jeli ing warunge pak somat,aja lali sing nomer keramat. b. Tuku jeli lan tuku kopat,aja lali sing nomer papat. c. Tuku klambi ing pasar tembayat, ngati-ati watuke kumat. d. Tuku kwali kanggo nggodhog kopat, aja lali sing nomer papat.15. ?[y[nBo[yokSkit\zuvJ|kW[ajmusege/wrs\, a. Yen Doyok sakit mesthi diombeni jamu beras kencur. b. Yen boyok sakit, ngunjuk wae jamu seger waras. c. Yeni lan Doyok sakit tumbaske obat cap waras. d. Yen simbok sakit mesthi ngunjuk jamu seger waras.B. Wangsulanana kanthi patitis! 1. Gawea teks iklan siji wae sing isine nuduhake sekolahmu! 2. Apa wae ancase nulis iklan? 3. Terangna nganggo basamu dhewe bab ancase iklan mau kanthi rinci! 4. Terangna struktur teks iklan! 5. Kepriye basa sing dienggo ing teks iklan sing becik? Terangna!KirtyaBasa VIII 84LATIHAN ULANGAN AKHIR SEMESTER GANJIL A. Pilihen wangsulan sing paling bener! 1. Perangane struktur teks crita cekak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani.... a. tema b. alur/ plot c. paraga/ pamaragan d. latar/ setting 2. ”Jeneng asline mono Wira. Embuh Wira sapa, tangga teparone ora ana sing mudheng. Nanging sarehne saben nandangi pegawean apa wae mesthi mung klemar-klemer, mula dening wong-wong banjur diceluk Wira Klemer”. Punggelan crita cekak ing dhuwur, manut struktur teks kalebu perangan.... a. tema b. alur/ plot c. paraga/ pamaragan d. latar/ setting 3. ”Pesenan kita diterna pelayan lanang sing seragame rapi, ambune wangi. Langsung bae kita mangan apa sing wis disuguhake pelayan mau.” Punggelan crita cekak iki nuduhake setting panggonan ing .... a. hotel b. restoran c. gubuk d. gedhung 4. ”Mripate Damarjati katon mbrabak krungu critane Sekarwangi. Rasane trenyuh, atine welas marang kenya ayu lan wasis kang lungguh ing ngarepe iku. Sekarwangi duwe gegayuhan bisa sekolah ing SMK jurusan Boga, yen wis lulus banjur bukak rumah makan sing dikemonah kanthi becik lan duwe ciri khas sing bisa narik lengganan. Nanging amarga bapake seda nalika dheweke isih kelas 3 SMP, mula banjur bara menyang kutha kanggo golek dhuwit sing bakal dienggo pawitan nyambut gawe nganti selawase kaya angen-angene.” Punggelan crita cekak ing dhuwur, paraga utamane yaiku.... a. Damarjati b. Sekarwangi c. Bapake85 KirtyaBasaVIIId. Aku5. Ngisor iki sing kalebu ukara langsung yaiku .... a. “Alah Yan, penting isa mangan enak lak wis,” Gusti nyuwara. b. Aku ya ngerti bapake Deni mung pegawe endhek ing pabrik rokok, ibune uga ibu rumah tangga biasa. c. Dheweke mung njagakake kiriman saka bapake. Dheweke ya ora entuk beasiswa. d. Deni kandha, menawa dheweke oleh rejeki maneh bakal nraktir aku lan kanca-kancaku kabeh.6. ?aibudwuh;sinauwsi=s}gepSupy bisffi wsis\;. Ukara aksara Jawa ing dhuwur unine.... a. Hibu dawuh sinauwa sing sregep supaya bisa dadi wasis. b. Ibu dhawuh sinaua sing sregep supaya bisa dadi wasis. c. Ibu dhawuh, sinaua sing sregep supaya bisa dadi wasis. d. Hibu dawuh, sinauwa sing sregep supaya bisa dadi wasis.7. Ing ngisor iki paribasan sing tegese mung njagakake rejeki utawa asil mung saoleh-olehe , yaiku .... a. Adang-adang tetesi embun b. Blilu tau, pinter during nglakoni c. Cebol nggayuh lintang d. Durung pecus keselak besus8. Ing ngisor iki pepindhan sing tegese njarag tumuju marang bebaya, yaiku kaya .... a. kuthuk marani sunduk b. lintang alihan c. ngaru napung d. niba-nangi9. Ing ngisor iki bebasan sing tegese rebutan barang sepele yaiku .... a. Arep jamure ora arep watangane b. Emban cindhe, emban siladan c. Ora uwur ora sembur d. Rebut balung tanpa isiKirtyaBasa VIII 8610. Ing ngisor iki saloka sing tegese gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane, yaiku .... a. Asu belang kalung wang b. Bathok bolu isi madu c. Cecak nguntal empyak d. Dom sumurup banyu 11. Jinis ragam basa manut panganggone sing trep manut unggah-ungguh yaiku …. a. Basa formal-basa informal b. Basa tulis -basa lisan c. Basa ngoko basa-basa krama. d. Basa gancaran-basa sastra 12. Ragam dialek surabayaan, bojonegoroan, malangan, lan sapanunggalane, ragam basa sing dititik saka …. a. panganggone b. wilayahe c. sapa sing nganggo d. situasine 13. Ragam basa formal lan informal, ragam basa sing dititik saka …. a. panganggone b. wilayahe c. sapa sing nganggo d. situasine 14. Nalika ketemu wong sepisanan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, lagi salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon. Ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah-ungguh klebu ragam basa …. a. basa ngoko lugu b. basa ngoko alus c. basa krama lugu d. basa krama alus87 KirtyaBasaVIII15. Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadhahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama. Ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah-ungguh klebu ragam basa …. a. basa ngoko lugu b. basa ngoko alus c. basa krama lugu d. basa krama alus16. Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut aturan unggah-unggah yaiku …. a. Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu. b. Kula empun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu. c. Kula sampun nedhi yatra, ning dereng disukani kalih ibu. d. Kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu.17. Andik : AssalamualaikumPak Danu : Waalaikumsalam, mangga nak, kene mlebu kene.Andik : Inggih pak, matur nuwun.Pak Danu : Njanur gunung dolan mrene, ana perlu apa kok sajak wigati banget banget.Dewi : Menika lho pak, kula sakanca pengin ngertos usaha krupuk puli kagungan panjenengan.Pak Danu : Apa bae sing pengin dingerteni nak?Andik : Punika lo pak, kanca-kanca pengin ngertos usaha panjenengan.Dewi : .........................................................Pak Danu : Usaha krupuk iki dakjenengake ”Sumber Rejeki””Njanur gunung dolan mrene, ana perlu apa kok sajak wigati banget”.Tembung njanur gunung tegese ....a. godhonge klapab. kadingarenc. blarak enomd. godhong aren18. Teks ing dhuwur nggambarake kegiatan .... a. pacelathon b. dhialog c. wawancara d. omong-omonganKirtyaBasa VIII 8819. Tema sing trep kanggo teks ing dhuwur yaiku .... a. Usaha krupuk puli b. Home indhustri krupuk puli c. Krupuk puli Sumber Rejeki d. Usaha pak Danu 20. Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kajaba .... a. Supaya anggone nindakake wawancara runtut lan genep. b. Supaya ora ana pitakonan kang kliwatan. c. Supaya wawancara ora lumaku suwe. d. Supaya wawancara lumaku lancar lan mawa arah. 21. Ukara kanggo nggenepi teks pacelathon ing dhuwur sing trep yaiku ... a. Apa jenenge usaha sampeyan pak? b. Menapa naminipun usaha panjenengan pak? c. Sinten naminipun usaha panjenengan pak? d. Sapa jenenge usaha panjenengan pak? 22. Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike .... a. basa ngoko lugu b. basa krama lugu c. basa ngoko alus d. basa krama alus 23. Sing klebu tuladhane ukara tanduk yaiku .... a. Krupuk puli iki diprodhuksi wiwit aku isih cilik. b. Pak Tarno nampa pesenan kripik gedhang sawayah-wayah. c. Pesenan dakkirim seminggu sepisan. d. Rempeyek kacang prodhuk sing paling disenengi pelanggan. 24. Bubar lulus SMA? Pengin enggal nyambut gawe? Melu wae kursus! Suwene patang sasi! Dijamin lulus langsung nyambut gawe. Panjenengan rawuh wae menyang lembaga pendhidhikan lan kursus Hangtuah! Nganakake kursus kemaritiman, komputer, montir, baby sitter, basa Inggris, basa Jepang, basa Cina, pertukangan, komputer lan teknisi HP. Perangan ana ing iklan kaya katur ing dhuwur diarani .... a. headline b. subheadline c. tagline89 KirtyaBasaVIIId. productshot25. Iklan kang nduweni titikan / paugeran kaya ing ngisor iki kalebu jinise iklan.... 1) Nduweni tujuan mbentuk kesadharan lan pengetahuan bab prodhuk utawa fitur-fitur saka produk kang wis ana. 2) Njelasna cara kerja prodhuk. 3) Menehi informasi rega lan kemasan prodhuk 4) Ngoreksi prodhuk a. iklan informatif b. iklan persuasif c. iklan reminder d. iklan profokatif26. Iklan kang nduweni tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa, lire ndayani masyarakat minangka pelanggan utawa pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake diarani ..... a. iklan komersial b. iklan layanan masyarakat c. iklan persuasif d. iklan reminder27. Nyambuta gawe ngrekasa yen durung rejekine ya uripe pancet pas-pasan. Tembung: nyambuta gawe ngrekasa ing ukara kasebut tegese .... a. Saupama nyambut gawe ngrekasa b. Sanajan nyambut gawe ngrekasa c. Saupama nyambut gawe ngrekasa d. Prentah supaya nyambut gawe ngrekasa28. Tembung kang dirimbag kanthi panambang /-a/ kang ateges sanajan, saupama, utawa pangarep-arep diarani .... a. tembung sambawa b. tembung hagnya c. tembung saroja d. tembung kriya

KirtyaBasa VIII 90